wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Paramasastra lan Undha Usuk Basa

Total questions: 20

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Tembung parama yaiku duweni teges .....

a)

linuwih

b)

tulisan

c)

jero

d)

ilmu

2.

Bab ing ngisor iki kang ora disinauni ing paramasastra yaiku babagan......

a)

aksara

b)

tembung

c)

ukara

d)

angka

3.

Cara macane "kecemplung kalen" yaiku....

a)

kêcèmplung kalèn

b)

kêcêmplung kalèn

c)

kêcêmplúng kalén

d)

kêcêmplúng kalèn

4.

"Tuku duwet" cara macane kang bener yaiku....

a)

túkú ḍúwêt

b)

tuku ḍuwét

c)

tuku ḍuwêt

d)

tuku duwêt

5.

ing ngisor iki kang minangka tembung lingga yaiku....

a)

kebul

b)

nyapu

c)

dipidak

d)

tur

6.

tembung 'gumuyu' minangka tembung andhahan amarga ......

a)

oleh ater-ater

b)

oleh seselan

c)

oleh panambang

d)

ora owah

7.

Sinta mangan soto ing kantin. Ukara kasebut kang minangka lesane yaiku.....

a)

Sinta

b)

mangan

c)

soto

d)

ing kantin

8.

Ing ngisor iki kang minangka ukara rowa/camboran yaiku.....

a)

Luwih becik sarapan saben isuk.

b)

Rega beras saiki wis larang.

c)

Pak Ali menika guru basa Inggris wonten sekolahan.

d)

Bu Siti tindak peken, menawi pak Joko taksih sare.

9.

Pak Soleh : "Panjenengan arep tindak ngendi dhe?"

Pak Bowo : "Jakarta."

Wangsulane pak Bowo miturut wujude ukara minangka ukara .......

a)

lamba

b)

gothang

c)

tanduk

d)

pakon

10.

Kala wingi bukune wis dakwaca. Ukara kasebut tuladha ukara.....

a)

gothang

b)

tanggap

c)

tanduk

d)

pitakon

11.

Sintia ...... sate lan ...... es teh.

Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku.....

a)

dhahar, ngunjuk

b)

dhahar, ngombe

c)

mangan, ngunjuk

d)

mangan, ngombe

12.

Rifki : "Pak awakmu omahe ngendi?"

Pak Tono : "Mojosongo"

Ukarane Rifki supaya nerapake undha usuk basa yaiku....

a)

Pak sampeyan omahe pundi?

b)

Pak panjenengan griyane pundi?

c)

Pak sampeyan griyanipun pundi?

d)

Pak panjenengan dalemipun pundi?

13.

tembung sapu yen ditambahi ater-ater hanuswara dadine.....

a)

nyapu

b)

disapu

c)

sapune

d)

taksapu

14.

kondur - kala wingi - ngasta - pakdhe - wingko babat.

Tembung-tembung kasebut yen ditulis miturut pola K-J- W - L dadine yaiku ....

a)

Pakdhe kondur kala wingi ngasta wingko babat.

b)

Kala wingi pakdhe kondur ngasta wingko babat.

c)

Kala wingi kondur pakdhe ngasta wingko babat.

d)

Pakdhe kondur ngasta wingko babat kala wingi.

15.

Bulik tuku klambi warna kuning.

Ukara kasebut menawa gawe krama alus dadine yaiku.....

a)

Bulik tumbas klambi warna ijem.

b)

Bulik tumbas klambi warna abrit.

c)

Bulik mundhut rasukan werni jene.

d)

Bulik mundhut rasukan werni ijem.

16.

Tembung 'kerelip' kuwi tembung lingga kang oleh wuwuhan awujud (a)  

17.

'Getuk goreng', tulisen cara macene!

(a)  

18.

Pakdhe mundhutaken bukunipun dhik Shinta.

Saka ukara kasebut kang minangka tembung lingga yaiku (a)  

19.

Sepatune dhik Defa lagi dikumbah Ibu.

Pola ukara kasebut yaiku (a)  

20.

Ibu lara wetenge.

Krama aluse ukara kasebut yaiku (a)