Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 5

Total questions: 30

Worksheet time: 2hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

Tembung 2 digandeng dadi 1 nuwuhne teges anyar diarani tembung ...

a)

Entar

b)

Rinengga

c)

Camboran

d)

Saroja

2.

Sekti mandraguna yaiku tuladhane tembung ...

a)

Saroja

b)

Entar

c)

Camboran

d)

Rinengga

3.

Tuladhane tembung camboran yaiku ...

a)

Kaku atine

b)

Gagah pideksa

c)

Sugeh brawu

d)

Kaca mata

4.

Tembung 2 utawa luwih sing di gabung dadi 1 lan teges e dadi beda saka asal usule diarani tembung ...

a)

Camboran

b)

Entar

c)

Saroja

d)

Rinengga

5.

Kandel kupinge tegese ...

a)

Seneng ngrungokne

b)

Jenenge panganan

c)

Ndue kuping

d)

Ora nggugu pitutur

6.

Basa rinengga yaiku....

a)

Basa sing dipaesi utawa basa kang endah

b)

Basa Jawa kang alus banget

c)

Basa kang angel dingerteni

d)

Basa Jawa kang nduweni teges akeh

7.

Ana dina, ana upa

Ana awan, ana pangan

Unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru....

a)

Swara

b)

Lagu

c)

Lumaksita

d)

Sastra

8.

Tangane Ratih aluse kaya sutra.

Ukara ing ndhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Pepindhan

c)

Entar

d)

Saroja

9.

Tembung saroja nduweni fungsi kanggo....

a)

Menehi rasa endah

b)

Njelasake teges

c)

Nambahi rasa mbangetake

d)

Nambahi rasa cetha

e)

Nggambarake kahanan

10.

"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kulawargane lan nyekolahake putrane"

Tembung adus kringet kalebu tembung....

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Wangsalan

d)

Paribasan

11.

Sawijine karangan kang kaiket mawa paugeran : guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu di arani ...

a)

Tembang macapat

b)

Lelagon campursari

c)

Tembang dolanan

d)

Gendhing manasuaka

12.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

13.

Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....

a)

Maskumambang

b)

Balabak

c)

Citramengeng

d)

Girisa

14.

Tembang macapat sing gatrane mung papat yaiku .....

a)

Pangkur

b)

Gambuh

c)

Pucung

d)

Dhandhanggula

15.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

badannira panjang,

tutukirapan pesagi

saben dina pucung nguntal buntutira


Tembang ing ndhuwur jenenge tembang ... .

a)

Gambuh

b)

Pucung

c)

Sinom

d)

Mijil

16.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

badannira panjang,

tutukirapan pesagi

saben dina pucung nguntal buntutira


Guru wilangan lan guru lagune gatra KATELU ing tembang dhuwur yaiku ... .

a)

7i

b)

8i

c)

9i

d)

10i

17.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Sing disaba si pucung mung turut kutha


Tembang ing dhuwur batangane ... .

a)

tali

b)

kalung

c)

sepur

d)

ula

18.

Guru Lagu yaiku....

a)

tibaning swara ing pungkasaning gatra

b)

sing ngajari nembang jawa

c)

cacahe gatra saben sapada

d)

cacahing wanda saben gatra

19.

Cacahing wanda ing saben gatra kasebat...

a)

guru gatra

b)

dhong-dhing

c)

guru lagu

d)

guru wilangan

20.

Bapak pucung rupane amemba gunung

tan ana kang tresna

kabeh uwong mesthi sengit

kang kanggonan den lus-elus tinangisan


Wangsulan saka tembang kasebut yaiku ...

a)

Geni

b)

Gajah

c)

Udun

d)

Penthol korek

21.
Guru Gatra tembang Pangkur yaiku
a)
10
b)
8
c)
7
d)
6
22.

Geter raosipun manah

swara para janma tansah jejerit

sakabehe wus kagulung

murka aneng samudra

tirta lan samirana samya gumulung

amung bisa andedonga

kamilawase mring gusti


tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat ...

a)

gambuh

b)

pucung

c)

asmardhana

d)

pangkur

23.

Pratikele wong akrami

Dudu brana dudu warna

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angel kalangkung

Tan kena tinambak arta


Cacahing gatra saking tembang ing nduwur yaiku. . . .

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

24.

Asmaradhana

Pratikele wong akrami

Dudu brana dudu warna

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angel kalangkung

Tan kena tinambak arta


Guru wilangan lan guru swarane yaiku. . . .

a)

12u, 6a, 8i, 12a.

b)

12i, 6a, 8i, 8a

c)

12u, 8i, 8u, 8i, 8o

d)

8i, 8a, 8e, 7a, 8u, 8a

25.

Sekar gambuh ping catur.

jumlahe wanda ing ndhuwur ana...

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

26.

tembang ing dhuwur cacahe gatra yaiku ana ....

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

27.

Jinejer ing wedhatama

Mrih tan kemba kembenganing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepi asepa lir sepah, samun

Samangsane pasamuan

Gonyak ganyuk nglilingsemi


Adhedasar tembang ing dhuwur, gatra 2 iku guru wilangane ana ....

a)

8

b)

11

c)

8

d)

7

28.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 80

29.

PUCUNG

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Ora nggolek perkara

Ngomong ya sing ati-ati

Aja nganti bubar gegara perkara


Tembang kasebut kedadean saka ... pada

a)

1

b)

4

c)

5

d)

6

30.

PUCUNG

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Ora nggolek perkara

Ngomong ya sing ati-ati

Aja nganti bubar gegara perkara


Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...

a)

Yen urip kudu ngati-ati

b)

Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung

c)

Dadi wong kudu seneng golek gegara

d)

Yen urip iku kudu guyub rukun