Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL US BAHASA JAWA SPVHS

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Mingkar-mingkuring ukara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa

Agama ageming aji.

Tembang pangkur ing ndhuwur kang guru wilangan lan guru lagune 8i dumunung ing gatra …

a)

2

b)

3

c)

4

d)

6

e)

7

2.
a)

Panasten

b)

Drengki

c)

Welasasih

d)

Tanggungjawab

e)

Tresnasapadha-padha

3.

a)

pendhapa

b)

pringgitan

c)

dalem ageng

d)

gandhok

e)

pekiwan

4.

“Wajik klethik gula Jawa”, menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ...

a)
b)
c)
d)
e)
5.

Wacanen cerita wayang ing ngisor iki kanthi premathi!

“Bima Bungkus”

Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus.

Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.

Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus.

Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Pararaseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu (Prigel Basa Jawa).

Dasanamane Raden Bratasena ana ing cerita wayang kasebut, yaiku....

a)

Raden Antasena

b)

Raden Werkudara

c)

Raden Gathotkaca

d)

Raden Abimayu

e)

Raden Antareja

6.

Pusaka kang diduweni Bima yaiku...

a)

Tombak

b)

Kuku pancanaka

c)

Panah pasopati

d)

Keris kalanadah

e)

Pedang

7.

Ing ngisor iki perangan panatacara kang awujud sapa aruh yaiku ….

a)

Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti Ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa, kasarira dening para tamu ingkang minulya.

b)

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, minangka pambukananing pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah.

c)

Nuwun, para sepuh para pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

d)

Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening kulawarga.

e)

Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad n ikah wilujeng nalika wau wonten ing Masjid Baiturrohman

8.
a)

Magelang

b)

Wonosobo

c)

Solo

d)

Semarang

e)

Jepara

9.

a)

Penthol korek

b)

Geni

c)

Areng

d)

Kobongan

e)

Wong dikunjara

10.

Gatekna punggelan novel ing ngisor!

Bowo sing mripate kumembeng luh, iku, ora leren-leren tansah diarasi, dilus-lus sirahe, lan dikekep-kekep ing dhadhane nganti sing padha weruh akeh sing neteske luh, merga saking trenyuhe. Patemon sing ora kanyana-nyana iku, mujudake kabungahan sing tanpa upama ajine.

Posisine pengarang ana ing wacan kasebut yaiku ….

a)

Wong kapisan

b)

Wong kaloro

c)

Wong katelu

d)

Wong kapisan minangka paraga punjer

e)

Wong kapisan minangka paraga sampingan

11.

Teknik sesorah kang dilakoke nganggo cara gawa cethetan cilik, kasebut teknik....

a)

Apalan

b)

Ekstemporan

c)

Naskah

d)

Impromtu

e)

Improvisasi

12.

Gatekna teks ing ngisor iki

Assalaamu’alaikum wr.wb

Kula Nuwun

Para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi.Nyuwun pangapunten dene kula paripeksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kula matur ing ngarsanipun Bapak Atmosentika sarimbit.

Sempalan sessorah atur pasrah ing ndhuwur kang diarani...

a)

Pambuka

b)

Surasa

c)

Panutup

d)

Atur Panuwun

e)

Atur Pangapunten

13.
a)

kanggo mbuang siyal

b)

nyuwun slamet

c)

mecah kendhil

d)

supaya rukun

e)

supaya calon penganten resik lair lan batine

14.

Gatekna tembang macapat ing ngisor iki kanthi permati!

Wong seger badanipun

Otot daging kulit balung sungsum

Tumrah ing rah memarah Antenging ati

Antenging ati nunungku

Angruwat ruweding …..

Manut paugeran tembang gambuh, tembung kang trep kanggo jangkepi ceceg ing dhuwur yaiku….

a)

Batin

b)

Ati

c)

Batos

d)

Manom

e)

Setya

15.
a)

kayangan

b)

gunung tidar

c)

tanah Jawa

d)

sisih kulon tanah Jawa

e)

sisih wetan tanah Jawa

16.

a)

Kesehatan

b)

Pendidikan

c)

Kuliner

d)

Pakaian

e)

Industri

17.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Mayarakat Provinsi Jawa Tengah nduweni werna-werna kesenian tradisiona lrakyat. Kesenian iku kang nduweni fungsi minangka kangggo sarana hiburan. Wujude kesenian tradisional kang ana ing Jawa Tengah yaiku ketoprak, tayub, srandul, soreng, tembang dolanan, jathilan, ndolalak, topengireng (dayakan), lan liya-liyane.

Ing dhuwur iku kesenian tradisional kang ana ing Kabupaten Magelang yaiku ….

a)

Ketoprak, tayub, srandul

b)

Srandul, sorengjathilan

c)

Soreng , tembangdolanan, ketoprak

d)

Soreng, jathilan, topengireng (dayakan)

e)

Jathilan, ndolalak, topengireng

18.

Slamet : “Cempluk, gelem yak ono ngimbangi tresnaku.”

Cempluk :”Ora Met, kepiye wae kowe kuwi adhiku.”

Slamet :”Kepiye wae aku kudu bias sandhing karo mbakyu Cempluk kaya dene … lungguh jejer ge tamba kangen.”

Parikan kang trep kanggo nggenepi dialog ing dhuwur yaiku ….

a)

Abang-abang ora legi

b)

Wedang bubuk gula Jawa

c)

Kapal keruk taline kenceng

d)

Mikul ember kiwa tengen

e)

Brambang saksen lima

19.

Ing ngisor iki tembung kang nggunakake Aksara swara, kajaba...

a)
b)
c)
d)
e)
20.

