WorksheetsUH SUSULAN PRANATACARA
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Pranatacara (pembawa acara) uga diarani pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, paniti laksana lan pranata laksitaning adicara sing tugase yakuwe ...
nglantaraken lakune acara
ngaturaken sambutan
nglantaraken tembang
mimpin lakune tembang
mimpin lakune pasukan
Kang dudu kalebu dasanamane pranatacara yaiku...
panata adicara
pambiwara
pranata laksitaning adicara
panata sasmitaning adicara
pranata adicara
Ingkang dhahat sinudarsana, Bapak Kepala SMA N 1 Sampang,
Ingkang kinabekten Bapak Ibu guru lan staf karyawan SMA N 1 Sampang.
Petikan ing ndhuwur kuwi kalebu perangan panatacara...
pakurmatan
pambuka
ancasing gati
panutup
surasa
Pranatacara kuwi yen ngucapake ukara lan tembunge kudu cetha. Yen nganti salah ucap bakal ngurangi kawibawane pranatacara. iki kalebu olah swara babagan...
logat
pocapan
prana
intonasi
kajiwan
Ngisor iki sing ora termasuk ing "Purwaka" .........
Atur pakurmatan marang tetamu
Muji syukur marang Gusti kang Maha Agung
Ngaturake sugeng kondur marang para tamu
Ngaturake reroncening adicara
salam pambuka
Sing mbedakake teks pidato lan pranatacara yaiku teks PIDATO ora ana ..................
Puji Syukur
Sapa aruh/pakurmatan
Reroncening adicara
Njaluk pangapura
salam pambuka
Nalika dados Pranatacara pocapan kedah cetha. Punik aateges nggatosaken...
olah basa
olah raga
olah swara
olah busana
olah jiwa
Dados pranatacara kedah gadhah patrap wibawa, tegesipun....
gadhah subasita ingkang becik
kedah mantep ing manah, boten wigah-wigih
saged maos kawontenan
boten ajrih satemah percaya diri
saged mapanaken diri kaliyan kawontenan
Ginanipun pranatacara ing satunggaling acara inggih menika...
acara enggal rampung
dipun-gatosaken para tamu
acaranipun tumata
acaranipun boten ,mboseni
acaranipun gayeng
Sangunipun pranatacara wonten olah jiwa, olah raga, olah busana, olah basa, olah swara. Ingkang kalebet olah basa inggih menika...
andhap inggilipun swara boten namung ajeg
pocapan cetha, las-lasan, boten blero
busananipun sae, resik
solah bawa trapsila lan empan papan
pilihaning tembung sae
Pranatacara kedah saged ngadi sarira lan ngadi busana, ukara menika jumbuh kaliyan unen-unen...
ajining raga gumantung ing busana
ajining diri gumantung ing lathi
ajining awak gumantung ing tumindak
ajining badan gumantung saka dandan
ajining mustaka gumantung saka wibawa
Ingkang boten kalebet tembung sanesipun pranatacara inggih menika...
medhar sabda
pambyawara
pranata adicara
panata titi laksana
MC
Teknik pranatacara kanthi mbeta cathethan alit kasebat teknik...
apalan
naskah
dadakan
ekstemporan
teks
Basa ingkang gampil dipuntampi lan komunikatif tuwin tep ing panganggenipun kedah migatosaken bab-bab ing ngandhap menika kajawi...
sinten ingkang badhe pidato salajengipun
sinten ingkang gineman
sinten ingkang dipunajak gineman
sinten ingkang dipunginemaken
swasana nalika gineman
Petugas kang melu ndukung supaya jejibahan prantacara bisa sukses yaiku …
Tukang Parkir
Satpam
Pangrengga swara (sound system)
Fotografer
tukang rias
