wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

latihan soal jenis ukara

Total questions: 17

Worksheet time: 9mins

Name
Class
Date
1.

Ukara tanduk yaiku...

a)

Ukara sing jejere nindakake pengajian

b)

Ukara sing jejere ora nindakake pengawean

c)

Ukara sing jejere nindakake pengawean

d)

Ukara sing jejere nindakake pendidikan

2.

Ukara tanggap yaiku...

a)

ukara sing jejere ora dikenani pengawean

b)

ukara sing jejere dikenani pengajian

c)

ukara sing jejere dikenani pengawean

d)

ukara sing jejere dikenani pendidikan

3.

Ukuara tanggap umume nganggo ater-ater tri purusa yaiku...

a)

dik, ko, di

b)

dak, ki, di

c)

dak, ko, di

d)

dak, ko, do

4.

Pilih loro tuladha saking ukara tanduk...

a)

Garisanku sing kosilih balekna

b)

Kelas dak saponi

c)

Aku nyapu kelas

d)

Bapak ngumbah sepedhah

5.

Pilih loro tuladha saking ukara tanggap...

a)

Aku nyapu kelas

b)

Dimas nabuh Bedhug

c)

Kelase daksaponi

d)

Sepatuku dikumbah ibuk

6.

Aku mangan duren loro dadekno ukoro tanggap...

a)

Duren loro dipangan

b)

Duren loro tak pangan

c)

Duren loro panganen

d)

Duren loro dadi panganan

7.

Sepedaku disilih Daffa dadekno ukoro tanduk...

a)

Daffa nyilih sepedaku

b)

Daffa ngowo sepedaku

c)

Daffa tuku sepedaku

d)

Daffa ngumbah sepedaku

8.

Bapak dhahar soto ing depot

Goleki ukara jejer lan katrangane......

a)

Dhahar lan soto

b)

Soto lan ing depot

c)

Bapak lan ing depot

9.

Saben esuk Adi nyapu latar. Tembung ing ukara kang kagolong tembung kriya yaiku............

a)

Adi

b)

Nyapu

c)

Latar

d)

Esuk

10.

Sapa sing saben Isuk Mbantu Ibune nyapu?. Ukara iki kagolong ukara..............

a)

Pakon

b)

Andharan

c)

Pitakon

d)

Katrangan

11.

Fitri tuku roti ing pasar. Jejere ukara iku...........

a)

Fitri

b)

Tuku

c)

roti

d)

ing pasar

12.

Mateni lampu, tembung kang digaris ngisor kagolong tembung....

a)

Tembung aran

b)

Tembung kriya

c)

Tembung kahanan

d)

Tembung katrangan

13.

Saka ngendi ibumu?

Ukara iki kagolong ukara....

a)

Pitakon

b)

Pawarta

c)

Pakon

d)

kandha

14.

Iki wes padhang, lampune enggal patenana!

Ukara iki kagolong ukara....

a)

Pitakon

b)

Pakon

c)

Carita

d)

Panjaluk

15.

Rafel mangan lontong balap ing pawon. Katrangane ukara iki....

a)

Rafel

b)

Mangan

c)

Lontong balap

d)

Ing pawon

16.

Ibu ngendika, " Sinau sing sregep supaya pinter.". Ukara ing dhuwur arane ...

a)

Ukara pakon

b)

Ukara pitakon

c)

Ukara crita

d)

Ukara kandha

17.

Sing diarani ukara andharan yaiku : ...

a)

Ukara kang mratelakake rasa pangrasa

b)

Ukara kang isine aweh pawarta

c)

Ukara kang isine ngongkon

d)

Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan