wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Harian Teks Eksposisi Gamelan

Total questions: 20

Worksheet time: 37mins

Name
Class
Date
1.

Tujuwane teks eksposisi yaiku...

a)

kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pengerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara lan proses dumadi sawijining kekadeyan

b)

kanggo nggambarake sawijining prastawa, ilmu kang cetha

c)

kanggo nyritakake kanthi runtut salah sawijining prastawa kang kedaden

d)

kanggo njlentrehake trap-trapane prastawa kanthi 5w 1 H

e)

kanggo nyiarake sawijining prastawa kanthi nggunakake unsur pawarta

2.

Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur) / not balok, ing gamelan jawa ana 2 yaiku...

a)

slendro & pelog

b)

degung & pelog

c)

slendro & pathet

d)

pelog & manyura

e)

gerong & sindhen

3.

Gambar gamelan iki yaiku jinis gamelan awujud...

a)

pencon

b)

wilahan

c)

tebokan

d)

kawatan

e)

pipa

4.

Saron barung, saron penerus, lan demung kalebu gamelan jinis...

a)

tebokan

b)

wilahan

c)

wilahan pencon

d)

kawatan

e)

pipa

5.

Salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya racaké perangkat gong, cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro,) Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 diarani.......

a)

kendhang

b)

kempul

c)

kethuk kempyang

d)

rebab

e)

siter

6.

Gunane gamelan ing gambar iki yaiku.....

a)

kanggo ngiringi gamelan liyane

b)

kanggo nyelani gamelan liyane

c)

kanggo nuntun gendhing gamelan

d)

kanggo kaselarasan kuripan

e)

kanggo ngiseni ing wayah sirep

7.

Miturut wujude ricikan gamelan kagolong dadi maneka warna, gambar ing ngisor iki gamelan kang awujud kawatan yaiku...

a)
b)
c)
d)
e)
8.

Ing sajroning tembang ana tetembungan kang bisa digawe dening pengarang kang cak-cakane jumbuh karo paugerane tembang nggunakake basa kang endah, edi peni lan jumbuh karo swasana tembang. Tetembungan utawa syair kang ana ing sajroning tembang iku diarani...

a)

laras

b)

waranggana

c)

sindhen

d)

cakepan

e)

buka

9.

gambar iki yaiku salah siji jinis gamelan kang awujud pencon, gamelain iki arane yaiku...

a)

a. slenthem

b)

b. kempul

c)

c. gong kemodhong

d)

d. kenong

e)

e. bonang

10.

Ing ngisor iki jinis gamelan kang awujud kawatan yaiku...

a)

rebab, siter, kecapi

b)

bonang, kenong, kethuk kempyang

c)

demung, saron barung, saron penerus

d)

kempul, gong

e)

bedhug, terbang

11.

Wacana kang njkentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos diarani...

a)

a. deskripsi

b)

b. argumentasi

c)

c. narasi

d)

d. eksposisi

e)

e. persuasi

12.

Gamelan iku diarani........ anggone nabuh kanthi......

a)

terbang, disebul

b)

suling, ditebok

c)

slenthem, disebul

d)

suling, disebul

e)

rebab, digesek

13.

Titi laras gamelan pelog beda karo slendro, ing ngisor iki titi laras gamelan slendro kang trep yaiku...

a)

1, 2, 3, 4, 5

b)

1, 2, 4, 6, 7

c)

1, 2, 3, 5, 6

d)

1, 2, 3, 5, 6, 7

e)

1, 2, 3, 4, 5, 6, 7

14.

Basa kang trep digunakake ing wacana eksposisi becike kudu.....

a)

subjektif lan emosional

b)

dawa ngayawara supaya akeh tulisane

c)

objektif, uga runtut

d)

bebas tanpa ana paugeran

e)

kudu ngunakake basa kang rinengga lan angel dingerteni

15.

Gambar iki ing karawitan diarani....

a)

gerong

b)

wiraswara

c)

swarawati

d)

koor

e)

pengrawit

16.

Teks deskripsi iki njlentrehake bab....

a)

sujarahe gamelan Jawa

b)

ricikan gamelan jangkep

c)

werna-werni piranti gamelan kang nuwuhake rasa endah

d)

carane nabuh gamelan

e)

Jinis laras gamelan lan peprincene

17.

Piranti gamelan kang wujude pencon ana barung uga penerus lan carane nabuh digembayang lan dipipil yaiku....

a)

bonang

b)

rebab

c)

kendhang

d)

siter

e)

bedhug

18.

Tembang kang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan diarani...

a)

bawa

b)

gerong

c)

senggakan

d)

sindhenan

e)

suluk

19.

Paragane karawitan iku ana akeh banget awit karawitan iku seni musik kang dilakokake dening kolektif utawa kelompok, pawongan kang nabuh gamelan diarani...

a)

niyaga

b)

sindhen

c)

wiraswara

d)

gerong

e)

swarawati

20.

Gamelan uga ana ing dhaerah-dhaerah sak liyane ing tanah Jawa, gambar iki yaiku jinis gamelan kang ngrembaka lan ana ing tlatah...

a)

degung

b)

sundha

c)

talempong

d)

bali

e)

reyog