NEW
Font size
WorksheetsUlangan Harian Drama Tradhisional Kelas 9C
Total questions: 20
Worksheet time: 13mins
“Andhe-Andhe Lumut”
Dening: Ki Nano Pramudyo
Mbok Randha : Aku kok nganti bingung, jenenge lungguh aneng awit isuk panggungan seprana-seprene, saka etungku meh nganti 40 dina. Aku kok ora ngerti sing dikarepke Andhe-Andhe Lumut.
Kleting Abang : Kula nuwun!
Mbok Randha : Mangga!
Kleting Abang: Mbok menapa leres wonten ngriki menika desa Dhadhapan panggenanipun Andhe-Andhe Lumut?
Mbok Randha : Nggih leres kula mboke, kersane napa?
Kleting Biru : Mbok kula badhe daptar dados garwa putrane panjenengan.
Mbok Randha : Semana akehe arep daptar dadi garwane putraku, Andhe-Andhe Lumut? hla sampeyan jenenge sapa?
Kleting Abang : Nami kula Kleting Abang.
Para Kleting : Ngomong jenenge dhewe-dhewe!
Mbok Randha : Saiki sampeyan kabeh kendel rumiyin, daktarine putraku.
Sabanjure Mbok Randha Dhadhapan ngadhepake siji baka siji para kleting kanthi nembang :
”Putraku si Andhe-Andhe Lumut, Tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi. Putrine kang ayu rupane. Kleting ............. iku kang dadi asmane.’’
Sawise para kleting diadhepake marang Andhe-Andhe Lumut, pranyata kabeh ditolak kanthi aris, mula sabanjure padha bali. Ora watara suwe Kleting Kuning lan Kleting Ganyong thothok-thothok lawange Mbok Randha Dhadhapan.
Kleting Kuning : Kula nuwun!
Mbok Randha : Iki ki ambune apa kok ora enak. E e e dadi kowe sing mara nggawa bathang. Kowe ngapa mrene ambumu ora enak! Rada adoh!
Kleting Kuning : Nami kula Kleting Kuning, Mbok.
Mbok Randha : Kowe mrene arep ngapa?
Kleting Kuning : Kula badhe tumut daptar dados garwanipun putra panjenengan, Kang Mas Andhe-Andhe Lumut.
Mbok Randha : Wong sing ayu-ayu wae padha ditampik apa maneh kowe rupamu elek, ambumu ora enak, wis kana bali wae!
Kleting Kuning : Kula mboten bali yen putra panjenengan mboten ditari rumiyin.
Mbok Randha : Ya daktarine putraku, muga-muga aja gelem!
Mbok Randha marani panggonane Andha-Andhe Lumut, banjur nembang:
”Putraku si Andhe-Andhe Lumut. Tumuruna ana putri kang ngunggah ungahi putrine kang ala rupane. Kleting Kuning iku kang dadi arane.”
Andhe-Andhe Lumut : Kula tampa mbok, kula dakmudhun, nemoni calon garwaku.
Mbok Randha : Piye to le, le! Sing ayu-ayu padha koktampik bareng sing elek rupane isih mambu ora enak malah ditampa. Simbok gela le...!
Andhe-Andhe Lumut : Mbok sakniki kula badhe sanjang mbok. Panjengan dereng ngertos, satemene kula niki putra saking kraton Jenggala. Dene nami kula Panji Asmara Bangun.
Mbok Randha : Allah Gustiii.... nyuwun ngapunten. Den..., kula mboten ngertos Den!
Andhe-Andhe Lumut : Mbok, niki sejatosipun garwa kula naminipun Dewi Sekartaji
Mbok Randha : Punika Den Ayu Sekartaji....? Nyuwun ngapunten Den Ayu, kalawau kula mboten sopan kaliyan penjenengan.
Kleting Kuning : Nggih mbok, mboten dados punapa mbok.
Tanpa sangkan, ujug-ujug wis teka Klana Mudha Asmara.
Klana Mudha Asmara : Kowe Andhe-Andhe Lumut, kabeh mau aku wis ngerti.
Andhe-Andhe Lumut : Njur saiki karepmu piye?
Klana Mudha Asmara : Sekartaji tetep dakjaluk.
Andhe-Andhe Lumut : Ora bisa! Dewi Sekartaji kuwi garwaku, yen sira nekat bebasan ngilani dhadhane Panji Asmara Bangun!
Klana arep njotos Panji Asmara Bangun, ditamani sada lanang dening Dewi Sekartaji, sakala Klana Mudha Asmara kontal tiba ndhepani bumi. Panji Asmara Bangun : Dhiajeng Sekartaji gandheng wus rampung, Mbok Randha dakkersakake kaboyong ing Jenggala saiki uga, kondur ana ing Tambak Baya.
Dewi Sekartaji : Sumangga kula dherekaken.
Tamat
1. Saka teks drama ing dhuwur nganggo alur ….
Mundur
Maju
Campuran
Flashback
Latar kedadeyan sajrone prastawa kang ana ing dhuwur yaiku ana ing ….
Kraton Jenggala
Desa Dhadhapan
Desa Tambak Baya
Kadiri
Manut wacan ing dhuwur, Klenting Kuning diwujudake kaya dene ….kang ayu rupane
Putri kang ala rupane
Putri kang ayu rupane
Putri saka Kraton Jenggala
Putri saka kraton Kadiri
Mbok Randha gela amarga wong wadon kang ayu-ayu rupane ditampik dening Andhe-Andhe Lumut, ananging sing ala rupane lan uga ambune ora enak malah ditampa. Apa kang ndadekake Andhe-Andhe Lumut nampa klenthing kuning, yaiku ….
