wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA UH 5

Total questions: 10

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Blumbang ing mburi omahku pancen nyengsemake. Kinupengan tetanduran maneka werna sing padha lagi mekar kembange. Jerune sakmeter seprapat. Ing njerone blumbang dicemplungi wit enceng gondhok. Blumbang ing mburi omah dianggo ngingu iwak grameh. Kajaba ngiras kanggo pakan grameh, godhong enceng gondhok kang ijo-ijo royo-royo kena kanggo ngiyup iwak. Ngingu grameh pancen butuh wektu suwe. Amarga saka kamurahane Gusti Kang Murbeng Dumadi, asile uga kena dijagakake.

Paragraf ing dhuwur ide pokoke yaiku…

a)

Blumbang ing mburi omahku pancen nyengsemake

b)

Amarga ana kamurahane Gusti asile uga kena dijagakake

c)

Ngingu grameh pancen butuh wektu suwe

d)

Blumbang omahku

2.

Teks kang njlentrehake saweneh kedadean manut urutan wektune, diarani teks …

a)

Dheskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Argumentasi

3.

Salah sijine titikane teks dheskripsi ....

a)

nggambarake kedadean kanthi cetha

b)

pamaca ora bisa nggambarake kedadean

c)

kabeh kedadean diurut kanthi urutan wektu

d)

pamaca ora bisa ngrasakake utawa ngangen-angen kedadean kang ana

4.

Gancaran kang isine Njlentrehake saweneh bab kanthi bukti-bukti kang kuwat, nganti kang maca melu mbenerake lan yakin marang bab kasebut. diarani teks gancaran ....

a)

dheskripsi

b)

eksposisi

c)

narasi

d)

argumentasi

5.

Saben preian akeh wisatawan kang padha plesiran. Plesiran tegese ....

a)

sekolah

b)

liburan

c)

dolan

d)

rekreasi

6.

Sampun jam sekawan ibu dereng rawuh saking kantor. Tembung rawuh ngoko aluse ....

a)

dugi

b)

mulih

c)

teka

d)

wangsul

7.

Adhik tuku lele. Tuku lele yen ditulis nganggo aksara Jawa . ..

a)
b)
c)
d)
8.

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah ciilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang. Gampeng saurute kali ditanduri suket ijo. Sisih kiwane kali sawah kang jembar. Tandurane pari jagung. Sisih tengene kali dalan kang nyambung desaku lan tangga desa liyane. Meh saben puluhan meter ana wot kanggo nyabrang wong-wong kang perlu makarya menyang sawah. Sinawang pancen nyata katon endah.

Paragraf ing dhuwur ide pokoke yaiku…

a)

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik

b)

Kali ing desaku

c)

Kali ing desaku jembar

d)

Kali ing desaku reged banget

9.

Saben liwat, tanduran sinawang ijo ....

a)

memplak

b)

royo-royo

c)

mbranang

d)

gadhing

10.

Kanggo nglestarekake lingkungan, bocah-bocah kudu mbuwang uwuh ing ...

a)

panggon uwuh

b)

kali

c)

ngarep omah

d)

pasar