wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Tengah Semester II Kelas 4 B.Jawa

Total questions: 15

Worksheet time: 3hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Joko Linglung sanajan during mesthi menang, dheweke sanggup mateni Bajul Putih jalaran Bajul Putih seneng gawe cilaka lan sengsarane masyarakat.

Tumindake Joko Linglung mujudake tumindak sing …

a)

ala

b)

apik

c)

durjana

d)

cilaka

2.

Ngisor iki kang klebu crita rakyat jenis fabel yaiku …

a)

Dumadine Candi Prambanan

b)

Keong Mas

c)

Kancil lan Baya

d)

Pangeran Diponegoro

3.

Prentahe Ajisaka marang Joko Linglung supaya mulihe ora liwat dalan.

Ukara ing dhuwur yen dikramakne dadi …

a)

Dhawuhipun Ajisaka dhateng Joko Linglung supados konduripun boten medal margi

b)

Prentahipun Ajisaka dhateng Joko Linglung supados wangsulipun boten medal margi

c)

Prentahipun Ajisaka dhateng Joko Linglung supados konduripun boten medal margi

d)

Dhawuhipun Ajisaka dhateng Joko Linglung supados wangsulipun boten medal margi

4.

Nalika crita ana ngarep kelas swarane kudu …

a)

rangu

b)

bengok

c)

sora

d)

alon

5.

Tika : Bapak wonten pundi bu?

Ibu : …..

Ukara kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku …

a)

Bapak adus ana jedhing

b)

Bapak lunga menyang Solo

c)

Bapak nembe tilem

d)

Bapak lagi sare

6.

Candi Prambanan mapan ana wewengkon ….

a)

Bandung

b)

Yogyakarta

c)

Malang

d)

Semarang

7.

Nalika crita ora kena ….

a)

runtut

b)

trep

c)

rangu

d)

seru

8.

Cacahe larik saben sapada jenenge …

a)

guru gatra

b)

guru sastra

c)

guru wilangan

d)

guru lagu

9.

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula tula katali

Kadaluwarsa katutuh

Kapatuh pan dadi awon

Tegese katula tula katali yaiku …

a)

Gawe kuncara asmane wong tua

b)

Kacilakan kang matumpa-tumpa

c)

Njarag marang bebaya

d)

Ora mangerteni paugeran

10.

Rungokna pituturku

Bocah sekolah kudu sinau

Aja pada seneng nakal lank emaki

Iku sipat ora apik

Marakake dadi bodho

Miturut tembang ing dhuwur, kuwajibane bocah sekolah yaiku …

a)

Ora kena mangkat telat

b)

Ngurmati guru

c)

Rukun karo kanca

d)

Sregep sinau

11.

Ukara krama kang ora trep yaiku …

a)

Ibu nembe mawon rawuh

b)

Simbah sampun sare

c)

Adhik siram wonten jedhing

d)

Bapak wungu tabuh sekawan

12.

Sekar gambuh ping catur. Tembung “sekar” ngemu teges …

a)

kembang

b)

tembang

c)

wangi

d)

macapat

13.

Tembang gambuh klebu sekar …

a)

ageng

b)

tengahan

c)

alit

d)

modheren

14.

Pretelan kang ora trep karo tembang gambuh yaiku …

a)

Dumadi saka lima gatra

b)

Gatra kapindho swara pungkasan suku

c)

Paugerane 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

Cacahe guru lagu suku ana loro

15.

Wengi mau aku wis turu, bapak durung …..

a)

sare

b)

tilem

c)

bobok

d)

merem