wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN 7 BASA JAWA KELAS 5 (TEKS CERITA PEWAYANGAN)

Total questions: 35

Worksheet time: 2hrs 45mins

Name
Class
Date
1.

Anoman Obong iku mujudake kethek kang sekti mandraguna. Pranyata dhewekeiku kalis ing geni saengga ora mempan diobong. Nalika diobong mau Anoman kelakon mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah-omah. Wewangunan lan wit-witan kang diencoki Anoman sanalika kobong kabeh. Kraton Alengkadiraja sing maune edi peni lan becik endah saiki dadi segara geni kang mulatmulat. Prabu Dasamuka nesu banget lan enggal mrentahahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging ora kasil jalaran Anoman lolos lan wis bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.

Saka teks Anoman Obong ing dhuwur, kang dadi latar/setting yaiku ….

a)

Anoman

b)

Kraton Alengkadiraja

c)

Prabu Dasamuka

d)

Sri Ramawijaya

2.

Anoman Obong iku mujudake kethek kang sekti mandraguna. Pranyata dhewekeiku kalis ing geni saengga ora mempan diobong. Nalika diobong mau Anoman kelakon mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah-omah. Wewangunan lan wit-witan kang diencoki Anoman sanalika kobong kabeh. Kraton Alengkadiraja sing maune edi peni lan becik endah saiki dadi segara geni kang mulatmulat. Prabu Dasamuka nesu banget lan enggal mrentahahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging ora kasil jalaran Anoman lolos lan wis bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.

pawongan kang ora mempan diobong iku jenenge ….

a)

Prabu Dasamuka

b)

Sri Ramawijaya

c)

Anoman

d)

Prabu Rahwana

3.

Anoman Obong iku mujudake kethek kang sekti mandraguna. Pranyata dhewekeiku kalis ing geni saengga ora mempan diobong. Nalika diobong mau Anoman kelakon mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah-omah. Wewangunan lan wit-witan kang diencoki Anoman sanalika kobong kabeh. Kraton Alengkadiraja sing maune edi peni lan becik endah saiki dadi segara geni kang mulatmulat. Prabu Dasamuka nesu banget lan enggal mrentahahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging ora kasil jalaran Anoman lolos lan wis bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.

Prabu Dasamuka nesu amarga ....

a)

Anoman diobong

b)

Anoman pencolotan sandhuwure kraton lan omah-omah

c)

Kraton Alengkadiraja dadi segara geni amarga gawene Anoman

d)

Anoman bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya

4.

Babone crita wayang iku saka buku ….

a)

Ramayana

b)

Mahabarata

c)

Baratayuda

d)

Ramayana lan Mahabarata

5.

Sing ngarang buku Ramayana yaiku ….

a)

Empu Walmiki

b)

Empu Wiyasa

c)

Empu Sedah

d)

Empu Sedah lan Empu Panuluh

6.

Empu Wiyasa iku pujangga kang ngarang buku ….

a)

Ramayana

b)

Mahabarata

c)

Baratayuda

d)

Anoman Obong

7.

Sajrone KBBI, tembung wayang mujudake ….

a)

golekan tirone pawongan digawe saka pahatan kulit utawa kayu

b)

pawongan kang nglakokake crita Ramayana nganggo topeng

c)

ayang-ayang saka sifat-sifat kang ana ing sajrone jiwa manungsa

d)

pawongan kang nglakokake lan nyritakake wayang

8.

Ngisor iki sing dudu jinise wayang yaiku ….

a)

wayang golek

b)

wayang purwa

c)

wayang krucil

d)

wayang Ramayana

9.

Wayang kang paragane diperanake dening pawongan diarani wayang

a)

golek

b)

wong

c)

purwa

d)

topeng

10.

Unsur intrinsik crita kang ana gandengane karo papan, wektu, lingkungan sosial, lan swasana yaiku ….

a)

tema

b)

paraga

c)

latar/setting

d)

alur/plot

11.

