NEW
Font size
WorksheetsULANGAN TENGAH SEMETER 7C
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang. Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging donya didadekake icon wisata dening pamarentah Propinsi Jawa Timur
Ing ndhuwur iku klebu unsur teks....
Idhentifikasi
Klasifikasi
Dheskripsi bageyan
Dheskripsi
Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo Tengger Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan saka Penanjakan. Ing Penanjakan para wisatawan bisa ndeleng sunrise utawa prastawa mletheke srengenge sing sesawangane endah lan nengsemake. Sabanjure bisa nerusake laku menyang kawahe gunung, bisa mlaku bisa uga nyewa jaran utawa jeep supaya ora kesel. Nalika ngliwati segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan ibadahe suku Tengger sing nggilut agama Hindu. Bangunan kasebut diarani Pura Luhur Poten.
Klebu unsur teks...
Idhentifikasi
Klasifikasi
Dheskripsi bageyan
Dhiskripsi
Gunung Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane sunrise sing saben-saben dienteni dening para wisatawan.
Klebu unsur....
Idhentifikasi
Klasifikasi
Dheskripsi bageyan
Dhiskripsi
Tembung kang durung owah saka asale disebut....
Tembung aran
Tembung Lingga
Tembung wilangan
Tembung andhahan
Tembung apa kang mratelakake barang utawa apa wae sing dianggep barang.
Tembung Kriya
Tembung Katrangan
Tembung Aran
Tembung Sesulih
_ manungsa (pulisi, tentara, sopir),
– kewan (kucing, jaran, pitik),
– wit-witan/woh-wohan (jambu, jati, jeruk, kacang),
– sepatu, lemari, sapu, keset, meja, kursi.
tembung tembung ing ndhuwur klebu tembung....
Tembung Kriya tanduk
Tembung Kriya Tanggab
Tembung Aran Konkrit
Tembung Aran Abstrak
kapinteran, kabudayan, katresnan, kasusilan, ngelmu, tembung, bab, swasana . Klebu tembung....
Tembung Kriya tanduk
Tembung Kriya tanggab
Tembung Aran Konkrit
Tembung Aran Abstrak
Bocah-bocah padha mlaku bebarengan.
Tembung "bebarengan" klebu tembung...
Tembung Kahanan
Tembung Katrangan
Tembung Wilangan
Tembung Panguwuh
Kowe mengko mangan neng kene wae, ora usah mulih!
Klebu basa,,,
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lugu
Ngoko alus
Pakdhemu sesuk apa sida tindak, yen sida caosana dhuwit!
Klebu basa...
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lugu
Ngoko alus
Rayi sampeyan punapa tamtu kesah, menawi tamtu sampeyan sukani arta!
Klebu basa,,,,,
Krama lugu
Ngoko lugu
Krama alus
Ngoko alus
Panjenengan mangke dhahar wonten ngriki kemawon, boten sisah kondur!
Klebu basa
Ngoko lugu
NGoko alus
Krama lugu
Krama alus
Sawise namatake sekolah dhasar ing ELS (sekolah dhasar jamane Walanda), banjur nerusake menyang STOVIA (sekolah dhokter Bumiputera), nanging amarga gerah panjenengane ora bisa namatake sekolahe. Sawise ngancik diwasa banjur nyambut gawe dadi wartawan ing pirang-pirangane surat kabar, kayata: Sedyotomo, Midden Java, De Express, Kaoem Moeda, lan sapanunggalane.
Klebu unsur teks...
Orientasi
Prastawa
Resolusi
Klasifikasi
Kapribaden lan lelabuhane ing donyane pendhidhikan gedhe banget. Dhek tanggal 3 Juli 1922 ngedegake Perguruan Nasional Taman Siswa. Ya krana gedhene lelabuhane ing donyane pendhidhikan Ki Hajar Dewantara diangkat dadi Menteri Pendidikan
Klebu unsur....
Orientasi
Prastawa
Reorientasi
Klasifikasi
Panjenengane tedhak turune keluwarga kraton yaiku putra saka GPH Soeryaningrat lan wayahe (putune) Pakualam III. Nalika umur 40 taun banjur ganti asma Ki Hajar Dewantara kanthi tujuwan supaya bisa nyawiji marang masyarakat.
Wacan ing ndhuwur iku klebu unsur...
Orientasi
Prastawa
Reorientasi
Klasifikasi
Tembung "jaran goyang" klebu tembung andhahan srana...
Oleh Wuwuhan
Karangkep
Kacambor
Kawancah
Mbak Rahma mau isuk lelungan karo simbahe..
Lelungan klebu tembung ...
Dwilingga wantah
Dwilingga salin swara
Dwipurwa
Dwiwasana
Tembung kang nduweni swara /a/ jejeg yaiku
Samak. macak. manak. sawah
Lunga,teka, mara, macak
Lunga teka mara manak
Lunga teka mara maca
Tembung kang aswara /a/ miring ana ing ukara
Parti mangan iwak kali
Lunga teka mara rana
Kancil mangan sega
Angon sapi ing kana
Tembung aswara /u/ miring ana ing ukara
Ibu tuku sapu
Rahma turu ana tugu
Sikil abuh kena belung
Gula putih ana semute
