NEW
Font size
WorksheetsKuis Bahasa Daerah
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Puisi Jawa gagrag anyar diarani ...
Tembang macapat
Geguritan
Kidung
Langgam
Kakawin Jawa Kuna
Sing kalebu struktur lair geguritan yaiku , kejaba ...
Tipografi - blegere geguritan
Imaji - panyitra
Gaya - lelewane basa
Enjambemen - tembung sumambung
Tema - gagasan pokok
Kalebu ing struktur batin geguritan yaiku ...
Diksi lan tipografi
Purwakanthi lan wirasa
Tema lan amanat
Enjambemen lan lelewane basa
Panyitra lan diksi
Tujuwan maca endah geguritan yaiku ...
Nemokake struktur batin geguritan
Nemokake struktur lair geguritan
Supaya sing mirsani padha nggumun lan eram marang sing maca
Bisa menehi tandha andhegan, nata napas lan pangucapan
Supaya sing nyemak, mirsani, dadi mangerteni isi lan kaendhana geguritan kasebut
Munggah mudhune lagu pocapan ing ukara iku diarani ...
Diksi
Tempo
Intonasi
Artikulasi
Modulasi
Sing mbedakake geguritan lan tembag macapat yaiku ...
Geguritan lan tembang macane kudu dilagokake
Geguritan lan tembang kaiket guru lagu, guru wilangan lan guru gatra
Geguritan ora kaiket guru lagu, guru wilangan lan guru gatra. dene tembang kaiket
Geguritan kalebu sastra Jawa Kuna, dene tembang sastra Jawa Modhern
Basa sajrone geguritan awujud basa padinan, dene ing tembang basa kawi
Bab sing ora perlu digatekake sajrone maca endah geguritan ing antarane yaiku ...
Artikulasi
Tempo
Dinamika
Titi laras
Ekspresi
Ngowahi wujud geguritan supaya bisa dadi paragraf lan gampang dimangerteni diarani ...
Nggancarake geguritan
Nembangake geguritan
Musikalisasi geguritan
Macakake geguritan
Dramatisasi geguritan
Struktur geguritan ana loro, yaiku ...
Struktur batin lan struktur rokhani
Struktur lair lan struktur batin
Struktur jasmani lan struktur fiisk
Struktur jasmani lan rokhani
Struktur intern lan ekstern
Wujud geguritan: kaca(halaman) ora dikebaki tembung, pinggir (tepi) kiwa-tengene, pangaturan gatrane, gatra ora diwiwiti huruf kapital lan dipungkasi tandha titik. Andharan kasebut nuduhake tegese sawijine struktur laire geguritan, yaiku ....
Blegere geguritan
tembung kongkret
diksi
lelewane basa
imaji
Upacara adat kang menawa kandhutane wis umur pitung sasi lan lagi ngandhut sepisanan yaiku...
Mitoni/tingkeban
Krobongan
Panggih manten
Piton-piton
Tedhak siten
Upacara adat kang dilakoni manten putri sadurunge upacara temu manten yaiku...
Ruwatan
Krobongan
Siraman
Mitono
Pitonan
1. balang gantal
2. wiji dadi
3. sinduran
4. liru kembar mayang
5. Panjang ilang
Urutan sing bener saka adicara temu manten yaiku...
1,2,3,4,5
5,4,3,2,1
4,1,2,3,5
4,1,5,2,3
4,1,2,5,3
Ing ngisor iki sing kalebu acara krobongan yaiku...
Kacar kucur
Balang gantal
Sinduran
Pupuk
Wiji dadi
Ing ngisor iki sing ora kalebu adicara temu manten yaiku...
Panjang ilang
Balang gantal
Wiji dadi
Sungkeman
Sinduran
Sapa sing mangku sajrone adicara bobot timbang...
ibu manten putra
ibu manten putra
manten putra
bapak manten putri
bapak manten putra
Kusuma, padma, puspita, sekar, iku dasanamane...
Langit
Bumi
Angin
Kembang
Banyu
Kegiyatan sing ditindakake dening masyarakat adhedasar kapitayan lan asipat turun-temurun diarani ...
Gugon tuhon
Adat istiadat
Upacara adat
Ukum adat
Kapitayan
Ubarampe sajrone upacaraadat mudhun lemah ing antarane yaiku ...
Kembang mayang, janur
Kurungan, andha tebu
Cengkir gadhing, rujak
Ndhas kebo, sajen
Tumpeng raksasa, ndhas wedhus
Adicara pethik laut ditindakake ing sasi ...
Sura
Sapar
Rajab
Pasa
Syawal
Kang diucapake pranatacara marang tamu ing kawitan adicara ...
Salam pambuka
Panyapa
Pambuka
Wosing pranatacara
Salam panutup
Perangan pidhato panutup isine yaiku babagan ….
Pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake
Salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh
Nyebut sapa wae sing rawuh/tamu sing kepareng rawuh
Atur panuwun sarta nuwun pangapura menawa ana kaluputan
Salam marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake
Micara ana ing ngarepe wong akeh kanggo tujuwan tartamtu diarani ….
Pranatacara
Geguritan
Sesorah/pidhato
Wara-wara
Pawarta
Andharan kang minangka wosing sesorah iku ing perangan surasa/isi. Mula kang diandharake ing perangan isi yaiku ...
Salam pambuka
Mbagekake para tamu
Ngucapake syukur
Ngaturake wose pakaryan
Ngaturake panuwun
1. Atur kasugengan, kairing atur panuwun
2. Wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah atur nyuwun pangapura
3. Salam pambuka
4. Panutuping atur/salam
5. Atur puji syukur marang Pangeran
Urut-urutane sesorah kang bener yaiku …
3 – 2 – 1 – 4 – 5
3 – 5 – 1 – 2 – 4
3 – 5 – 2 – 1 – 4
3 – 1 – 5 – 2 – 4
3 – 1 – 2 – 5 – 4
Jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika ...
Mbukak adicara
Nutup adicara
Nata lan nulis rantamane adicara
Nata lakune adicara
Nutup adicara
Bedane teks pranatacara karo pamedharsabda (pidhato), bisa dititeni ing perangan ...
Pambuka
Rantaman adicara
Isi
Panutup
Papan lungguhe
Kang ora kalebu dasanamane tembung pranatacara yaiku ...
Panata adicara
Sesorah
Panata acara
Panambiwara
Pewara
“Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”. Ukara kasebut kalebu perangan ...
Salam pambuka
Atur pangayubagya
Atur pakurmatan
Atur puji syukur
Tetepungan
Kajaba unggah-ungguh basa, pranatacara lan pamedharsabda uga kudu nguwasani kawruh bab sastra Jawa, kaya sing gegayutan karo: purwakanthi, wangsalan, bebasan, lsp. Murih ...
Akeh sing nanggap
Tansaya kondhang
Bayarane mundhak
Keprungu ora kepenak
Saya endah edining basa
