Worksheetssesorah
Total questions: 20
Worksheet time: 9mins
Ngaturaken ide/pamanggih ing sangajenging tiyang kathah kanthi ancas tartamtu diarani....
wicara
sesorah
cucuk lampah
iklan
demo
Menawi badhe sesorah, pamicara saged damel inti baku rumiyin supados wekdal sesorah boten klentu. Saking andharan menika saged dipuntegesi menawi pamicara ngginakaken metodhe....
ekstemporan
impromptu
naskah
apalan
dadakan
Nalika sesorah kedah nggatosaken pocapan ingkang cetha, mboten bindheng, mboten blero. Menika ateges nggatosaken ….
wirasa
wirama
wiraga
wicara
busana
Sumangga kula dherekaken ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Asih awit paringipun kabagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya. Tembung kabagaswarasan ngemu teges …
karawuhan
kawilujengan
kinurmatan
kawontenan
kaendahan
Cekap semanten saking kula, menawi kathah klenta-klentuning atur kula nyuwun agunging pangaksami.
Saking pethikan teks ing inggil, kalebet bagian....sesorah.
pangajeng-ajeng
purwaka basa
wasana basa
salam penutup
surasa basa
Kejawi wirama, ugi wonten wirasa ingkang kedah dipungatosaken inggih menika …
Sesorah kedah nggatosaken isinipun sesorah, dipunraosaken supados saged micara kanthi sae, trep kaliyan isinipun.
Sesorah ngginakaken astanipun, kedhep netranipun, esem, lan sapanunggalanipun saengga langkung mantep, sae lan ngremenaken ingkang mriksani lan mirengaken.
Sesorah kedah nggatosaken pocapan ingkang cetha, mboten bindheng, mboten blero.
Sesorah nggatosaken andhap-inggiling suwanten, cepat-alonipun suwanten, sora lan lirihipun suwanten.
Sesorah kedah ngginakaken busana ingkang jangkep lan sae.
Tiyang ingkang mirengaken sesorah menika kedah kadospundi?
Rame lan mboten nggatosaken kanthi temen
Mirengaken lan mboten mahami menapa ingkang dipunaturaken
Nggatosaken saestu, lajeng menawi sampun sawetawis damel kisruh
Nggatosaken sesorahipun kanthi temen, mboten sami rame lan mboten omong piyambak
Tansah mendel kemawon, sinaosa dipundangu
Sesorah ingkang gadhah ancas namung kangge sarana nglipur pamireng, tegesipun sesorah....
argumentatif
informatif
rekreatif
persuasif
naratif
Patrap wekdal sesorah ingkang leres inggih menika....
asring kukur-kukur
asring nglebetaken asta teng sak clana
lendhean papan wicara
ngapurancang
lelambaran suku setunggal
Kekendelan minangka salah satunggaling bab wigati nalika nindakaken sesorah. Kekendelan ing mriki ateges …
Micara kanthi sora, gamblang, terang trewaca
Asring latian utawi gladhen supados mboten demam panggung
Mboten ndredheg yen micara ing salebeting kamar
Tansah kendel menawi sesorah, lancar, teteg, tatag, mboten gugup, wantun micara ing sangajenging tiyang kathah menapa dene sekedhik
Wantun sesorah nalika piyambakan
Urut-urutane sesorah teng ngandhap ingkang leres yaiku....
1. salam pambuka
2. wasana basa
3. pangajeng-ajeng
4. surasa basa
5. purwaka basa
6. salam penutup
1,2,3,4,5,6
1,3,4,5,2,6
1,4,2,3,5,6
1,5,4,3,2,6
1,5,3,4,2,6
Wekdal kita sesorah wiramaning swanten kedah dipungatosaken,teng ngandhap punika ingkang kirang prayogi gegayutanipun kaliyan swanten inggih menika....
iramanipun lugu kados tiyang maos buku
anggenipun matur tetembungan ingkang cetha
anggenipun matur tetembungan boten gropyok
boten kecepeten,ingkang diwedharaken gampil dimangertosi
sekeca dipunmirengaken,boten sora utawa lirih sanget
Kula atas nami panitia,ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Pangeran ingkang Maha agung,dene sampun maringi kanugrahan dhumateng kula saha panjenengan sami.
Perangan sesorah teng inggil kalebet perangan....
wasana basa
surasa basa
purwaka basa
salam pembuka
pangajeng-ajeng
Nalika saweg sesorah,teng satengahing sesorah pamicara kesupen kaliyan punapa ingkang badhe dipun aturakenpramila sesorahipun boten lancar lan ancas punika boten saged dipun angsali kanthi sae.
Bab punika kedadosan amargi pamicara ngginakaken sesorah kanthi metode....
ekstemporan
impromptu
naskah
apalan
teks
Nalika mirengaken khotbah,penceramah ngandharaken wigatining khotbah kang dados wos ngendikane. Perangan mirengaken punika diarani....
sinten ingkang ngendika
napa ingkang dirembug
wonten ing ngendi
bayarane pira
kapan ditindakake
Basa kramane alis yaiku....
soca
imba
ibing
jangga
palarapan
Pak,panjenengan arep dhahar siki apa mengko?
Ukara ing inggil,ngginakna basa....
ngoko lugu
krama desa
ngoko alus
krama alus
krama madya
Basa krama alus dinggo pacelathon sapa marang sapa....
guru marang murid
rewang marang bendarane
piyayi sing duwe kalenggahan sedrajat
tiyang sepuh dhumateng tiyang nem ingkang gadhah kalenggahan langkung inggil
kanca marang kanca sing wis kulina
Bu,apa bapak wis wangsul?aku arep jaluk duit kanggo tuku bausastra.
Ukara ing inggil,menawi diowahi dados unggah-ungguh ingkang trep yaiku....
Bu,apa bapak wis kondur?kula badhe jaluk arta kangge tumbas bausastra.
Bu,menapa bapak wis wangsul?aku arep jaluk arta kangge tuku bausastra.
Bu,menapa bapak sampun kondur?kula badhe nyuwun arta kangge tumbas bausastra.
Bu,punapa bapak sampun wangsul?kula badhe nyuwun duit kanggo mundhut bausastra.
Bu,apa bapak sampun kondur?kula badhe jaluj arta kangge tumbas bausastra.
Tegesipun tembung sekar yaiku....
tembang
ukara
kata
paningal
rekma
