wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

quiz parikan (pantun jawa)

Total questions: 10

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

1. Nandur pari ing ngara-ara

Aja nganti dipangan ama

Sapa wani marang wong tuwa

Uripe bisa sengsara.


Rumpakan ing dhuwur diarani… .

a)

A. tembang macapat

b)

B. tembang dolanan

c)

C. cangkriman

d)

D. parikan

2.

2. Ana kucing neng dhuwur bata

Klambi kuning jenenge sapa, Parikan iki isine….

a)

A. larangan

b)

B.sindhiran

c)

C. pitakonan

d)

D. ngajak dolan

3.

3. Parikan iki endi kang isine sindhiran?

a)

A. Timun sigarane ayo mbangun negarane.

b)

B. Anak dara jare piyik, seneng nangga ora becik.

c)

C. Manuk tuhu mencok pager, yen sinau mesthi pinter.

d)

D. Iwak sepat dimasak santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.

4.

4. Ngasah arit kudu landhep

…...............................

Supaya dadi parikan kang trep larik kepindho becike yaiku….

a)

A. dadi murid nganti tuwa

b)

B. dadi murid kudu pinter

c)

C. dadi murid kudu sregep

d)

D. dadi murid kudu bekti

5.

5. ……...........................................

Ayo padha gotong royong.

Larik purwaka kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku….

a)

A. Menyang kutha numpak andhong

b)

B. Menyang kutha tuku klambi

c)

C. Menyang kutha karo kanca

d)

D. Menyang kutha tuku bakal

6.

6. jangan kacang winor kara,

kaduk uyah kurang gula,

Piwelingku mring pra siswa,

…….....................................

Larik kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku….

a)

A. aja wedi ing rekasa.

b)

B. aja wedi ing bebendu.

c)

C. aja wedi ing kuwajiban

d)

D. aja wedi ing tanggunggjawab

7.

7. Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.

dadi murid aja seneng keceh dhuwit.

Parikan ing dhuwur isine ngandharake bab….

a)

A. pitutur

b)

B. panglipur

c)

C. pepenget

d)

D. pengeling-eling

8.

8. Parikan ing ngisor iki endi kang isine pitutur?

a)

A. Good morning selamat pagi, klambi kuning jenenge tati

b)

B. Wajik klethik gula jawa luwih becik sing prasaja

c)

C. Abang-abang ora legi tiwas dagang ora bathi

d)

D. Brambang diirie-iris mata abang arep nangis

9.

9. ……...............................

Seneng nangga ora becik

Supaya bisa dadi parikan kang becik, purwakane yaiku… .

a)

A. Anak pitik jenenge kuthuk

b)

B. Anak dara jenenge piyik

c)

C. Kreneng nggo wadhah tela

d)

D. Kreneng nggo wadhah jambu

10.

10.Kecik-kecik ditumpakna sepur

Sawo kecik ya dironce-ronce

Sapa pengin urip subur makmur

Becike sregep nyambut gawe

1. parikan kasebut isine yaiku… .

a)

A. Isine pamenging

b)

B. panglipur

c)

C. pitutur

d)

D. pangece