wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-Ungguh Bahasa Jawa

Total questions: 22

Worksheet time: 11mins

Name
Class
Date
1.

Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?

a)

Kanca

b)

Bapak/Ibu

c)

Guru

d)

Mas/Mbak

2.

‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....

a)

Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor

b)

Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor

c)

Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor

d)

Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor

3.

Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

4.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

5.

Kowe maeng apa uwis mangan?

Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil dadi ....

a)

Panjenengan kalawau menapa sampun dhahar?

b)

Sampeyan kalawau napa sampun dhahar?

c)

Panjenengan wau napa sampun nedha?

d)

Panjenengan wau menapa wis dhahar?

6.

Kula sampun mbeta seratipun, Pak.

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko lugu dadi .....

a)

Aku ora gawa apa-apa, Pak

b)

Aku wis gawa serat, Pak

c)

Aku wis gawa surate, Pak

d)

Aku ora gawa surate, Pak

7.

Krama aluse ngomong yaiku .....

a)

Kandha

b)

Ngendhika

c)

Mbacot

d)

Matur

8.

Ngoko lugune talingan yaiku .....

a)

Tangan

b)

Irung

c)

Kuping

d)

Rambut

9.

Ibu : Bapak wis ... ?

Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.

Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira

Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?


Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

maem

b)

mangan

c)

madang

d)

nedha

e)

dhahar

10.

Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....


Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Dhahar, dhahar

b)

Nedha, nedha

c)

Nedha, mangan

d)

Nedha, dhahar

e)

Dhahar, nedha

11.

Anis : mengko sore sido latihan ora san?

Santi : sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.


Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Madya

e)

Krama Alus

12.

Jingglengono 5 ukara ing ngisor

1. wong tuwa marang wong enom

2. wong/bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane

3. wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane

4. wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor

5. ngrembug wong liya kang perlu diajeni


Sing kalebu ing ragam ngoko lugu yaiku....

a)

1,2,3

b)

1,2,4

c)

2,3,4

d)

2,4,5

e)

3,4,5

13.

Bapak wis kondur saka Bandhung. Kondur basa ngokone yaiku ....

a)

mulih

b)

lunga

c)

manggon

d)

omahe

14.

Bu lik lunga pasar numpak pit motor.

Ukara ing dhuwur basa kramane ....

a)

Bu lik tindak peken nitih sepedha motor

b)

Bu lik tindak peken numpak sepeda motor

c)

Bu lik pasar nitih sepedha motor

d)

Bu lik peken nitih pit motor

15.

Rina ... Bu guru nabung

a)

didhawuhi

b)

dikongkon

c)

dipeksa

d)

ditimbali

16.

Bu Dian tindak kantor nitih bis. Salinen nganggo basa ngoko ....

a)

Bu Dian lunga kantor numpak bis

b)

Bu Dian lunga kantor

c)

Bu Dian numpak bis

d)

Bu Dian lunga kantor ditumpaki bis

17.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

18.

Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?

a)

Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.

b)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun

simbah?

c)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun

simbah?

d)

Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?

19.

Lilis boten mlebet sekolah amargi gerah.

Kanggo Lilis tembung gerah benere...

a)

lara

b)

sakit

c)

kesel

d)

sayah

20.

Kula sampun kandha marang bapak menawi kula nyuwun artha.

Tembung "kandha" ing ukara nduwur benere...

a)

Ngomong

b)

Ngendika

c)

Matur

d)

Njaluk

21.

Simbah lagi lara untu. Yen nganggo basa krama alus...

a)

Simbah lagi gerah untu

b)

Simbah nembe gerah waja

c)

Simbah nembe gerah untu

d)

Simbah lagi gerah waja

22.

Adhik .... susu, kula .... es teh ugi bapak .... kopi

Tembung-tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Ngombe, nginum, ngunjuk

b)

Nginum, nginum, ngunjuk

c)

Ngombe, ngombe, ngombe

d)

Nginum, nginum, ngunjuk

e)

Ngombe, ngombe, ngunjuk