Mangka kanthining tumuwuh

Salami mung awaseling

Eling lukitaning alam

Dadi wiryaning dumadi

Supaya nir ing sansaya

Yeku pangreksaning urip

Saka serat wedhatama pupuh kinanthi kasebut wong urip iku kudu ... supaya adok saka sangsara.

a)

sakarepe dewe

b)

awal, eling lan ati-ati

c)

ngurangi dahar lan nendra

d)

dahar lan nendra inkang katah

e)

manuk karo aturan kang lumaku

21.

Gatekna geguritan ing ngisor iki!

Wengi iki

Wengi iki semilir maruta nrecep ing ati

Kekanca lintang kang ngiwi-iwi

Sajak banhget rasa ati iki nelangsa

Kelingan bebungah, susah iku wis lumrah

.........................................

Tembung ‘kelingan bebungah, susah iku wis lumrah’, kelebu ....

a)

Tembung garba

b)

Tembung plutan

c)

Purwakanthi guru swara

d)

Tembung yogyaswara

e)

Tembung dwilingga

22.

Kadangku….

Donya iki dudu duweku

Donya iki dudu duwekmu

Mula

Aja rebutan panguasa

Aja rebutan bebener

Kadangku….

Eling,

Aku lan kowe ora iso urip ijen

Aku lan kowe kudu urip bebarengan

Sayuk rukun

Gotong royong

Bahu binahu

Adohna rasa drengki srei

Jail methakil

Gedhekna rasa tepa selira

Urip bakal tentrem ayem

(R. Tantiningsih)

Isi geguritan ing nduwur yaiku….

a)

Jail methakil

b)

Drengki srei

c)

Sayuk rukun

d)

Kandangku

e)

Urip bebarengan

23.

Gatekna gambar ing sisih kiwa!

Perangan ageman kakung sak pengadeg ana ing gambar kasebut kang nuduhake canela yaiku angka ….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

24.

Gambar ing dhuwur kalebu perangan gamelan kang diarani ….

a)

Demung

b)

Saron

c)

Slenthem

d)

Kempul

e)

Peking

25.

Gamelan Jawa iku salah sawijining corak gamelan kang ana ing tlatah Jawa Tengah uga Yogyakarta lan saperangan tlatah Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa beda karo musik gamelan saka daerah liyane. Gamelan Jawa iku nduwe gatra-gatra pentatonis lan nduweni 2 laras, yaiku laras slendro lan laras pelog. Laras slendro nduweni urutan gatra-gatra 1 2 3 5 6 (jirolu ma nem). Laras slendro kaperang dadi telung pathet yaiku pathet nem, pathet sanga, lan pathet manyura.Urutan iki umume kanggo pagelaran wayang. Laras pelog nduweni gatra-gatra 1 2 3 4 5 6 7 (jirolu pat ma nem pi). Laras Slendro kaperang dadi pathet nem, pathet lima, lan pathet barang.

Ukara ing ngisor kang trep karo wacana eksposisi babagan gamelan ing ndhuwur yaiku….

a)

Pathet ing gamelan laras pelog kaperang dadi pathet lima, pathet nem, pathet sanga

b)

Pathet ing gamelan laras slendro kaperang dadi pathet lima, pathet nem, pathet sanga

c)

Laras pelog nduweni gatra-gatra 123456 (jirolu pat ma nem)

d)

Laras pelog nduweni gatra-gatra 12356 (jirolu ma nem)

e)

Laras slendro nduweni gatra-gatra 12356 (jirolu ma nem)

26.
a)

Agus sekolah ing Inggris

b)

Agus kuliyah ing Inggris

c)

Agus kerja ing Inggris

d)

Agus lunga ing Inggris

e)

Agus budhal ing Inggris

27.

Yogyanira kang para prajurit,

Lamun bisa samya anuladha

Kadya ng nicaritane

Andelira sang Prabu

SasrabauingMaespati

AranPatihSuwanda

Lalabuhanipun

Kang ginelung tri prakara

Guna kaya purunnekangdenantepi

Nuhonitrahutama

Ing nginggil menika kalebet cakepan Tembang Dhandhanggula Serat Tripama. Miturut seratan menika, piwulang luhuring kang saged dipunpendhet inggih menika ...

a)

Nglampah gesang kanthi nriman.

b)

Nuladhani piwulang becik.

c)

Sabar lan andhapasor.

d)

Sumadya marang negara.

e)

Mituhu marang tiyangsepuh.

28.

Ukara ing dhuwur menawa ditulis latin dadi ......

a)

Sesuk tanggal 27 April 2020 Zain arep wawancara kerja ing Jepang wondene kegiatan kasebut dianakake ana ing aula sekolah.

b)

Sesuk tanggal 27 April 2020 Zain arep wawancara kerja ing Jepang wondene kegiyatan kasebut dianakake ana ing aula sekolah.

c)

Sesuk tanggal 27 April 2020 Zain arep wawancara kerja ing Jepang, wondene kegiatan kasebut dianakake ana ing aula sekolah

d)

Sesuk tanggal 27 April 2020 Zain arep wawancara kerja ing Jepang, wondene kegiyatan kasebut dianakake ana ing aula sekolah.

e)

Sesuk tanggal 27 April 2020 Zain arep wawancara kerja ing Jepang, wondene kegiatan kasebut dianakake ana ing aula sekolah.

29.

Aja ngidoni sumur, mengko ....

Tembung kang trep kanggo njangkepi pituduh ing dhuwur yaiku ...

a)

Lambe suwing

b)

Lambe abuh

c)

Kembang lambe

d)

Lambene gatel

e)

Lambe satemplik

30.

Wewaler iku tegese ...

a)

Ora ilok

b)

Ora apik

c)

Budaya

d)

Larangan

e)

Pituduh