wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa X Genap20

Total questions: 35

Worksheet time: 1hrs 2mins

Name
Class
Date
1.

Karo bapak ibuke, Irma migunakake basa...

A. Ngoko lugu lan ngoko alus

B. Krama lugu lan krama alus

C. Ngoko lugu lan krama alus

D. Ngoko alus lan krama alus

E. Ngoko lugu lan krama lugu

a)

Ngoko lugu lan ngoko alus

b)

Krama lugu lan krama alus

c)

Ngoko lugu lan krama alus

d)

Ngoko alus lan krama alus

e)

ngoko lugu lan krama lugu

2.

Bermain peran iku tan beda klawan nindakake kegiyatan....

a)

Drama

b)

Pidhato

c)

Ngarang

d)

Nembang

e)

Dakwah

3.

Paraga drama sing guneman ijen ing panggung ingaranan....

a)

Prolog

b)

Epilog

c)

Monolog

d)

Dhialog

e)

Katalog

4.

Tuladha basa ngoko alus...

A. Ibu arep lunga menyang Surabaya

B. Ibu badhe kesah dhateng Jakarta

C. Ibu arep tindak menyang Malang

D. Ibu badhe tindak dhateng Jember

E. Ibu badhe kesah menyang Solo

a)

Ibu arep lunga menyang Surabaya

b)

Ibu badhe kesah dhateng Jakarta

c)

Ibu arep tindak menyang Malang

d)

Ibu badhe tindak dhateng Jember

e)

Ibu badhe kesah menyang Solo

5.

Adhik ngombe es teh lan ibu ngombe beras kencur.

Yen didadekake basa krama alus....

a)

Adhik nginum es teh lan ibu nginum beras kencur

b)

Adhik nginum es teh lan ibu ngunjuk beras kencur

c)

Adhik ngunjuk es teh lan ibu nginum beras kencur

d)

Adhik ngunjuk es teh lan ibu ngunjuk beras kencur

e)

Adhik ngombe es teh lan ibu nginum beras kencur

6.

Basa sing ora trep klawan unggah-ungguhe...

A. Ibu nedha kula adus

B. Ibu dhahar kula adus

C. Ibu siram, aku adus

D. Ibu dhahar kula siram

E. Ibu siram, kula nedha

a)

Ibu nedha kula adus

b)

Ibu dhahar kula adus

c)

Ibu siram, aku adus

d)

ibu dhahar, kula siram

e)

Ibu siram, kula nedha

7.

Basa sing trep klawan ungguh-ungguhe yaiku....

A. Kula ditimbali ibu, lajeng kula nimbali bapak

B. Kula diaturi ibu, lajeng kula nimbali bapak

C. Kula diaturi ibu, lajeng kula ngaturi bapak

D. Kula ditimbali ibu, lajeng kula ngaturi bapak

E. Kula diceluk ibu, lajeng kula nimbali bapak

a)

Kula ditimbali ibu, lajeng kula nimbali bapak

b)

Kula diaturi ibu, lajeng kula nimbali bapak

c)

Kula diaturi ibu, lajeng kula ngaturi bapak

d)

Kula ditimbali ibu, lajeng kula ngaturi bapak

e)

Kula diceluk ibu, lajeng kula nimbali bapak

8.

Bocah kang ngunandika, nggrundel, grenengan ijen alon-alon, lumrahe migunakake basa...

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

e)

Ora mesthi basane

9.

Tuladha basa krama inggil (alus) sing trep klawan unggah-ungguhe...

a)

Kula dereng dhahar siyang

b)

Adhik sampun tindak Malang

c)

Bapak nembe kemawon tindak

d)

Tono kaliyan Tini mundhut es teh

e)

Ibu tuku gula lan kopi ing pasar

10.

Kula dipun... ibu, ibu lajeng... bapak.

Tembung-tembung kang trep kanggo nyampurnakake ukara kasebut...

a)

Aturi, ngaturi

b)

Aturi, nimbali

c)

Celuk, nimbali

d)

Timbali, nimbali

e)

Timbali, ngaturi

11.

Dipun sekecakaken anggenipun ..., kula mangke kemawon...,

Yen disampurnakake dadi...

a)

Sare, sarenipun

b)

Sare, tilemipun

c)

Tilem, sarenipun

d)

Turu, tilemipun

e)

Turu, turunipun

12.

Tuladha basa krama lugu sing bener...

a)

Lik, sampeyan mengko sida mrene ta?

b)

Nduk, ibu pundhutna gula rong kilo!

c)

Pun wangsul riyin, kula taksih dhahar

d)

Saben diutus sinau mesthi alasan

e)

Kula boten angsal tumut pakdhe

13.

“Saiki bapak durung mulih.”

Yen didadekake basa krama lugu...

a)

Sakmenika bapak dereng wangsul

b)

Sapunika bapak dereng kondur

c)

Saiki bapak durung mulih

d)

Saiki bapak durung kondur

e)

Saiki bapak dereng wangsul

14.

