Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa kelas 4

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Bapakku

Luh tumetes iki kairing donga

Kagem Panjenengan

Muga kang akarya jagad

Paring papan kinurmat

Ing sangarepe pasarean

Prasetyaku dak tetepi janjiku

Mecaki dalan sing durung tutug

Panjenengan pecaki

Geguritan ing nduwur iku irah-irahane yaiku . . . .

a)

Pamitku

b)

Bapakku

c)

Luh tumetes

d)

Panjenengan

2.

Prasetyaku tegese . . . .

a)

rukun

b)

daktetepi

c)

sumpahku

d)

donga

3.

Geguritan yaiku . . . .

a)

puisi basa jawa kuna kang ora kaiket kanthi paugeran sing gumathok

b)

puisi basa jawa modern kang ora kaiket kanthi paugeran sing gumathok

c)

puisi basa jawa kuna kang kaiket kanthi paugeran sing gumathok

d)

puisi basa jawa modern kang kaiket kanthi paugeran sing gumathok

4.

Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dumadi saka . . . .

a)

alus lan nrenyuhake

b)

endah lan aji

c)

kasar lan mangkelake

d)

suci lan nyenengake

5.

Saben sapada geguritan dumadi saka siji . . . .

a)

tema

b)

gagasan

c)

gagasan tambahan

d)

gagasan pokok

6.

Pacelathon tegese . . . .

a)

beda karo percakapan utawa dialog ing Bahasa Indonesia

b)

ing Bahasa Indonesia diarani drama utawa teater

c)

pangudarasane pawongan ngenani sawenehe bab

d)

rembukane wong loro utawa luwih ngeneni sawenehe bab

7.

Miturut unggah ungguh basa Jawa kaperang dadi loro yaiku . . . .

a)

ngoko lugu lan ngoko alus

b)

karma lugu lan karma alus

c)

basa ngoko lan basa karma

d)

kromo lugu lan karma inggil

8.

Pacelathon bocah marang wong tuwo nggunakake basa . . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

karma alus

9.

Bu Dewi : Surti, kowe arep menyang ndi ?

Surti : . . .

Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing nduwur yaiku . . .

a)

Nyang omahe budhe

b)

Dhateng dalemipun budhe

c)

Nyang griyane budhe

d)

Tindak griyane budhe

10.

Salah sawijining titikan teks pacelathon yaiku . . . .

a)

katulis kanthi wujud dhialog

b)

mung nggunakake ukara crita

c)

diparagani pawongan siji

d)

nggunakake ukara sing ngambrawara

11.

Underane crita uga diarani . . . .

a)

judul

b)

tema

c)

dhialog

d)

pocapan

12.

Nalika nindakake ayahan crita ing ngarep kelas, bocah-bocah kudu . . . .

a)

sopan lan nganggo basa

b)

nganggo basa krama

c)

nganggo tembung basa

d)

nggunakake tembung kang gampang dimengerteni

13.

Crita rakyat iku lumrahe wujud crita . . . .

a)

legenda

b)

fabel

c)

dongeng

d)

diskripsi

14.

Crita rakyat iku diwarisake marang anak putu secara . . . .

a)

bebarengan

b)

tinulis

c)

turun temurun

d)

terusan

15.

Dumadine Kutha Surabaya bisa ingaranan dongeng kang awujud . . . .

a)

cerita fabel

b)

cerita rakyat

c)

dongeng

d)

dhialog

16.

Dongeng sing gegayutan karo dumadine sawijining panggonan diarani . . .

a)

cerita fabel

b)

legenda

c)

cerita rakyat

d)

dongeng

17.

Narasi yaiku . . . .

a)

karangan kang ndadekake kedadeyan katon nyata

b)

pengalaman uripe manungsa saka asil rekadaya pikiran pengarange dhewe

c)

pengalaman manungsa ngadhepi pocabaning urip

d)

karangan kang ngandarake lelakon utawa kekadean anut urutan wektu

18.

Langkah sapisan nalika ngarang narasi yaiku . . . .

a)

nemtokake tema

b)

nemtokake judul

c)

nemtokake gambar

d)

nemtokake tujuan

19.

Tahap kapisan sing kudu ditindakake nalika arep nulis karangan deskripsi yaiku . . . .

a)

nemtokake tema, alur lan kedadeyan

b)

nemtokake kahanan, alur lan kedadeyan

c)

nentokake topik, tema lan tuju

d)

nemtokake alur, topik lan kahanan

20.

Gunane pepindhan (perbandingan) ing teks deskripsi yaiku . . . .

a)

kanggo nguripake gambaran crito

b)

kanggo ndadekake crita

c)

kanggo crito supaya endah

d)

kanggo ndadekake crito katon kahanane

21.

Kesed makarya lan mung nyuwun agunge sih Gusti, pada karo . . . .

a)

ngentenu udan terang banjur ngiyup

b)

ngentenu thukule jamur ung mangsa ketiga

c)

ngenteni bakul jamur liwat ngarep omah

d)

ngobati jamur kulit nganggo macem-macem obat

22.

Para leluhur pancen wes kondhang yen makarya tansah . . . .

a)

tata, tatas, titi lan titis

b)

takon, tekun, teken, tekan

c)

gemi lan nastiti

d)

guyup rukun ora cecongrahan

23.

Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake obyek, panggonan utawa kedadeyan nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe, diarani . . . .

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

argumentasi

d)

eksposisi

24.

Pacelathone batur marang juragan nggunakake basa . . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

25.

Pamilihane tembung sing apntes lan mentes ndadekake geguritan dadi . . . .

a)

alus lan nrehyuhake

b)

endah lan aji

c)

kasar lan mangkelake

d)

suci lan nyenengake