wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN 4 BASA JAWA KELAS 6 (SEM 2)

Total questions: 25

Worksheet time: 2hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

Tembung globalisasi iku asale saka tembung “globe” sing tegese ....

a)

bal bunder

b)

donya

c)

mendunia

d)

di dunia

2.

Ing ngisor iki sing kalebu dhampak positipe globalisasi yaiku ....

a)

ilange budaya asli

b)

majune teknologi

c)

komunikasi saya angel

d)

ilange pakulinan gotong royong

3.

Cangkriman, yaiku unen-unen kang kudu ….

a)

dijlentrehna

b)

dibatang

c)

diwaca

d)

direngkes

4.

Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi ....

a)

enem

b)

lima

c)

papat

d)

telu

5.

Cangkriman kang isine memper kaya sawijine barang utawa apa ta apa apa ingaranan ….

a)

wancahan

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

sinawung tembang

6.

Cangkriman sing agawe bingung pawongan sing arep mbatang, yaiku ....

a)

wancahan

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

sinawung tembang

7.

Cangkriman kang wujud cekakan-cekakan ingaranan ....

a)

wancahan

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

sinawung tembang

8.

Kebo picak kalebu ....

a)

cangkriman awujud pepindhan

b)

cangkriman awujud blenderan

c)

cangkriman sinawung ing tembang

d)

cangkriman awujud wancahan

9.

Dikethok malah dhuwur kalebu ....

a)

cangkriman awujud pepindhan

b)

cangkriman awujud blenderan

c)

cangkriman sinawung ing tembang

d)

cangkriman awujud wancahan

10.

Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur, batangane

a)

andha

b)

prau bocor

c)

gentheng bocor

d)

benik

11.

Batangane “ontong gedhang”. Cangkrimane, pak demang klambi abang ....

a)

disuduk manthuk-manthuk

b)

disawang malah ilang

c)

rupamu kaya kranjang

d)

penggaweane saba blumbang

12.

Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,

Tangan papanira,

Nuduhake rina wengi,

Lamun mati bingung wektu sang bendara.

Badhekane yaiku ....

a)

tasbih

b)

ali-ali

c)

gelang jam

d)

binggel

13.

Pitik walik saba meja, batangane ....

a)

nanas

b)

nangka

c)

sulak

d)

sapu

14.

Sing klebu cangkriman plesetan yaiku ....

a)

Bosok malah enak.

b)

Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan diliwati.

c)

Segara beldhes.

d)

Sega sakepel dirubung tinggi.

15.

Aku sawijine jajan kang kena dipangan manungsa. Samangsa aku ketiban cecak, aku dadi cuklek. Sapa aku?

a)

donas

b)

lapis

c)

putu

d)

lumpia

16.

Torter brakger, torbut diut (montor banter nabrak pager, montor ngebut dadi maut).

a)

wancahan

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

liya-liyane

17.

“Wong numpak kebo dikalungi klenengan. (Sing dikalungi klenengan kebone dudu wonge)

Iki wujude tuladhane cangkriman ....

a)

wancahan

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

liya-liyane

18.

“Digandheng ora gelem mlebu, dituntun panggah ora gelem mlebu, geleme mlebu yen ditutuk nganggo palu.” (Paku)

Iki mujudake tuladhane cangkriman ....

a)

geguritan

b)

pepindhan

c)

parikan

d)

liya-liyane

19.

Bapak Pucung anak slawe ora bingung,

malah enak-enak,

didis mangan pinggir kali,

mari mangan Pucung slulup sesonderan

Iki mujudake tuladhane cangkriman ….

a)

sinawung tembang

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

liya-liyane

20.

Bapak Pucung dudu terop dudu panggung,

Pidhato lan nembang,

Kala-kala ngiwi-ngiwi,

Tawa barang ludruk wayang uga ana.

Batangan/wangsulane cangkriman sinawung tembang kasebut, yaiku ....

a)

stetoskop

b)

mesin cuci

c)

televisi

d)

kulkas

21.

Bal putih sakepel dipageri tembok abang mateng. Batangane, yaiku ....

a)

sego dimasak nek mejikom

b)

watu putih

c)

bola pimpong

d)

liya-liyane

22.

“Wong mancing ora oleh pulisi. Mancing iku kudune entuk iwak, dudu entuk pulisi. Iki mujudake tuladhane cangkriman ....

a)

wanchan

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

liya-liyane

23.

“Rambute kegogrokan kembang jambu” (Rambute wis putih kabeh). Iki mujudake tuladhane cangkriman ....

a)

wancahan

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

liya-liyane

24.

Lumrahe, cangkriman utawa bedhek-bedhekan iku kanggo ....

a)

panganan

b)

dolanan bayi

c)

pacelathonan

d)

gegojegan/geguyonan

25.

Barji barbeh. Batangane, yaiku ....

a)

bubar siji bubar kabeh

b)

buyar ngaji buyar muleh

c)

siji bubar bareng kabeh

d)

bareng siji, bareng akeh