wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-ungguh basa lan Basa Rinengga

Total questions: 20

Worksheet time: 7mins

Name
Class
Date
1.

Kang diarani unggah ungguh basa yaiku...

a)

Undhag-undhage basa lisan lan tulis kang ngandung tata krama

b)

undhag-undhage basa isyarat kang ngandhut tata karma

c)

Undhag-undhage basa lisan kang ngandhut tata karma

d)

undhag-undhage basa tulis ngandhut tata karma

2.

Ragam unggah-ungguh basa ana ing ngisor iki, kajaba/kecuali.....

a)

Ngoko Alus

b)

Krama alus

c)

Ngoko lugu

d)

Krama madya

3.

Ancik-ancik pucuking eri. Unen-unen kasebut kalebu....

a)

Saroja

b)

Wangsalan

c)

Paribasan

d)

Entar

4.

Le, aku sesuk terna menyang Puskesmas, amarga sesuk wayahe kontrol. Ragam basa kang digunakake yaiku.…

a)

Krama alus

b)

Ngoko lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama lugu

5.

Wis telung dina ibu lara weteng. Basa krama aluse yaiku.…

a)

Pun tigang dinten ibu gerah padharan.

b)

Wis telung dina ibu gerah padharan.

c)

Sampun tigang dinten ibu gerah padharan.

d)

Wis telung dina ibu sakit padharan.

6.

"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kulawargane lan nyekolahake putrane". Tembung adus kringet kalebu tembung....

a)

Entar

b)

Bebasan

c)

Saroja

d)

Paribasan

7.

Ing ngisor iki kang dadi titikane basa ngoko alus yaiku...

a)

basa ngoko kang tembunge basa rinengga

b)

basa ngoko kang kacampuran ragam basa krama alus

c)

basa kang tembunge nganggo basa negara lain

d)

basa ngoko kang tembunge dienggo saben dina

8.

Eyang ngunjuk wedang jahe. Adhiku melu-melu...wedang jahe.

a)

Ngombe

b)

Ngelak

c)

Nginum

d)

Nyruput

9.

Basa kang endah lan dipaesi utawa tetep edi peni, diarani....

a)

Basa krama inggil

b)

Bebasan

c)

Basa Rinengga

d)

Saroja

10.

Senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane, iki paribasane ..…

a)

Sabar tumindak, apik kadadene

b)

Durung pecus keselak besus

c)

Sabar sareh mesthi bakal pikoleh

d)

Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh

11.

Bocah iku yen disawang pipine ...

a)

Nduren sajuring

b)

Ngandhan-ngandhan

c)

Manggis karengat

d)

Nawon kemit

12.

Basa Rinengga, dumadi telung warna,yaiku ..

a)

Paribasan, Saroja, Entar

b)

Bebasan, Saloka, Sandhangan

c)

Saloka, Sandhangan, Bebasan

d)

Pedhotan, Pasangan, Paribasan

13.

Basa ngoko kang ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani...

a)

krama lugu

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

krama madya

14.

Tembung saroja nduweni fungsi kanggo...

a)

njelaske teges

b)

njelaske kang apik tapi dibangetke

c)

basa kang isine sarkasme

d)

lawakan

15.

Bapak nembe kemawon sare kula mboten wantun nggigah. Tembung sare iku wes trep anggone basa...

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

krama madya

d)

ngoko lugu

16.

"Angon ulat ngumbar tangan", tegese...

a)

ngulat-ulati limpene wong, tujuane arep njupuk barang mau

b)

Ulat sing balur ana tangan

c)

Ngapikno wong tapi kanggo tujuan ala

d)

Duweni barang kang apik

17.

Simbah ..., aku ..... (makan)

a)

mangan, nedha

b)

dhahar, nedha

c)

nedha, mangan

d)

dhahar, mangan

18.

Bengi iki suasane sepi mamring ora onok sing liwat. Tembung sepi mamring kalebu...

a)

Paribasan

b)

Saroja

c)

Entar

d)

Bebasan

19.

Gambar ing nisor nuduhake yen lagi mangan. yen sing nindakake pakaryan iku bapakmu kudune dadi...

a)

maem

b)

dhahar

c)

muluk

d)

mbadog

20.

Wong bagus cepak jodhone. Tembung cepak jodhone kalebu tembung entar sing duwe arti...

a)

ora duweni jodho

b)

cilik jpdhone

c)

ana jodhone

d)

gelis oleh jodho