wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa wul 3 Kahanan Alam

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Kahanan alam kaya gambar iki kedadeyan ing mangsa ...

a)

ketiga

b)

rendheng

c)

salju

2.

Kahanan alam kaya ing gambar kedadeyan ana ing mangsa ....

a)

ketiga

b)

rendheng

c)

thukul

3.

Mangsa sing akeh udan lan hawane adhem biasane ana ing mangsa ...

a)

ketiga

b)

rendheng

c)

salju

4.

Apa sing nyebabake kahanan kaya gambar iki?

a)

manungsa buwang uwuh sembarangan

b)

nggiyatna nandur tetuwuhan

c)

ajeg ngresiki kalen

5.

Nagara Indonesia sajroning setaun duwe rong mangsa, yaiku ...

a)

mangsa rendheng lan mangsa thukul

b)

mangsa ketiga lan mangsa salju

c)

mangsa rendheng lan mangsa ketiga

6.

Mangsa rendheng iku antarane wulan ...

a)

April nganti wulan September

b)

Januari nganti Desember

c)

Oktober nganti wulan Maret

7.

Biasane kedadeyan mangsa ing antarane wulan April lan wulan oktober yaiku ...

a)

mangsa rendheng

b)

mangsa ketiga

c)

mangsa adhem

8.

Negara Indonesia duwe rong mangsa. Tembung mangsa tegese ...

a)

wektu ora udan

b)

wektu ngarepake mangsa ketiga

c)

wektu molah malihing hawa

9.

Dhaerah pegunungan ing mangsa rendheng hawane adhem njekut. Adhem njekut tegese ...

a)

adhem banget

b)

panas banget

c)

angin lesus gedhe

10.

ing mangsa ketiga godhong wit jati padha grogrog. Mangsa ketiga tegese ...

a)

wektu ngarepake mangsa rendheng

b)

wektu ngarepake mangsa ketiga

c)

wektu ora ana udan

11.

Mangsa labuh para petani miwiti nggarap sawah . Mangsa labuh tegese ...

a)

wektu akeh udan

b)

wektu ngarepake mangsa rendheng

c)

wektu ngarepake mangsa ketiga

12.

Wayah awan ing mangsa ketiga, hawane panas sumelet. Panas semelet tegese ....

a)

panas banget

b)

adhem banget

c)

angine sumilir

13.

Ngarepake mareng hawane wis krasa panas. Tembung mareng tegese ....

a)

wektu mangsa ketiga ora ana udan

b)

wektu ngarepake mangsa ketiga

c)

wektu ngarepake mangs rendheng

14.

Wiwit esuk mendhunge nggameng, gludhuge pating gleger. Mendhunge nggameng tegese ....

a)

mendhunge putih sathitik langite padhang

b)

mendhunge peteng pratandha arep udan

c)

mendhune mlayu kagawa angin

15.

Udan deres tanggul jebol, bisa nekakake banjir bandhang . Tembung banjir bandhang tegese ...

a)

lesus angin gedhe sing muter-muter

b)

wektu molah malihing hawa

c)

banjir gedhe banget

16.

Pirang-pirang omah rusak, diterjang puting beliung. Puting beliung tegese ...

a)

lesus, angin gedhe sing muter-muter

b)

banjir gedhe banget

c)

udan ora deres terus-terusan

17.

Desa Sukomulyo katerjang banjir bandhang, akeh omah sing rusak lan ilang kintir karo banyu udan.

Kahanan iki kelebu kedadeyan ...

a)

gawenan manungsa

b)

bencana alam

c)

titikane wisata bahari

18.

Apa sing perlu ditindakake ngadhepi mangsa redheng ?

a)

buwang uwuh sakarepe dewe

b)

ajeg ngresiki kalen lan buwang uwuh ing panggonane

c)

nebangi tetuwuhan sakarepe dewe

19.

Kahanan alam endi kang kasebut puting beliung ?

a)
b)
c)
20.

Gambar endi kang kelebu bencana alam lemah longsor ?

a)
b)
c)