wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

2023 Latihan USP Bahasa Jawa 1

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Eyang ngunjuk wedang jahe. Adhiku melu-melu...wedang jahe.

Tembung miturut unggah-ungguh basa kang trep yaiku...

a)

ngombe

b)

ngunjuk

c)

nenggak

d)

nyruput

2.

Gunawan nabok nyilih tangan .Tegesi tembung nabok nyilih tangan yaiku....

a)

Nyekel tangane kancane kanggo nabok wong liya

b)

Tumindak ala sarana kongkonan wong liya

c)

Ora bisa nabom dhewe amarga tangane lara

d)

Ngongkon wong liya supaya naboki wong sing digethingi

3.

Ukara sing mathuk kanggo nggambarake wong asor nanging sugih kepinteran yaiku....

a)

Bathok bolu isi madu

b)

Dhemit ora dulit,setan ora doyan

c)

Ngadhang -adhang tetesing embun

d)

Cedhak kebo gopak

4.

Jawah dipunmaweni angin kenceng ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten/kitha ing DIY ngakibataken macem-macem bencana, ing antawisipun yaiku wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing kabupaten Sleman, dina Kemis sonten (5/1/2017).

Saking pawartos punika, saged dipunpendhet dudutan …

a)

Wit ambruk bebayani nalika jawah ugi angin kenceng

b)

Angin keceng saged dadosaken jawah

 

c)

Sleman taksih jawah dipunmaweni angin kenceng

d)

Angin kenceng ugi jawah sampun kedadeyan saking seminggu awit dinten Rebo DIY kathah

5.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

e)

Budal, mlajar

6.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

e)

ngoko kasar

7.

Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?

a)

Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.

b)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun

simbah?

c)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun

simbah?

d)

Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?

e)

Bu, menapa bisa menawi ngenjang kula nyipeng wonten omahe simbah?

8.

Nalika matur ing rapat Rt, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?

a)

Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.

b)

Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!

c)

Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan

pangandikan.

d)

Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.

e)

saya minta bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!

9.

Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!

a)

mundhut

b)

nyuwun

c)

tanglet

d)

njaluk

e)

ngaturaken

10.

Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, aku arep …… wara-wara !.

a)

njaluk, aweh

b)

nyuwun, paring

c)

njaluk, caos

d)

njaluk, paring

e)

nyuwun, aweh