wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA KELAS 9

Total questions: 20

Worksheet time: 5hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Crita Ramayana kuwi crita saka India kang digubah dening....

a)

Mpu Tantular

b)

Mpu Prapanca

c)

Mpu Walmiki

d)

Mpu Gandring

2.

Adhedhasar crita Anoman Duta kuwi nyritakake Anoman nalika dadi utusane Prabu Rama nggoleki Dewi Sinta ing negara....

a)

Pancawati

b)

Alengka

c)

Pancala

d)

Ngastina

3.

Tumekeng Alengka, Anoman banjur gumantung ing sawijining wit nagasari ing Taman Soka. Saka petilan crita kuwi tembung sing kalebu tembung garba yaiku....

a)

Nagasari

b)

Gumantung

c)

Sawijining

d)

Tumekeng

4.

Prabu Rama utusan marang Anoman kanggo nggoleki Dewi Sinta. Anggada putrane Resi Subali teka lan nyanggupi ngemban tugase Anoman dadi dutane. Prabu Rama kawur penggalihe, amarga Anoman lan Anggada duweni kekuwatan kang padha.


Saka pethilan crita kuwi apa piutur sing bisa kita jupuk?

a)

Aja seneng ngrebut apa kang wis didhawuhake marang wong liya, kang ndadekake bingung sing ndhawuhi.

b)

Aja seneng ngrebut apa kang wis didhawuhake marang wong liya, kang ndadekake bingung sing didhawuhi.

c)

Aja seneng ngrebut apa kang wis didhawuhi marang wong liya, kang ndadekake bingung sing arep nindakake.

d)

Aja seneng ngrebut apa kang wis didhawuhi marang wong liya, kang ndadekake bingung sing arep nindakake.

5.

Tembung "malbweng" kuwi kalebu ing tembung garba sutrawam. Tembung kuwi asale saka....

a)

Melbu + ing

b)

Malebu + ing

c)

Melbu + eng

d)

Malebu + eng

6.

Apa tegese wulangreh kuwi ?

a)

Sampurnaning urip

b)

Laku kanggo nggayuh tuntunan

c)

Piwulang/ajaran kanggo nggayuh sampurnaning urip.

d)

Laku sing isine piwulang kanggo sinau.

7.

Ing ngisor iki kang ora kalebu ing pathokan tembang yaiku....

a)

Guru gatra

b)

Guru wilangan

c)

Guru sastra

d)

Guru lagu

8.

Kadhayohan utawi katamon menika perkawis limrah wonten salebetipun pasrawungan. Minangka tiyang Jawi ingkang nengenaken tata krama, prayoginipun nalika kadhayohan kados makaken niki. Kajaba......

a)

Mertamu nalika wancinipun ngaso ingkang kagungan dalem.

b)

Tinampi kanthi ulat ingkang ngremenaken.

c)

Nyumanggakaken tamu kanthi sumeh lan grapyak.

d)

Mangsuli salam kanti eklas

9.

Pamedhare wasitaning ati

cumanthaka aniru pujangga

dahat mudha ing batine

nanging kedah ginunggung

tan wruh lamun akeh ngesemi

ameksa angrumpaka

basa kang kalantur

tutur kang katula-tula

tinalaten rinuruh kalawan ririh

mrih padhanging sasmita


Adhedhasar tembang ing dhuwur, guru lagu lan guru wilangan gatra kaping lima yaiku.....

a)

9e

b)

10e

c)

10i

d)

9i

10.

Saka tembang ing dhuwur pitutur sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku....

a)

Wewarah kanggo wong urip supaya ora dadi wong sing ala amarga omongane ora becik.

b)

Wewarah kanggo wong urip supaya yen ngomong kuwi kudu duweni aturan sing kaya adate

c)

Wewarah kanggo wong urip supaya niru para pujangga sing becik saengga ora kebanjur marang tindak-tanduk sing becik.

d)

Wewarah kanggo wong urip supayane alon lan sabar nalika niru para pujangga saengga bisa menehi pitutur marang wong liya.

11.

Anoman kudu buktikake manawa bisa mungkasi titahe Prabu Rama sedina muput. Saka pethilan crita wayang kasebut apa pitutur luhur sing bisa dijupuk ?

4 lines
12.

Crita Ramayana kuwi kaperang dadi 7 kitab/7 kandha. Coba sebutake 7 kandha kuwi!

4 lines
13.

Apa tegese tembung ing ngisor iki:

a. Kapireng

b. Kuwur

c. Pasulayan

4 lines
14.

Apa sing diarani tembung garba kuwi ? Jlrentrehake!

4 lines
15.

Coba goleki asale tembung garba ing ngisor iki:

a. Aneng

b. Prapteng

c. Narpati

4 lines
16.

Coba sebut lan jlrentrehake paugeran/pathokan tembang macapat!

4 lines
17.

Sasmitaning ngaurip puniki

mapan ewuh yen nora weruha

tan jumeneng ing uripe

akeh kang ngaku-aku

pangrasane sampun udani

tur durung wruh ing rasa

rasa kang satuhu

rasaning rasa punika

upayanen darapon sampurna ugi

ing kauripanira


Adhedhasar tembang Dhandhanggula ing dhuwur coba goleki guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune kanthi trep!

4 lines
18.

Saka tembang Dhandhanggula ing dhuwuh pitutur luhur apa sing bisa dijupuk ?

4 lines
19.

Apa tegese tembung ing ngisor iki adhedhasar tembang Dhandhanggula ing dhuwur!

a. Wasitaning

b. Datan

c. Ameksa

4 lines
20.

Coba jlentrehake kepiye pragoyane nalika merdhayoh/mertamu ing daleme wong liya!

4 lines