WorksheetsPTS Semester Genap Kelas 4 (B Jawa)
Total questions: 25
Worksheet time: 23mins
Rai gedheg, tegese ....
ora oleh opo-opo
njarag sing ora luput
ora ndue isin
ora ndue ilmu
Wedi getih, tegese ...
jirih
nesu
entuk kesempatan
ora ndue isin
Empuk rembuge, tegese ...
ora ndue isin
ora oleh opo-opo
akeh wong padha nangis
rembuge kepenak dirungoke
Anak polah bapa kepardhah, tegese ....
sing becik bakal tenemu, sing ala bakal ketara
wis diwenehi sathithik, banjur njaluk luwih akeh
ora antep, atine molah malih
wong tuwo melu repot amarga tumindake anak
Becik ketitik ala ketara, tegese ....
pasulyan marga barang kan sepele
sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
sarwa cilaka, tansah kena paeka
ora mantep atine molah-malih
Rebutan balung tanpa isi, tegese ....
pasulayan marga barang kang sepele
ora antep, atine molah-malih
olehe ngunen-uneni sakatoge
wong tuwo melu repot amarga tumindake anak
Wuwuhan sing manggon ing ngarepe tembung diarani ....
Tembung
Ater-ater
Seselan
Panambang
Tembung "nulis" asale saka "tulis" lan wuwuhan "n-". Wuwuhan n- kalebu wuwuhan ing ngarep tembung sing diarani ....
Tembung lingga
Ater-ater
Seselan
Panambang
Bayu seneng (rewang) ibune nyapu.
Tembung jero kurung sing bener yaiku ….
ngrewangi
dakrewangi
kokrewangi
direwangi
Yen kabotan, kene tasmu (gawa)!
Ukara ing jero kurung benere ....
digawakake
dakgawakake
kokgawakake
digawa
Kara kanca aja seneng .... ben ora didohi kancane
Bebarengan
Gotong royong
Rukun
Drengki
Guyub tegese ....
gregeten mulane ora tumindak
greget tumindak bebarengan
urip sing selaras
urip ngedohi pasulayan
Tegese rahayu yaiku ...
kuwat
slamet
kumpulan omah
urip sing selaras
Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....
Geguritan
Paribasan
Pantun
Tembung
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....
Guyub rukun
Sapu sada
Adiwiyata murih rahayu
Jumat asri
Kumpulan larik kang selaras diarani ....
Bait
Tembung
Larik
Irah-irahan
Wirama yaiku ....
Kumpulan larik kang selaras
Tujuane penulis gawe geguritan
Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake
Tembung seng ora sebenere
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ....
Bisa ngarang
Pinter nembang
Ngerti pengarange
Paham isine
Rukun dhuweni arti ....
Urip tukar padu
Urip sing selaras
Greget tumindhak bebarengan
Greget mulane ora tumindhak
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?
R. Tantiningsih
R. Tanti
R.A. ningsih
R.A. Kartini
Kanca
Ayo padha ngudi laku utama
Ngayahi pakaryan agung
Mbudidaya beciking pribadi
Ayo gelis sigra mbangun
Labuh nusa lan bangsa
Najan abot urip iki
Akeh krikil lan watu ngalang-alangi dalan
Serik tangis lan rasa kuciwa dadi
Pepalange laku
Aja dumeh lan aja keduwung
Kang dadi pepalange laku yaiku ... .
kuciwa
seneng
watu
bungah
Kanca
Ayo padha ngudi laku utama
Ngayahi pakaryan agung
Mbudidaya beciking pribadi
Ayo gelis sigra mbangun
Labuh nusa lan bangsa
Najan abot urip iki
Akeh krikil lan watu ngalang-alangi dalan
Serik tangis lan rasa kuciwa dadi
Pepalange laku
Aja dumeh lan aja keduwung
Kang dikarepake krikil lan watu ngalang-alangi dalan yaiku ... .
kanca
pacoban
Ora duwe bandha
wong liya
Woh-wohan sing wite mrambat diarani ….
pala kirna
pala gumantung
pala kesimpar
pala kependhem
Tanduran sing kalebu empon-empon yaiku ….
kacang
gedhang
kenthang
temulawak
Klapa, nangka, lan pelem kalebu woh-wohan kang diarani pala ....
kirna
gumantung
kasimpar
empon-empon
