wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Remidi 3 Basa Jawa Kelas XI

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Micara ing sangarepe wong akeh, ngandharake panemu kanthi ancas tartamtu diarani...

a)

sesorah

b)

nembang

c)

geguritan

d)

deklamasi

e)

demonstrasi

2.

jinising sesorah wonten sekawan, inggih menika ... .

a)

langsung, maos teks, dadakan, ekstemporan

b)

langsung, rekaman, dadakan, ekstemporan

c)

apalan, maos teks, dadakan, ekstemporan

d)

apalan, maos teks, dadakan, impromptu

e)

apalan, langsung, maos teks, dadakan

3.

Sesorah ingkang dipunayahi kanthi damel seratan teks rumiyin lajeng dipunapalaken tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks sinebut sesorah ... .

a)

apalan

b)

dadakan

c)

impromptu

d)

maos teks

e)

ekstemporan

4.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih. Tembung penggalih iku padha tegese karo tembung ing ngisor iki, yaiku ...

a)

ati

b)

asta

c)

rikma

d)

soca

e)

suku

5.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

wasana basa

c)

surasa basa

d)

purwaka basa

e)

pakurmatan

6.

Sakdurunge gawe lan nulis sesorah , luwih dhisik gawe....

a)

cengkorongan

b)

irah-irahan

c)

surasa

d)

wasana

e)

kopi

7.

Kula sakanca namung saged ndongakaken mugi sedaya amal lan kasaenan Bapak Ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan saged nggulawenthah kula sakanca ngantos paripurna.

Tembung paripurna tegese....

a)

disik

b)

lekas

c)

wiwit

d)

wutuh / rampung

e)

sampurna

8.

Ing ngisor iki kang ora kalebu perangan wasana basa sesorah, yaiku ....

a)

pangajab

b)

salam penutup

c)

wosing pranatacara

d)

atur panuwun

e)

nyuwun pangapunten

9.

Kulawarga Bapak Suho ugi nyuwun idi pangestu saking panjenengan sami, mugi-mugi pinanganten kekalih saged rukun anggenipun mangun bale wisma. Mugi-mugi penangaten kekalih mangkenipun saged atut runtut rerentengan ngantos kaken ninen-ninen, dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah,

Andharan kasebut kalebu ….

a)

surasa basa

b)

pengarep-arep

c)

purwaka

d)

wasana basa

e)

pambuka

10.

Ing ngisor iki kang ora kalebu metodhe sesorah yaiku ….

a)

maca

b)

apalan

c)

ekstemporan

d)

nekad

e)

impromtu

11.

Ingkang kinurmatan kepala sekolah,

ingkang kula hormati bapak lan ibu guru,

saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Perangan kasebut kalebu....

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Atur pakurmatan

d)

Pamuji

e)

Surasa

12.

Perangan pambuka ing sesorah, yaiku

a)

salam pambuka, surasa, panutup

b)

salam pambuka, atur pakurmatan, pamuji syukur

c)

salam pambuka, pamuji syukur, surasa

d)

pambuka, surasa, panutup

e)

surasa, pangajeng-ajeng, salam panutup

13.

Sesorah utawa pidhato bisa digunakake ing sadhengah kahanan. Tegese sesorah yaiku ….

a)

Wicara utawa nglairaken panemu sarana lesan ing sangarepe wong akeh

b)

Ngarang utawa nglairake panemu kanggo awake dhewe

c)

Ngarang utawa nglairake panemu awujud tembung-tembung

d)

Ngarang utawa nglairake panemu kanthi cara lesan lan tulisan

e)

Nulis utawa nglairake panemu sarana tulisan

14.

Gatekna pethikan sesorah ing ngisor iki!

Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya.


Tuladha iku diarani…

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Salam panutup

d)

Panutup

e)

Isi

15.

Nalika sesorah, kudu nggatekake bab ing ngisor iki, kajaba....

a)

Wicara

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wiraga

e)

wisata