Font size
WorksheetsUji Kompetensi Teks Eksposisi
Total questions: 15
Worksheet time: 28mins
Teks kang jlentrehake utawa medharake sawijining bab satemah bisa njembarake pangertene /seserapane pamaca diarani ... .
Teks Eksposisi
Teks Disposisi
Teks Disertasi
Teks Argumentasi
Teks Narasi
Tandha-tandhane teks eksposisi kaya ing ngisor iki ...
Mbudidaya kanggo njlentrehake sawijining bab.
Gaya tulisan asipat deskriptif.
Mbudidaya kanggo njlentrehake bab-bab kang akeh.
Fakta sing dienggo minangka alat komunikatif.
Gaya tulisan asipat komunikatif lan ora gampang ditampa
Jinise Eksposisi ing ngisor iki satitekna!
a) Eksposisi Definisi
b) Eksposisi Proses
c) Eksposisi proposal
d) Eksposisi Klasifikasi
e) Eksposisi Ilustrasi (Contoh)
f) Eksposisi Gambar
g) Eksposisi Perbandingan & Pertentangan
h) Eksposisi Laporan.
Kang klebu jinise wacana eksposisi manggon ana ing aksara ... .
a,b,c,d,e,
b,c,d,e,f
c,d,e,f,g
d,e,f,g,h
a,b,d,e,h
Teks Eksposisi minangka sawijining teks kang mbutuhake kasunyatan, dene kasunyatan ana ing teks eksposisi bisa diandharake lumantar...
Angka
Tulisan
Peta
Data
Laporan
Sawijining bab kang dadi pathok'ane wacana eksposisi kanggo panulise yaiku kudu...
Waspada ing sasmita
Mulat sarira hanggrasa wani
Ngandharake prastawa kanthi legowo
Kudu naratif
Ngandharake prastawa kanthi cetha lan konkret
Teks eksposisi sing njlentrehake sawijining kedadean kanthi runtut yaiku teks eksposisi . . . .
Proses
Analisis
Ilustrasi
Tuladha
Sebab-akibat
Wacanen kanthi pratitis!
Kabudayan Jawa ngandhut maneka werna kabecikan kanggo urip bebrayan. Wis dadi kewajibane wong Jawa kanggo nguri-uri budaya Jawa supaya tetep bisa lestari. Anak putune dhewe ing jaman katemben kudu bisa ngenali kabudayan Jawa sing adiluhung.Kewajibane wong Jawa tumrap budaya Jawa yaiku . . .
Nguri-uri budaya Jawa
Digatekake nalika nonton
Sinau kanggo pengalamane dhewe
Dirungokake kanthi tenanan
Ditanggap nalika duwe hajatan
Wacanen kanthi pratitis!
Budaya Jawa iku pranataning wong uripe wong Jawa nuju kasampurnaning jaman. Pranatan iki tegese pangerten lan cara. Pangerten bab urip nuduhake sapa sejatine manungsa iku, jejer lan kewajibane. Kabudayan Jawa iku nuduhake kabeh ana ing urip iku kudu selaras, padha akur, intine kabeh kudu cocog. Kabudayan Jawa iku nuduhake menawa marang sapadha-padha iku kudu . . . .
Ngajeni
waspada
eling
gugur gunung
Sapa aruh
Gatekna katrangan-katrangan ing ngisor iki!
1) Ngumpulake data seka maneka sumber
2) Nyusun cengkorongan sing cocog karo underan sing dipilih
3) Nemtokake tema
4) Nemtokake tujuan
5) Ngrembakakake cengkorongan dadi paragraf eksposisi.
Urutan nalika nulis wacan eksposisi yaiku . . .
3), 4), 1), 2), 5)
1), 4), 3), 2), 5)
2), 4), 1), 3), 5)
1), 3), 2), 5), 4)
5), 2), 1), 4), 3)
Sawijining wacan eksposisi kudu dhuweni watak kasunyatan. Wacan eksposisi iku biasa digunakake ing teks . . . .
Novel
Pawarta
Cerkak
Wara-wara
Dongeng
GamelanGamelan iki kagunan musik tetabuhan tradisional asli sak Indonesia mligi ing pulo Jawa Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa ya iku "gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat piranti musik kang dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-puloing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, eropa lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya kang mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.Gamelan duwé melodhi kang magis utawa nduwé daya supranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasi saka cahya rembulan lan iliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu. Gamelan kalebu pérangan ing kabudayan Jawa Ing Jawa gamelan lumrahé kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, jogèd, uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan ana loro ya iku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan duwé instrumén kanggo laras pélog lan sléndra.
Saka wacan kasebut andharna wenehana panyaruwe gegayutan karo struktur wacan eksposisi, migunakake tata basa kang trep!
(a)
Kepriye pamawasmu ngengingi kahanan kabudayan tradisional utamane bab "Gamelan" kang saya ditinggal dening para kaneman, kang padha seneng marang kabudayan modern. Andharna wangsulanmu kanthi tata basa kan pener!
(a)
Para kaneman kudu bisa dadi "pelopor" kanggo ngrembakake lan nguri-uri babagan kabudayan tradisioanal, andharna panemumu bab apa wae kang bisa ditindhakake dening para siswa utawa kaneman kanggo nguri-uri kabudayan tradisional mligine kabudayan Jawa.
(a)
Sebutna struktur kang kudu ana ing sawijining wacan Eksposisi!
(a)
Gawea tuladha wacan Eksposisi ngenani piranti "Gamelan" migunakake tata basa kang trep!
(a)
