NEW
Font size
WorksheetsFORMATIF B.JAWA BASA RINENGGA
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Basa rinengga yaiku ....
basa sastra kang artine ora ana maknane
Basa kang angel dingerteni
basa sastra namung maknane ora endah
basa sastra kang endahe direngga-rengga utawa dirumpakna
Kang kalebu Basa rinengga , yaiku ...
pepindhan, parikan, deskripsi, narasi,
panyendhu, narasi, parikan, pepindhan
narasi, deskripsi, parikan, panyandra
panyendhu, panyandra, pepindhan, parikan
Kanggo ngarani perangane awak sing apik-apik diarani...
Parikan
Panyendhu
Bebasan
Panyandra
Ukara kang digunakake kanggo nyemoni/nacad/ngilokno uwong diarani ....
panyendhu
panyandra
pepindhan
parikan
jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya,lir, kadya, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani...
purwakanthi
paribasan
saloka
pepindhan
Ayune kaya dewi Ratih, diarani ukara ....
panyandra
panyendhu
pepindhan
parikan
Dewi Shinta drijine cilik dawa yen dicandra drijine....
nggandhewa pinenthang
mucuk eri
micis wutah
miji timun
Kumbakarna mripate gedhe blalak-blalak, nek di candra kaya....
baskara kembar
nggandhewa pinenthang
micis wutah
ngringin sungsang
Prabu Rama Wijaya pundhake....
ngelung gadhung
ngolan-olan
nggandhewa pinenthang
nraju mas
Dewi Shinta piyayine ayu, bangkekane....
nglaler mencok
nduren sajuring
nawon kemit
ngudhup turi
Kupat bumbu santen, menawi lepat nyusun pangapunten. Ukara kuwi ing basa Jawa kalebu...
Sanepa
Paribasan
Keratabasa
Parikan
ukara sing ngemu basa rinengga yaiku...
seina natas udane ora uwis-uwis
agemane bapak diampil pakdhe
saben dina pengaweyane mung nuthuki gamelan
pancen bocahe ayu kaya dewi ratih tur tindak tanduke ngayem-yemi ati
ukara ing ngisor iki kang ngandut tembung panyendu yaiku...
Kowe iki nek mangan kok kemlothek sajake kesusu tenan.
Eseme bocah iku pahit madu lan pipine nduren sajuring.
Sikile Upin dingklang amarga tiba saka dolanan bal - balan
Sadar nek wis telat, ing dalan Budi mlayu-mlayu kaya kidang diuber singa.
Parikan ing basa rinengga uga bisa diarani ....
puisi
cerpen
deskripsi
pantun
Nalika Gathotkaca gugur, Werkudara maju ing peperangan lan ngamuk kaya bantheng ….
Mlayu
Ketaton
Lara
Abang
Ing parikan, gatra kaping pisan minangka ....
pustaka
mustaka
purwaka
karepe
Mbak Dewi alise nanggal sepisan.
Ukara ing ndhuwur kalebu....
panyandra
panyendhu
pepindhan
parikan
Polahe kaya gabah diinteri, tandhange cukat trengginas kaya bantheng ketaton, kalebu jinise...
Panyendhu
Panyandra
Pepindhan
Cangkriman
Tangane Ratih aluse kaya sutra.
Ukara ing ndhuwur kalebu....
panyandra
panyendhu
parikan
pepindhan
Paijo sikile dhingklang, ukara iku diarani ....
panyandra
pepindhan
panyendhu
parikan
Bangkekane nawon kemit,
Kalebu ukara jenise ....
panyandra
pepindhan
panyendhu
parikan
Arek iku rambute gimbal.
Ukara iku kalebu jinising ...
pepindhan
panyendhu
panyandra
parikan
Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, kudu sregep ....
lemu
tuku
mlayu
sinau
Lembehane Kunthi mblarak sempal. Yen mlaku kaya macan luwe. Dedege dhuwur, nanging batuke nonong.
Tembung sing klebu panyendhu yaiku ...
Dedege dhuwur
Batuke nonong
Lembehane mlarak sempal
Yen mlaku kaya macan luwe
Wong-wong biyen nganggo gondhel gede-gedhe nganti kupinge....
Tembung panyendhu kanggo ngganepi ukara iki....
Gruwung
Piseng
Ndower
Dawir
Swarane bledheg wingi kae kaya...
Tembung pepindhan sing bener kanggo ngganepi ukara iki...
Mbelah-mbelahna bumi
Mecah-mecahna gundul
Ngagetake jantung
Mbudekake kuping
Tangane Ranti ............. luwes banget yen lagi njoget.
Panyandra sing pas kanggo ngganepi ukara iki yaiku...
Nraju mas
Nggandewa pinentang
Ngolan-olan
Nyigar jambe
Maryanti bocah ayu, yen kanggo ngguyu pipine......
Nduren sajuring
Nyela cendani
Kencana pinantar
Nggula salirang
Susanti lan Susana kembar padha rupane kaya ... .
Dewi Ratih
Jambe Sinegar
Kembang Sepasang
Temanten Anyar
Mbah putri lan mbah kakung runtang - runtung mrona mrene kaya ... .
bocah kembar
mimi lan mintuna
manten ditemokake
jambe sinegar
Ireng-ireng gorengan kopi, ....
Tembung sing mathuk kanggo nggenepi parikan ing dhuwur yaiku ....
Legi-legi rasane gula
Ati seneng juwara siji
Bocah cilik ajar ngaji
Ngenteni bocah sing keri
Gathekna ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara parikan yaiku ... .
Antenge kaya dewi sembrodo
Godhong klaras godhong kemangi, bocah memelas luruh rejeki
Pawakane lencir, kulite kuning
solahe gandhes luwes
Tangane cekot dene sing gruwung yaiku ... .
lambene
silike
irunge
kupinge
Polahe wong kutha iku kaya gabah diinteri. Ukara iku kalebu ukara ....
panyandra
panyendu
pepindhan
bebasan
Enthenge kaya kapuk.
Diarani ukara ...
panyandra
panyendhu
parikan
pepindhan
Bangkekane nawon kemit, irunge ngudhup mlathi, alise nanggal sepisan kalebu jinise tembung...
Panyendhu
Panyandra
Pepindhan
Cangkriman
Sulis bocahe ayu,rambute
pirang
ngembang bakung
dawa
cepak
Cilik cilik gelang karet, ......
Cekap semanten atur kula
Ora mampir pokok liwat
Isih cilik aja kased
klambi abang merak ati
Wedange kencur mangane ampyang, wateke jujur uripe gampang.
Diarani ukara ....
panyandra
panyendhu
pepindhan
parikan
Ukara ing ngisor iki kang kalebu parikan yaiku … .
Kembang pakis uripe ing cedhak wit luntas, wis lumrahe sing wasis pinilih ketua kelas
Mula ora salah menawa dheweke kepilih dadi ketua kelas.
Ora pareng ngandha wong liya mundhak dadi ora apik, tur maneh awake dhewe durung mesthi luwih apik saka dheweke.
Muga-muga wae Wijaya Putra besuk bisa mimpin kelas iki kanthi apik, bisa ndadekake kelas iki apik ing sekolah.
