Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tugas Bahasa Jawa 9

Total questions: 15

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

njlentrehke idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud ukara-ukara kang diucapake ing sangarepe wong akeh diarani...

a)

pranatacara

b)

sesorah

c)

geguritan

d)

wangsalan

2.

Wong sing kajibah sesorah diarani...

a)

pambiwara

b)

pranatacara

c)

pamedhar sabda

d)

adilaya

3.

Sing udu kalebu tujuane sesorah yaiku...

a)

kanggo menehi hiburan

b)

kanggo menehi informasi

c)

kanggo nggerpol/ajak-ajak/mengaruhi

d)

kanggo ngudhar reruweting piker

4.

sesorah atur pambagya harja ana ing pahargyan temanten yaiku cara sesorah kanti...

a)

bebas/tanpa teks

b)

nggunakake teks

c)

apalan

d)

ekstemporan

5.

teknik sesorah ana pira...

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

6.

Pamicarane sadurunge wis ngrancang teks/naskah sesorah banjur diapalake cara seosrah kanti...

a)

tanpa teks

b)

dadakan

c)

ekstemporan

d)

apalan

7.

sesorah tumrap Presidhen, Gubernur, laporan pertanggungjawaban sesorah kanti cara...

a)

nggunakae teks

b)

apalan

c)

spontanitas

d)

ekstemporan

8.

Sesorah kang tanpa dirancang, tanpa dinyana sadurunge dening pamedhar sabda, ujug-ujug ketiban sampur supaya matur/ngendika dening MC yaiku sesorah kanti teknik...

a)

ekstemporan

b)

dadakan

c)

apalan

d)

tanpa teks

9.

Pamedhar sabda mung nyiyapake pokok sawijining bab/masalah kang bakal diwedharake banjur kanthi pengalaman, lan bumbu-bumbu lelucon mekarake kerangka/pokok pikiranmu ana ing sesorah yaiku teknik sesorah...

a)

impromtu

b)

nggunakake teks

c)

ekstemporan

d)

bebas

10.

Ngisor iki bab kang kudu digatekake nalika sesorah yaiku...

a)

bagus/ayu

b)

suara kudu apik kaya penyanyi

c)

klambine kudu anyar

d)

basa kang digunakake

11.

basa kang digunakake kudu laras kaya ing ngisor iki kejaba...

a)

Sapa sing tumanggap

b)

Sapa sing medhar sabda

c)

Apa sing diwedharake (dirembug)

d)

kenapa ngrembug kui

12.

patrap (sikap) sing mantep lan teteg, ngadeg jejeg, tangan ngapurancang lan anteng (ora kakehan obah sing ora perlu), ora ndangak utawa ndhungkluk terus. bab kang kudu digatekake kaya ing duwur kui kalebu bab...

a)

basa kang digunakake

b)

ageman

c)

solah bawa

d)

wiramaning swara

13.

Sadurunge diwenehi wektu dening MC, becike pamicara lungguh ing papan sing rada ndhelik kanggo nuwuhke “daya kejut” pamireng, ateges pamedhar sabda kudu gatekake bab...

a)

ageman

b)

carane ngadeg ing podium

c)

nggoceki mikrofon

d)

wiramaning swara

14.

bab kang kudu digatekake nalika sesorah ana pira?

a)

6

b)

5

c)

4

d)

3

15.

Kepenak dirungokake ora keseron, ora kelirihan, cetha, ora groyok, ngerti lan tanggap karo swasanane ateges pamicara gatekake...

a)

wiramaning swara

b)

solah bawa

c)

nggoceki mikrofon

d)

basa kang digunakake