wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH 1 kelas 8 (Teks Layang)

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Layang pribadhi uga diarani layang....

a)

iber-iber

b)

ulem

c)

lelayu

d)

paturan

2.

"Sur, piye kabarmu ing Jakarta? Wis suwe ora keprungu kabarmu. Aku tansah ndedonga muga-muga sliramu lan kluargamu tansah sehat wal'afiat."


Pethikan teks layang ing dhuwur klebu ing perangan....

a)

Pambuka

b)

Surasa

c)

Wasana

d)

Adangiyah

3.

Ing ngisor iki kang klebu ing jini layang resmi yaiku....

a)

Layang ulem lan layang paturan

b)

Layang paturan lan layang dhawuh

c)

Layang lelayu lan layang kitir

d)

Layang dhawuh lan layang pribadhi

4.

Budi nulis layang kanggo Budhene ing Palembang. Perangan paprenah kang bener kudune ditulis....

a)

Keng putra

b)

Saking siswa

c)

Saking ponakan

d)

Keng wayah

5.

Perangan layang pribadhi kang ngandharake atur panuwun lan atur pangapura tumrap kalepatan menawa ana tembung kang kurang tata trapsila utawa nyinggung pangrasa sing dikirimi layang, yaiku....

a)

Adangiyah

b)

Papan lan titimangsa

c)

Tapak asma

d)

Wasana

6.

Ing ngisor iki kang nuduhake tegese layang kitir kang bener yaiku....

a)

Layang kang strukture jangkep ana wolu

b)

Layang kang isine mung singkat wae

c)

Layang kang ngandharake warta kepaten

d)

Layang kang menehi informasi

7.

Perangan kang mbedakake antarane layang pribadhi karo layang paturan yaiku...

a)

perangan adangiyah

b)

perangan peprenah

c)

perangan kop lan no.surat

d)

perangan tapak asma

8.

"Sembah pangabekti kula katur dhumateng Bapak Ibu ing Ngawi"

Pethikan ing dhuwur klebu perangan...

a)

adangiyah

b)

asma jangkep

c)

wasana

d)

surasa

9.

Miturut jinise layang diperang dadi...

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

10.

Bapak nulis layang kagem Simbah. Tembung "nulis" benere...

a)

nyerat

b)

nyungging

c)

maos

d)

kesah