Sing kagolong jinise wayang, kajaba ….

a)

wayang purwa

b)

wayang wong

c)

wayang topeng

d)

wayang gojek

12.

wayang kang nggambarake babagan kitab Mahabarata kanthi inti cerita perang "Baratayuda (perange sedulur-sedulur tedhak turune Barata), yaiku antarane Kulawarga Pandhawa lan Kurawa, kang wusanane dimenangake dening kulawarga Pandhawa, wayang kuwi diarani ….

a)

wayang purwa

b)

wayang madya

c)

wayang gedhog

d)

wayang krucil

13.

wayang kang mujudake kasil kreativitas Raja Mangkunegara IV, Surakarta, wayang kuwi diarani ….

a)

wayang purwa

b)

wayang madya

c)

wayang gedhog

d)

wayang krucil

14.

wayang kang rinipta dening salah sijine Wali Sanga kanthi asma Sunan Giri, wayang kuwi diarani ….

a)

wayang purwa

b)

wayang madya

c)

wayang gedhog

d)

wayang krucil

15.

wayang kang wujude cilik-cilik ginawe saka kayu, wayang kuwi diarani ….

a)

wayang purwa

b)

wayang madya

c)

wayang gedhog

d)

wayang krucil

16.

wayang kang ginawe saka bahan kayu. Cacahe udakara 70. Wayang iki akeh tinemu ing Cepu sarta Bojonegoro lan uga Jawa, wayang kuwi diarani ….

a)

wayang golek

b)

wayang suluh

c)

wayang topeng

d)

wayang wong

17.

wayang kang sinebut wayang sandiwara, wayang kuwi diarani ….

a)

wayang golek

b)

wayang suluh

c)

wayang topeng

d)

wayang wong

18.

wayang kang amarga kabeh para paragane migunakake topeng ing pasuryan utawa wadanane, wayang kuwi diarani ….

a)

wayang golek

b)

wayang suluh

c)

wayang topeng

d)

wayang wong

19.

wayang kang paraga-paragane diperanake dening pawongan, wayang kuwi diarani ….

a)

wayang golek

b)

wayang suluh

c)

wayang topeng

d)

wayang wong

20.

wayang kang minangka asil pangrembakane relief-relief kang tinemu ing Candi Penataran. Wayang beber dumadi saka cerita-cerita kang linukis ing kain alus, wayang kuwi diarani ….

a)

wayang golek

b)

wayang suluh

c)

wayang topeng

d)

wayang beber

21.

pokok prekara utawa lelandhesan/dhasare cerita, uga sinebut (diarani) ….

a)

tema

b)

paraga

c)

penokohan/watak

d)

latar/setting

22.

tokoh ing sajrone cerita, uga sinebut (diarani) ….

a)

tema

b)

paraga

c)

penokohan/watak

d)

latar/setting

23.

watak-wantune para paraga ing sajrone cerita, uga sinebut (diarani) ….

a)

tema

b)

paraga

c)

penokohan/watak

d)

latar/setting

24.

unsur intrinsik cerita kang ana gandhengane karo papan, wektu, lingkungan sosial, lan swasana kang ndhasari kadadean ing isine cerita kasebut, uga sinebut (diarani) ….

a)

tema

b)

paraga

c)

penokohan/watak

d)

latar/setting

25.

urutan kadadean kang sambung-sumambung mangun sawijine cerita, uga sinebut (diarani) ….

a)

alur/plot cerita

b)

sudut pandang

c)

gaya basa

d)

amanat

26.

pamawase pangripta utawa carane pangripta anggone netepake dhiri priyanggane ing sajrone cerita, uga sinebut (diarani) ….

a)

alur/plot cerita

b)

sudut pandang

c)

gaya basa

d)

amanat

27.

piranti utamane pangripta kanggo nggambarake lan nguripake cerita sacara endah utawa edi peni, uga sinebut (diarani) ….

a)

alur/plot cerita

b)

sudut pandang

c)

gaya basa

d)

amanat

28.

pesene pangripta kang arep diaturake marang9 para maos, uga sinebut (diarani) ….

a)

alur/plot cerita

b)

sudut pandang

c)

gaya basa

d)

amanat

29.

