NEW
Font size
WorksheetsXII 3
Total questions: 20
Worksheet time: 25mins
Aja Nangis
Dening: Edi Winarno
aja nangis anakku
ibumu isih lunga
sedhela maneh teka
aja nangis, anakku
umpama Hongkong kuwi mung lor kali
wis wingi-wingi dakparani
Tema guritan kasebut ngenani....
sosial
religi
kasarasan
pendhidhikan
kaprawiran
iku kabeh bakal tumeka kaya wahyu awit karsaning bumi iki bisaa lestari ing tentrem lan ing makmur manitis sukmaning kusuma bisaa ngambar arum saindenging nuswantara....
Tembung sing kacithak kandel sajrone guritan kasebut padha tegese klawan tembung....
raga
minyak
kembang
wit
pejuwang
sluman slumun slamet
Sajrone unen-unen kasebut ngandhut purwakanthi....
lumaksita
guru basa
guru sastra
guru swara
guru lagu
Siswa waspada bisa beja uga mulya.
Ukara kasebut nggunakake purwakanthi....
guru swara
guru basa
lumaksita
guru sastra
guru gatra
yen sira karep sinau
sinau bab sing miguna
Pethikan guritan kasebut ngandhut purwakanthi....
guru basa
guru sastra
guru swara
guru gatra
guru wilangan
KEKUDANGE PUTUKU
dening: Nyitno Munajat
cep, menenga putuku sing daman-daman
aja sembrana anggonmu memitran
awit pasrawungan pinda juru sungging peng-pengan
dheweke saguh ngentha kowe dadi buta cakil apa sri Begawan
yen karibmu tukang pandhe bebasane
oraa kepletikan geni mesthi kena langese
yen karibmu bakul parfum
ora tukua badanmu mesthi angganda arum
Surasane teks guritan kasebut yaiku....
yen golek kanca kudu dipilih
yen kekancan kudu ngati-ati
yen kanca ala kudu bisa tetep ngandhani
yen kancamu apik kowe bakal katut apik nadyan sejatine kowe ala
yen kekancan karo wong-wong sing katon apik wae
Kang ndhasari crita utawa ide lan uga dadi saripatining crita jroning geguritan diarani...
tema
amanat
citraan
ritme
surasa
Nyritakake isine geguritan nggunakake basane dhewe kanthi nambahi, ngurangi, utawa ngganti tembung-tembung tartamtu supaya luwih kepenak dingerteni pamacane diarani....
enjabemen
rima
parafrase
citraan
maca endah
1. kacar-kucur
2. timbang bobot
3. dhahar klimah
4. sinduran
5. sungkeman
Rerangkene adicara temu manten kang trep kudune....
4-2-1-3-5
1-2-3-4-5
2-3-1-4-5
3-2-1-4-5
1-2-4-3-5
Piranti sajrone gambar kasebut mujudake uba rampe adicara....
tingkeban
midodareni
tetakan
tedhak siten
mitoni
Adicara temu manten sing duweni teges nyawijine loro kulawarga kanthi pangajab diadohake saka bebaya yaiku....
balang gantal
liru kembar mayang
sinduran
jamasan
sungkeman
Adicara kasebut mujudake adicara sajrone temu manten sing diarani....
kacar-kucur
jamasan
sinduran
balang gantal
tanem jero
Adicara sajone gambar kasebut kantindakake nalika....
bayi umur pitung selapan
bayi umur pitung wulan
bayi pitung wulan sajrone weteng
bayi wis mlaku
bayi umur patang wulan sajrone weteng
1. ceker-ceker
2. ngidak jadah
3. kurungan
4. menek tebu wulung
Rerangkene adicara tedak siten sing trep yaiku....
2-4-1-3
1-2-3-4
3-2-1-4
4-3-2-1
1-4-2-3
Para kadang ingkang winantu ing suka rahayu. Donyane pendhidhikan salebetipun pageblug menika kedah dipunsarengi klawan tetep anjagi prokes.
Pethikan teks pidhato kasebut mujudake perangan....
pambuka
salam pambuka
isi
panutup
salam panutup
Mangga sesarengan ngaturaken puji sokur dhumateng Gusti Allah Swt ingkang sampun paring nugraha.
Pethikan teks kasebut mujudake perangan... teks pidhato.
pambuka
pangajak
salam pambuka
panutup
isi
Adat Jawa kang ditindakake nalika bayi isih ing kandhutan yaiku....
tingkeban
tedhak siten
procotan
pupak puseran
tetakan
Ing acara panggih temanten kang sepisan dilakoni temanten lanang lan wadon yaiku sawat gantal utawa mbalang gantal. Gantal minangka pirantine digawe saka....
godhong kelor lan godhong dhadhap
janur kang dianam
godhong suruh kang ditaleni lawe
kembang setaman lan endhog pitik kampung
kendhi kang diisi banyu pitung sumber
Ing acara panggih temanten ana kang diarani sindhuran. Kepriye titilaksanae sindhuran kasebut?
manten kakung lan putri dulang-dulangan
sungkem marang wong tuwa
manten putri ngambung tangane manten kakung
bapake manten putri nggeret manten sakloron
manten kakung midak endhog
Assalamu’ailikum warahmatullahi wabarakatuh
Bapak Guru, Ibu Guru ingkang kula urmati.
Kanca-kanca kula kelas sedasa dumugi kelas kalih welas ingkang sanget kula tresnani.
Kula makili kanca-kanca kelas sepuluh dumugi rolas ngaturaken tanggap warsa SMK Diponegero Semarang ingkang dipunpengeti ing dinten menika.
Lagkung rumiyin ndherek mangayubagya awit wontenipun acara pengetan tanggap warsa menika dipunrawuhi Bapak lan Ibu Guru, menapa dene para siswa sedaya.
Bapak-bapak, ibu-ibu menapa dene kanca-kanca kula sedaya. Sekolah SMK Diponegoro Semarang menika gadhah visi lan misi “Membentuk manusia beriman, bertaqwa, kepada Allah SWT, cinta tanah air dan bangsa, berprestasi akademiknya dan sehat”. Pramila awit saking menika sumangga sedaya warga sekolah ningkataken kwalitas sekolah menika. Nambah kegiyatan-kegiyatan ingkang saged dados panggenan para siswa nyaluraken kaprigelannipun. Nanging kegiyatan menika ugi kedah wonten pembimbingipun saengga saged lumampah kanthi teratur.
Warga sekolah ugi tansah jaga lingkungan. Panggenan-panggenan ingkang reged lan dados panggenan numpak larahan, dipunresiki. Supados boten ndadosaken sarang penyakit. Bangunan-bangunan ingkang risak ugi dipundandosi sekalian. Sedaya menika saged kalaksanan kanthi wontenipun panyengkuyung saking sedaya warga sekolah menika.
Mekaten tanggap wacana ingkang saged kula aturaken, menawi wonten kirangipun nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum warahnatullahi wabarakatuh
Pidhato ing kasebut ngrembug babagan apa . . . .
pengetan ambal warsa
perpisahan guru
ekstrakurikuler
perpisahan kelas rolas
sekolahan sing reged