Ing basa krama lugu (madya) iku, tembung kowe owah dadi....

a)

Tetep kowe

b)

Sampeyan

c)

koen

d)

Panjenengan

e)

Panjenengane

15.

Aksara nga dilelet iku minangka gantine aksara...

a)

La diwulu

b)

La disuku

c)

La dipepet

d)

La ditaling

e)

La ditaling tarung

16.

Pasangan akaara Jawa sing manggone ing sisihe yaiku...

a)

ha, sa, pa

b)

ka, ta, la

c)

ra, ga, nga, ya

d)

ba, ca, nya

e)

na, dha, da, wa

17.

Pasangan aksara Jawa sing beda banget karo aksara legenane yaiku...

a)

ha, sa, pa

b)

ka, ta, la

c)

ra, ga, nga, ya

d)

ba, ca,

e)

na. dha, da, wa

18.

Sandhangan cakra keret iku minangka gantine sandhangan...

a)

Cakra suku

b)

Cakra wulu

c)

Cakra taling

d)

Cakra pepet

e)

Cakra taling tarung

19.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
20.

Tembung kasebut nduweni pasangan

a)

da

b)

wa

c)

ma

d)

ca

21.

Yuk diwaos!

a)

Kelas kula pinter-pinter.

b)

Kelas kula pinter.

c)

Kelasku pinter-pinter.

d)

Kelasku pinter.

e)

Kelasku pancen pinter-pinter.

22.

Byar-byur aduse, yen ditulis nganggo aksara Jawa nggunakake sandhangan

a)

Cakra, layar, suku, taling

b)

Pengkal, pangkon, suku, lan pepet

c)

Wignyan, layar, suku, pepet

d)

Pengkal, layar, suku, lan taling

23.

Kyai Dahlan


Menawi dipunserat aksara Jawi dados

a)

ꦑꦾꦪꦶꦢꦃꦭꦟ꧀

b)

ꦏꦾꦲꦶꦢꦃꦭꦤ꧀

c)

ꦏꦾꦲꦶꦢꦺꦴꦭꦤ꧀

d)

ꦑꦾꦪꦶꦢꦃꦭꦤ꧀

e)

ꦑꦾꦲꦶꦢꦃꦭꦟ꧀

24.

Tembung iki yen ditulis mawa aksara Jawa mbutuhake sandhangan cakra...

a)

Oleh ragad

b)

Pun resik

c)

Rame-rame

d)

Warna-warni

e)

Prau layar

25.

Tembung ambyur, yen ditulis aksara Jawa mbutuhake pasangan...

a)

ma

b)

ba

c)

ya

d)

ma-ba

e)

ba-ya

26.

Babone crita wayang iku saka buku …

a)

Baratayudha lan Mahabarata

b)

Ramawijaya lan Mahabarata

c)

Ramayana lan Mahabarata

d)

Baratayudha lan Ramayana

e)

Ramawijaya dan Baratayudha

27.

Buku Ramayana iku nyritakakae babagan perange … mungsuh …

a)

Ramayana lan Dasamuka

b)

Kurawa lan Pandhawa

c)

Raden Tetuka lan Prabu Kala Pracona

d)

Anoman lan Bathara Narada

e)

Jatayu lan Dasamuka

28.

Wayang kang paragane diperanake dening pawongan diarani wayang ….

a)

wayang kulit

b)

wayang wong

c)

wayang purwa

d)

wayang topeng

e)

wayang golek

29.

Basa rinengga yaiku....

a)

Basa sing dipaesi utawa basa kang endah

b)

Basa Jawa kang alus banget

c)

Basa kang angel dingerteni

d)

Basa Jawa kulonan

e)

Basa Jawa kang nduweni teges akeh

30.

Ayu lan baguse pawongan ora dideleng saka rupane, nanging tyas kang suci.

Tyas kalebu tembung kawi, kang tegese....

a)

Jiwa

b)

Kabecikan

c)

Bandhane

d)

Kapinterane

e)

Ati

31.

Ancik-ancik pucuking eri

Unen-unen kasebut kalebu....

a)

Pepindhan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Paribasan

e)

Saloka

32.

Tangane Ratih aluse kaya sutra.

Ukara ing ndhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Pepindhan

c)

Entar

d)

Saroja

e)

Wangsalan

33.

Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................


Ukara inti paragrap ing dhuwur kang bener yaiku ............

a)

ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen

b)

oksigen bisa nyehatake paru-paru

c)

tanduran kang mridhuksi oksigen

d)

panguripane ing ngendi wae mesthi mbutuhake oksigen

34.

Artikel bisa diartekake tulisan kang isine...

a)

panemu, ide utawa fakta

b)

imajinasi lan fantasi

c)

kreatifitas siswa

d)

daya khayalan

e)

lelucon kang nglipur

35.

Prabu Dasamuka lelana napak ing dirgantara.

Tembung Dirgantara ateges...

a)

lemah

b)

gunung

c)

langit

d)

segara

e)

srengenge