Wayang kang digawe saka kulit, uga sinebut (diarani) ….

a)

wayang kulit

b)

kelir

c)

blencong

d)

gedebog

30.

Mori, kain putih kang didadekake geber, uga sinebut (diarani) ….

a)

wayang kulit

b)

kelir

c)

blencong

d)

gedebog

31.

Lampu, pepadhang kang madhangi kelir. Ayang-ayange wayang kang diobahake Ki Dhalang, kang ndadekake pagelaran wayang kulit iku narik ati lan nggumunake, uga sinebut (diarani) ….

a)

wayang kulit

b)

kelir

c)

blencong

d)

gedebog

32.

Gunane kanggo nancepake wayang, uga sinebut (diarani) ….

a)

wayang kulit

b)

kelir

c)

blencong

d)

gedebog

33.

Ya wiwit dina kuwi aku manggon ana pertapan. Kakang Sumantri banget tresnane marang aku. Dheweke tansah ngladeni sakabehing kabutuhanku. Menyang endi wae aku mesthi dijak. Mula ora jeneng aneh menawa aku uga tresna banget marang Kakang Sumantri. Rasane aku ora bisa pisah karo dheweke. Nanging dina iki, aku kepeksa kudu pisah karo Kakang Sumantri.

pesan moral kang ana ing pethikan crita wayang ing ndhuwur yaiku ….

a)

tresna iku ora mesti bebarengan terus, ana wayahe nglakoni urusan dewe-dewe

b)

dadi uwong ora oleh tresna marang uwong liyane

c)

ora bakal kepeksa kudu pisah kabeh

d)

aku manggon ana kali wetan

34.

Dina-dina candhake daklakoni kanthi ati kang sepa lan sepi. Aku nyoba nuruti dhawuhi Bapa Begawan. Esuk-esuk aku wis tangi, nyapu latar, ngisi jedhing, lan gawe unjukan kanggo Bapa Begawan. Rada awan sethithik aku semedi lan nyinau kitab Wedha. Yen wis kesel aku leren utawa dolanan karo para cantrik. Aku nyoba nglalekake Kakang Sumantri, kaya dhawuhe Bapa Begawan. Nanging yen wayah bengi, nalika aku ana senthong dhewe, gawanggawang praupane Kakang Sumantri katon cetha ana angenangenku. Saya dakcoba ngipatake wewayangan mau, malah sangsaya katon ngalela. Yen wis ngene bisaku mung nangis, nganti aku keturon.

pesan moral kang ana ing pethikan crita wayang ing ndhuwur yaiku ….

a)

rada bengi sethithik aku ora bakal semedi lan maguru marang liyan

b)

supaya ora dadi gela ning ati kudu iso nglalekake lan sabar nglakoni

c)

ayo padha nangis bareng-bareng, supaya dunyo iki rame

d)

esuk-esuk aku wis sarapan banjur keturon

35.

Nalika aku tekan sapinggiring desa, aku weruh sawijining nomnoman lagi lungguh ijen ana sandhuwure watu ireng. Dheweke katon susah banget. Bola-bali rambute dijambaki dhewe, kaya-kaya lagi nggetuni prastawa sing wis dumadi. Aku mlaku nyedhaki. Sangsaya cedhak sangsaya cetha bleger lan praupane. Ora salah maneh! "Kakang Sumantri!" panjelihku. Nom-noman mau katon kaget banjur mengo nyawang aku. "Adhi Sukrasana". Aku wis ora sabar maneh, age mlayoni dheweke, banjur gapyuk wong loro padha rerangkulan. Sawise sauntara wektu anggone nyuntak rasa kangen, Kakang Sumantri takon marang aku.

pesan moral kang ana ing pethikan crita wayang ing ndhuwur yaiku ….

a)

bola bali awake susah

b)

wong enom-noman padha njambaki rambute amarga getun

c)

ketemu karo wong sing di tresnani iso dadi tambane ati

d)

rasa kangen iku ora ana migunani kanggo urip