Sejatine putri kang ayu rupane
Sejatine putri saka Kraton Jenggala
Sejatine garwane kang nduweni jeneng Dewi Sekartaji
Sejatine Dewi SSekartaji saka Kraton Kadiri
Saka teks drama ing dhuwur sapa kang ujug-ujug tanpa sangkan tumaka ana ing Desa Dhadhapan kanggo jaluk Dewi Sekartaji?
Panji Asmara Bangun
Andhe-Andhe Lumut
Klenting Ganyong
Klana Mudha Asmara
Ing ngisor iki kang kalebu watak kang diduweni dening andhe-andhe lumut manut teks drama kang ana ing dhuwur, yaiku ….
Teges lan setya marang pasangane.
Teges lan sabar
Wicaksana lan setya marang pasangane
Wicaksana lan sae penggalihipun.
Kedadeyan kang ana sajrone teks drama kang ana ing dhuwur kedaden ana ing wayah
Awan
Bengi
Sore
Isuk
Salah sawijine olah seni kang dipentasake, dening para paraga ing panggung lan nduweni pesen utawa amanat sinandhi kang bsia kanggo tepa tuladha urip ing bebrayan diarani ….
Sendratari
Drama/ Sandhiwara
Tari Tradhisional
Bedhaya Ketawang
Manut saka jinise drama utawa sandhiwara kaperang dadi loro, yaiku drama ….. lan ….
Tradhisional lan Klasik
Turgi lan Klasik
Tradhisional lan Modern
Gagrak anyar lan modern
Babagan sing kudu digatekake nalika praktek pementasan drama tradhisional yaiku, kajaba...
Mimik utawa ekspresi
Intonasi
Penguasaan Panggung
Klemar-Klemer
Crita-crita Ludrug sejatine ora bisa uwal saka anane perjuwangan-perjuwangan bangsa Indonesia, bab iki dijalarai ludrug minangka propagandha nglawan penjajah. Dene salah sawijining tokoh ludrug sing nalika kuwi dadi pahlawan sing wani ngidung “Pagupon omahe dara, melu nipon tambah sengara yaiku
Cak Kartolo
Cak Supali
Cak Agus Kuprit
Cak Durasim
Anane drama tradhisional iki wiwitane saka crita sing tansah sinandhi. Mula saka kuwi asring diwastani “ Sandhiwara”. Ing ngisor iki sing kalebu sandhiwara kang awujud sandhiwara modern kang wis dimodhifikasi yaiku…
Suminten Edan
Brandhal Karsa
Branjang Kawat
Roro Mendut
Lumrahe lakon-lakon ludrug iki tansah nduweni titikan kang khas wiwit saka basane kang tansah ngemu swasana Jawa wetan, busanane gampang ditemoni ing pakulinan sabendina, lan wejangan-wejangane uga tanah ana ing crita sabendina. Dene ing bab wiwitan ludrug iki ana bab kang bisa dititiki salah sawijine yaiku…
Nembang campursari dening para sindhen
Anane gendhing-gendhing tayub
Diwiwiti kanthi ngidung jula-juli
Dhagelan kang tansah nggunakake basa baku
Ing jaman saiki akeh sing mastani yen ta kethoprak humor iki diarani nilar saka pame-pakem kang wis dadi pranatan baku. Bab iki dijalarai amarga….
Paragane ngluwihi kang wis dadi cak-cakane
Nggunakake tata paes kang slaras
Nggunakake basa, gamelan, lan sistem tata krama kang kurang lumrah
Akeh nggunakake paraga artis
Pungkasaning ajaran kang becik bisa dibabar panganggit sajrone teks drama, lan bia didudut pamaos kanthi disebut…
Punjering Crita (Tema)
Wewatakan
Panyarita (Point of View)
Wejangan (Amanat)
Kaendahan drama sing bisa narik kawigaten lan sabisa-biasne bisa ndadekake para pamiyarsa rumanga marem. Bab iki dijalarai amarga…
Drama kang digambarake kaya kahanan kang nyata
Drama kang digambarake kebak pasemon
Drama kang digambarake kebak pangangen-angen
Drama kang digambarake akeh bab kang ora nyata
Bedane struktur teks drama karo struktur gancaran(prosa) sing awujud cerkak, ceryang, novel lan sapanunggalane yaiku manggon ana ing babagan…
Ing teks drama ora ana antawacanane
Ing teks drama ana alur kang cetha
Ing teks drama ana setting sing maneka werna
Ing teks drama kebak tema
Sawijining pagelaran kang dipentasake dening para paraga mesthi nduweni amanat kang bisa digawe sajrone
Gesang bebrayan
Padudon
Kajatan
Tradhisi
Sajrone crita ludrug diwiwiti kanthi nyritakake paragane, kepriye kahanan omahe, lan kepriye wae kang dumadi sajrone crita. Nanging ing tengah-tengahing crita banjur nyritakake kahanan ing jaman biyen..mula alur kang digunakake yaiku…..
Maju
Campuran
Mundur
Maju Mundur
Kepriye anggenmu menehi panemu ngenani generasi mudha kang ana ing jaman saiki sing tansaya suwe tansaya ora weruh bab kesenian tradhisi…
Ngenalake
Dijarke wae
Ngajak lan ngenalake
Dipeksa kenal
