wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa XI (Uyon-uyon Cerkak)

Total questions: 20

Worksheet time: 45mins

Name
Class
Date
1.

Tembung uyon-uyon dumadi saking tembung punapa ?

a)

uyo

b)

uyu

c)

uyon

d)

ngguyu

e)

manguyu

2.

Punapa pangertosan uyon-uyon miturut Bausastra Jawa ?

a)

Lelagon ingkang rancak saha gumyak.

b)

Paring tontonan utawi panglipur penggalih.

c)

Panganggènipun gegendhingan Jawa.

d)

Gegendhingan nabuh gamelan.

e)

Lelagon ingkang dipunsekaraken kanthi wirama alus saha sarèh.

3.

Uyon-uyon kalebet lelagon ingkang dipunsekaraken kanthi wirama punapa ?

a)

bawa

b)

rancak

c)

sarèh

d)

gumyak

e)

sora

4.

Uyon-uyon ginelar ing sapèrangan pagelaran, kejawi ……….

a)

Upacara Merti Désa

b)

Pahargyan Mantu

c)

Pagelaran Wayang

d)

Pahargyan Tedhak Sitén

e)

Adicara Pamit Layon

5.

Ing ngandhap punika pundi sebatan kanggé tiyang ingkang nyekar ing uyon-uyon ?

a)

céngkok

b)

gangsa

c)

gendhing

d)

wiraswara

e)

lelagon

6.

Paraga ingkang kajibah minangka tukang rerenggan gangsa ing panggung, saha ngrengga gangsa sabibaripun adicara, kasebat punapa ?

a)

sindhén

b)

gérong

c)

niyaga

d)

paniti

e)

waranggana

7.

Punapa ingkang dipunwastani saprangkat gamelan ?

a)

Piranti karawitan kanggé ngiringi tembang.

b)

Swanten lelagonipun gangsa.

c)

Gangsa ingkang awujud laras Sléndro utawi laras Pélog kémawon.

d)

Gangsa jangkep awujud Laras Sléndro saha Pélog.

e)

Titikanipun rindhik saha rikatipun panabuhing gangsa.

8.

Punapa jinising piranti gamelan punika ?

a)

tebokan

b)

wilahan

c)

pencon

d)

kawatan

e)

pipa

9.
a)
b)
c)
d)
e)
10.

a)
b)
c)
d)
e)
11.

Punapa ingkang dipunwastani cerkak ?

a)

Cariyos ingkang dipunwiwiti saking tradhisi lisan.

b)

Cariyos kanggé nglelipur penggalih.

c)

Cariyos ingkang ngandharaken kedadosan ingkang kathah.

d)

Karangan ingkang kaserat ing media massa cetak.

e)

Karangan ingkang nyariosaken cariyos fiktif.

12.

Ngandhap punika kalebet paugeran-paugeran ing salebeting cerkak, kejawi punapa ?

a)

Unsur panyengkuyung dumadinipun cerkak.

b)

Cariyosipun limrah fiksi, saged ugi non fiksi.

c)

Perwatakan tokoh dipungambaraken satlérama.

d)

Konflik ingkang medal boten ngantos ngéwahi nasib.

e)

Wosipun ringkes, kirang langkung sedasa éwu tembung.

13.

Ingkang kalebet unsur-unsur intrinsik inggih punika ..........

a)

tema-paraga-watak-latar

b)

spiritual-sosial-alur-tema

c)

leléwaning basa-etika-moral

d)

latar-piwulang-religius

e)

punjering cariyos-kultural-paraga

14.

Unsur punapa ingkang ngrembag sapérangan bab ing sajawining cariyos ?

a)

intrinsik

b)

ekstrinsik

c)

impersonal

d)

point of view

e)

progresif

15.

Ing salebeting cariyos nggadhahi wewarah utawi nasehat ingkang kinandhut, dipunwastani ……….

a)

leléwaning basa

b)

watak

c)

punjering cariyos

d)

paraga

e)

piwulang

16.

Ing andhap punika kalebet unsur ekstrinsik minangka panyengkuyung cerkak, kejawi punapa ?

a)

Latar belakang anggènipun ngripta cariyos.

b)

Sujarahipun cariyos punika dipundamel.

c)

Kawontenan sosial rikala cariyos dipundamel.

d)

Biografi pangripta cariyos.

e)

Undheraning cariyos ingkang dados dhasar lampahipun cerkak.

17.

Pangripta cerkak ngginakaken punjering cariyos punapa ?

a)

Sudut pandang utama

b)

Sudut pandang sampiran

c)

Sudut pandang paraga bawahan

d)

Sudut pandang impersonal

e)

Sudut pandang ing sajawining cariyos

18.

Satunggaling nilai ing unsur ekstrinsik inggih punika kanggé nglestantunaken budaya saha adat masarakat. Kasebat nilai punapa ?

a)

moral

b)

kultural

c)

spiritual

d)

etika

e)

sosial

19.

Ngandhap punika pundi ingkang awujud alur ing salebeting cerkak ?

a)

progresif

b)

point of view

c)

impersonal

d)

ekstrinsik

e)

intrinsik

20.
a)
b)
c)
d)
e)