wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UNGGAH-UNGGUH BASA

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Tuladha basa krama lugu (madya) ... .

a)

Pakdhe kula dereng wangsul saking kelurahan

b)

Pakdhe kula sampun kondur saking kecamatan

c)

Pakdhe nembe kemawon tindak dhateng kantoripun

d)

Pakdhe durung sare amerga ngrampungake tugas

e)

Pakdhe taksih dhahar kaliyan ibu wonton warung

2.

Tuladha basa ngoko lugu (wantah) ... .

a)

Wau dalu panjenengan saking pundi?

b)

Sesuk ibu lan bapak tindak Surabaya.

c)

Saiki ibu lan bapak isih durung rawuh.

d)

Mau bengi kowe dolan menyang endi?

e)

Ngapunten, kula lan adhik bidhal rumiyin.

3.

Tuladha basa krama alus (inggil) ... .

a)

Agemane Bapak durung disetrika.

b)

Lik Darmuji niku sakit napa ta Kang?

c)

Panjenengan wis maos layangku tah?

d)

Adhik taksih dereng purun sekolah.

e)

Mangga sami dipundhahar tedhanipun!

4.

Wekdal Bapak dhahar, adhik tumut nedha ugi. Iki mawa basa ... .

a)

krama lugu (madya)

b)

krama alus (inggil)

c)

krama alus lan krama lugu

d)

krama lugu lan krama alus

e)

krama alus lan ngoko lugu

5.

Tuladha basa ngoko alus (andhap) ... .

a)

Mangga ta sami dipununjuk tehipun!

b)

Kowe aja mulih dhisik, entenana adhikmu!

c)

Paklik lagi duka marang putra-putrane.

d)

Aja nyedhak, kucinge lagi rembes ngono loh!

e)

Nyuwun duka, Ibu kula taksih dereng wungu!

6.

"Nalika adhik ..., aku ya ..., lan ibu uga ... ."

Tembung kanggo njangkepi supaya trep karo unggah-ungguhe ... .

a)

mangan - mangan - mangan

b)

nedha - nedha - nedha

c)

mangan - mangan - nedha

d)

mangan - mangan - dhahar

e)

nedha - nedha - dhahar

7.

"Wekdal bapak ... , kula ... ."

Tembung kanggo njangkepi supaya trep karo unggah-ungguhe ... .

a)

dhahar - siram

b)

dhahar - adus

c)

nedha - siram

d)

mangan - adus

e)

mangan - siram

8.

Ibu ... kula, kula lajeng ... bapak.

Tembung kanggo njangkepi supaya trep karo unggah-ungguhe ... .

a)

nimbali - nimbali

b)

ngaturi - ngaturi

c)

ngundang - ngundang

d)

nimbali - ngaturi

e)

ngundang - nimbali

9.

Dipun sekecakaken anggenipun ... , kula ugi nembe kemawon ... .

Yen disampurnakake dadi ... .

a)

dhahar, dhahar

b)

nedha, nedha

c)

nedha, dhahar

d)

dhahar, mangan

e)

dhahar, nedha

10.

Tuladha basa krama lugu sing bener ... .

a)

Lik, sampeyan mengko sida mrene tah?

b)

Saben diutus sinau mesthi alasan

c)

Ndhuk, ibu pundhutna gulo rong kilo!

d)

Aku wis ora pareng ngunjuk es maneh.

e)

Kula boten angsal tumut pakdhe.

11.

Ing basa krama lugu (madya) iku, tembung kowe owah dadi ... .

a)

tetep kowe

b)

sampeyan

c)

koen

d)

panjenengan

e)

panjenengane

12.

Tuladha basa ngoko alus sing bener klawan unggah-ungguhe ... .

a)

Simbah dhahar, adhik melu mangan pisan

b)

Simbah dhahar, adhik melu dhahar pisan

c)

Simbah dhahar, adhik melu nedha pisan

d)

Simbah nedha, adhik melu nedha pisan

e)

Simbah nedha, adhik melu mangan pisan

13.

Ing ngisor iki basa sing kurang trep karo unggah-ungguhe ... .

a)

Aku mau bengi ngimpi dolan menyang taman

b)

Ibuku sesuk arep tindak menyang Bandung

c)

Mangga dipuntedha rumiyin tedhanipun

d)

Wekdal eyang sare, adhik dolanan piyambak

e)

Tindakku wingi bareng karo bapak ibu guru

14.

Iki tuladhane basa ngoko alus/andhap sing bener, kejaba ... .

a)

Eyangku isih gerah ing RSUD

b)

Ibu lan bapak lagi nitih becak

c)

Aku lan adhiku tindak saiki

d)

Bapak ibu guru durung rawuh

e)

Pakdhe isih tindak Solo maneh

15.

Tuladha basa ngoko andhap sing bener ... .

a)

Budhe tindak pasar esuk mau

b)

Pakdhe sampun mangan esuk iki

c)

Ibu kula tilem ing kamar ngarep

d)

Bapak isih lunga dhateng Solo

e)

Aku ngunjuk es jamu beras kencur

16.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

17.

Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?

a)

Kanca

b)

Bapak/Ibu

c)

Guru

d)

Mas/Mbak

18.

‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....

a)

Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor

b)

Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor

c)

Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor

d)

Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor

19.

Manut gunane, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 3 yaiku ....

a)

Basa alus, basa kasar, basa biasa

b)

Basa ilmu, basa ibu, basa budaya

c)

Basa daerah basa dialek, basa budaya

d)

Basa Jawa, basa sanskerta, basa aksara

20.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

21.

Kula dipunutus ibu siyam Senin-Kemis.

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

22.

Adhiku seneng banget nggambar kaligrafi.

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

23.

Adhiku seneng banget nggambar kaligrafi.

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

24.

Pak Tegar mundhut obat resep dhokter, ngandikanipun kala wingi Ibunipun gerah.

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

25.

Panjenenganipun tasih mboten pareng tindak-tindak amargi tasih gerah.

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus