WorksheetsBasa Rinengga
Total questions: 15
Worksheet time: 15mins
Tegese basa rinengga yaiku ….
basa endah utawa basa sastra kang endahe karana dipaesi/direnga-rengga utawa dirumpaka
basa kawi kang endahe karana dipaesi/direnga-rengga utawa dirumpaka
basa sastra kang endahe karana diwenehi tetembungan liyane saengga dadi endah
basa Jawa utawa basa sastra kang ora endah amarga dipaesi/direnga-rengga utawa dirumpaka
Kang klebu basa rinengga yaiku tembung panyendhu, ….
panyandra, paribasan, lan parikan
parikan, pepindhan, lan sanepa
pepindhan, parikan, lan panyandra
panyandra, geguritan, lan tembang
Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni / nacad diarani ….
panyandra
panyendhu
pepindhan
parikan
Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana diarani….
panyandra
panyendhu
pepindhan
parikan
Ukara kang kedadean saka sampiran lan isi diarani ….
panyandra
panyendhu
pepindhan
parikan
Tembung ing ngisor iki sing klebu tembung panyandra, yaiku ….
nggentong umos, gandane arum jamban, lambene guwing
bangkekane nawon kemit, pipine nduren sajuring, lambehane mlarak sempal
Abang-abang ora legi, klambi abang merak ati
A. cilik-cilik gelange karet, isih cilik aja kesed
Ukara ing ngisor iki kang ana tembung pepindhane, yaiku ….
Situ rambute ngembang bakung mulane katon ayu.
Bocah kae polahe kaya gabah diinteri, ora isa meneng
Cipir mrambat kawat, ora mampir pokok liwat.
Bocah cilik kae awake nggentong umos saking lemune.
Ukara ing ngisor iki kang ana parikane, yaiku ….
Bima tiba saka kursi mula lambene guwing
Bocah mau ayu banget pipine nduren sajuring
godhong waru bolong-bolong, bocah ayu moblong-moblong
Wong iku tandhange kaya banteng ketaton.
Alise bocah wadon kuwi nanggal sepisan. Tembung naggal sepisan klebu tembung….
panyendhu
panyandra
pepeindhan
parikan
Tono ora tau adus mula, ambune arum jamban. Arum jamban klebu tembung ….
panyendhu
panyandra
pepindhan
parikan
Budi mulih sekolah awake lemes, mlakune kaya ….
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut, yaiku ….
macan luwe
pitik mangan
kucing ketaton
benteng ketaton
Sanajan irunge … kancaku sing aran Santi kuwi isih katon manis. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut, yaiku ….
pesek
mancung
dawa
bujel
Mira tangane …. Mula yen njoged bisa luwes. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut, yaiku ….
cekot
dhingklang
nggandhewa pinentang
mblarak sempal
Untune … dhasar rupane putih, yen mesem katon manis. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut, yaiku ….
miji kapak
miji timun
nyawiji
siji
Cipir mrambat kawat, ora mampir …. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut, yaiku ….
pokok liwat
penting lunga
pokok mrana
mangan sega
