NEW
Font size
WorksheetsKuis Bahasa jawa kd 3.1
Total questions: 10
Worksheet time: 20mins
Ana ing kabudayan Jawa yen arep matur marang wong liya kudu nggatekake .…
tata krama
tata cara
tata-tata
tata jalma
Yen arep matur marang bapak utawa ibu sing paling trep migunakake basa …
krama
ngoko
kasar
bagong
Nalika bocah omongan marang bocah ngomongake bocah liyane, migunakake unggah-ungguh basa ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Nalika bocah omongan marang bocah ngomongake wong tuwa, migunakake unggah-ungguh basa ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
“Bud..., apa kowe wis ngerti yen desane awake dhewe bakal nganakake merti dusun sing kaping 80 ?”
Ukara mau minangka contone unggah-ungguh basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Dereng..., kok panjenengan priksa ingkang maringi priksa sinten ?
Ukara mau minangka contone unggah-ungguh basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Pak aku kepengin menyang kolah dhisik.
Basa kramane ukara mau kang paling trep yaiku …
Pak kula kepengin teng kolah riyin
Pak aku badhe dhateng kolah rumiyin
Pak kula badhe dhateng wingking rumiyin.
Pak kula kepengin dhateng kolah rumiyin.
1. Menawa matur marang bapak karo ngadeg becike ….
tangan sedhakep
mripate mentheleng
tangan methentheng
tangan ngapurancang
Sopir taksi: “Sugeng siyang Mbak, badhe tindak pundi? Mangga kula dherekaken.”
Maryanti:“Anu Pak, niki
ajeng teng Pundhong kinten-kinten ongkose pinten?”
Sopir taksi: “Niki boten tawa
Mbak, biasanipun selangkung ewu rupiah."
Apa sebabe sopir taksi anggone omongan marang Maryanti migunakake basa krama amarga ....
durung tau kenal
umure luwih enom
ngajeni penumpang
supaya luwih sopan
Iya wis kana, sing ngati-ati kancane dikandhani kabeh aja ana sing
kliwatan.
Ukara mau sing omongan wong tuwa marang bocah. Dene yen sing omongan bocah marang wong tuwa kudune ....
Nggih pun mangga sing ngati-ati kancanipun dikandhani sedaya ampun wonten sing kliwatan
Inggih sampun mangga sing ngati-ati kancanipun dikandhani sedaya ampun wonten sing kliwatan.
Inggih sampun mangga ingkang ngati-ati kancanipun dipunkandhani sedaya ampun wonten sing kliwatan
Inggih sampun mangga ingkang ngatos-atos kanca panjenengan dipun aturi sedaya sampun wonten ingkang kliwatan.
