Font size
WorksheetsPENDALAMAN BAHASA JAWA
Total questions: 23
Worksheet time: 18mins
Geguritan yaiku Puisi jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok
Tulisan ing ndhuwur tulisen meneh ng panggone jawaban ing ngisor iki!
(a)
Ciri-ciri tembang dolanan yaiku:
1. basane prasaja
2. wujude sederhana
3. cengkok lagu sederhana
4. cacahe larikan sitik
5. rasane lagu seneng
tulisen maneh ciri-cirine tembang dolanan ing nduwur
(a)
Tembang seng kaiket anane guru gatra , guru wilangan lan guru lagu diarani tembang…
Gedhe
Tengahan
Macapat
Dolanan
tembang macapat kui kabehe ana 11 yaiku
Dhandang gula, gambuh, pucung, sinom, megatruh, mijil, maskumambang, kinanthi, Asmaradana, Durma lan Pangkur
tulisen 5 bae maceme tembang macapat ing ndhuwur
(a)
Guru gatra yaiku cacahe gatra (baris/larik ) saben sapada jroning tembang macapat
Tulisen pangertenane guru gatra ndhuwur iku ing panggon ngisor iki!
(a)
Teks Narasi yaiku wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean kanthi runtut saka wiwitan kanthi pungkasan, utawa kronologis lan wong kang maca kaya-kaya ngalami dhewe kedadean kang diandharake.
Pangertenane teks narasi ing ndhuwur iku tulisen maneh ing njero kotak ngisor iki!
(a)
Tembung saroja kui yaiku tembung 2 sing tegese padha utawa meh padha dinggo bareng, tuladhan yaiku: ijo royo royo, putih brih, wadya bala.
dene ing ngisor iki sing uga diarani tembung saroja yaiku...
pait njetit
dawa tangane
abang kupinge
bangjo
Puisi tradisional Jawa kang awujud tembang carane maca kudu ditembangake. Tembang Jawa iku diperang dadi papat, dene tembang sing kaiket anane guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani tembang...
dolanan
gedhe
tengahan
macapat
Werkudara iku putra Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi, kang nomer loro. Werkudara uga dadi panenggaking Pandhawa. Nalika lair ing Ngastina kabuntel bungkus, kebuntel ari-arine bayi.
Latar panggonan crita wayang ing nduwur yaiku ....
Ngastina
Alas
Omah
Kali
16. A. Endhog bebek dipendhem ana awu gosok lan uyah suwene 12 dina
B. Pilih endhog bebek sing apik, banjur dikumbah nganti resik
C. Endhog bebek sing wis dipendhem dijupuk lan dikumbah nganti resik
D. Endhog bebek sing wis dikumbah banjur dikukus nganti mateng
Urutane gawe endhog asin kang mathuk yaiku….
A-B-C-D
D-C-B-A
B-A-C-D
B-D-A-C
Tembang pucung sing bathangane sepur yaiku...
Bapak pocung, cangkemu madhep mendhuwur,Sabamu ing sendhang,Pencokanmu lambung kering,Prapteng Wisma, Si Pocung mutah guwaya
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Yen lumaku si pucung ngumbar swara
Bapak pucung dudu watu dudu gunungSangkamu ing sabrangNgon ingone Sang BupatiYen lumampah Si pucung lambehan grana
Bapak pocung, amung sirah lawan gembung,padha dikunjara, Mati sajroning ngaurip,Mijil baka, Si Pocung dadi dahana.
16. Ukara kanthi dhapukan jejer, wasesa, lesan, lan katerangan wayah tuladhane yaiku….
a. Ibu masak sayur lodeh esuk mau
b. Pak Wito nitih motor wau dalu
tulisen maneh tuladhane ukara ing ndhuwur!
(a)
Yogyanira kang para prajurit
Guru wilangan lan guru lagune tembang dhandhanggula ing dhuwur yaiku….
6-i
8-i
10-i
12-i
Tembung jembar atine tegese sugih pangapura
ukara ing nduwur iku tulisen neg ing panggene ngisor kui
(a)
Pak demang klambi abang yen disudhuk manthuk-manthuk.
Batangane cangkriman iki….
kates
pakis
ontong
salak
Adhik ora sida budhal sekolah amarga udan deres.
Keterangan ana ing ukara yaiku….
Keterangan alat
Keterangan sebab
Keterangan wayah
Keterangan panggonan
Ukara sing migunakake unggah-ungguh basa yaiku….
Eyang mboten kersa maem amargi sakit madharan
Eyang mboten kersa nedha amargi gerah madharan
Eyang mboten kersa dhahar amargi sakit madharan
Eyang mboten kersa dhahar amargi gerah madharan
Ukara ngisor iki sing kalebu parikan yaiku….
Jer basuki mawa bea
Ana awan ana pangan
Dirajang-rajang kaya brambang
Abang-abang ora legi, tiwas magang ora dadi
16. Cangkriman iki tulisen tegese!
a. Burnas kopen
b. Pitik walik saba meja
c. Bapak pocung, renteng-renteng kayu kalung,
Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring,
Sing disaba, si pocung mung turut kutha
(a)
Gawea karangan dheskripsi kanthi tema pendidikan, paling thithik 4 baris!
(a)
Tembung entar iki golekana tegese!
a. Dawa tangane
b. Abang kupinge
(a)
Wingi aku dikongkong bulik menyang toko. Ukara ing sisih dadaekna basa krama
(a)
Tulisen carane gawe teks pidhato!
(a)
