wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS B. JAWA KLS XII

Total questions: 45

Worksheet time: 2hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Minangka pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran ....

a)

Ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae

b)

Panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu

c)

Bocah sekolah, bocah kuliah, para pegawe, yen jagongan basane padha wae

d)

Para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagonean padha wae

e)

Beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa

2.

Miturut gunane, basa kaperang dadi telung golongan, yaiku ....

a)

Basa ibu, ibu ilmu, lan basa budaya

b)

Basa ibu, basa ilmu, lan basa pergaulan

c)

Basa ibu, basa kulawarga, lan basa masyarakat

d)

Basa ibu, basa komunikasi, lan basa budaya

e)

Basa ibu, basa ilmiah, lan basa sastra

3.

Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku ....

a)

Basa kang digunakake kanggo rembugan ing adicara kulawarga

b)

Basa kang digunakake kanggo ing adicara pahargyan adat

c)

Basa kang digunakake kanggo medharake rasa pangrasa

d)

Basa kang digunakake kanggo medharake saweneh kawruh

e)

Basa kang digunakake kanggo guneman ing pasrawungan

4.

Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku ....

a)

Ragam ngoko alus lan ragam krama inggil

b)

Ragam ngoko lan ragam krama

c)

Ragam krama lugu lan ragam krama inggil

d)

Ragam ngoko lan krama inggil

e)

Ragam krama alus lan krama inggil

5.

Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake ....

a)

Rumaket

b)

Ngajeni

c)

Guyonan

d)

Penting

e)

mirunggan

6.

Basa ngoko yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama

d)

Krama lugu

e)

Krama inggil

7.

Yen kabandingake karo basa ngoko, basa krama luwih ....

a)

Kasar lan rumaket

b)

Luwih gampang cak-cakan

c)

Alus lan nduweni surasa luwih ngajeni

d)

Lugu lan kurang ngajeni liyan

e)

Endhek tataran undha-usuke

8.

Ibu : Bapak wis dhahar?

Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen, dakkira durung kondur.

Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Ngoko lan krama

9.

Ibu : Aja kesusu turu, solat isyak dhisik, Rin!

Rina : Inggih Buk. Kula sampun solat. Menawi Ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin!

Ing punggelan teks kasebut, Ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Ngoko lan krama

10.

Wong yen lagi nesu, lumrahe muginakake basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Ngoko lan krama

11.

Wong/bocah sabarakan/meh padha umur-umurane migunakake basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Ngoko lan krama

12.

Wong/bocah nom kang nduweni pangkat kang luwih dhuwur marang wong tuwa kang dadi andhahane migunakake basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Ngoko lan krama

13.

Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk. Wangsulan kang trep yaiku ....

a)

Ya ngger, daktampa, ora liwat pamujiku tampanana

b)

Ki sanak, menika sinten lan saking pundi?

c)

Pancen bener kaya ngono kuwi kuwajibane duta

d)

Ana wigati apa kowe sowan mrene?

e)

Pakaryan kang becik kudu kalestarekake!

14.

Sapa sing bisa aweh sandhang, yen wadon dipek sedulur, yen lanang arep disuwitani utawa gelem didadekake bojo.

Ukara ing dhuwur mujudake unine ....

a)

Wara-wara

b)

Patembaya

c)

Reklame/iklan/layang

d)

Layang

e)

lelayu

15.

Minangka basa ibu, Basa Jawa lumrahe panganggone ....

a)

alus

b)

kasar

c)

kanthi tinulis

d)

kanthi lisan

e)

kanthi resmi

16.

Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ....

a)

Panguripan sabendina

b)

Epos Ramayana-Mahabarata

c)

Prastawa sejarah

d)

Kedadean sajrone kraton

e)

Kedadean apa anane

17.

Kanggo nguripake crita, pengarang cerkak migunakake ....

a)

Basa baku

b)

Basa standar

c)

Dhialek lan idhiolek

d)

Lelewaning basa

e)

Basa padinan

18.

Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi ....

a)

Coda, orientasi, komplikasi, lan resolusi

b)

Resolusi, coda, orientasi, lan komplikasi

c)

Komplikasi, resolusi, coda, lan orientasi

d)

Orientasi, komplikasi, resolusi, lan coda

e)

Orientasi, komplikasi, coda, lan resolusi

19.

Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks cerkak diarani ....

a)

Resolusi

b)

Coda

c)

Orientasi

d)

Komplikasi

e)

Klimaks

20.

Dumadine prakara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks cerkak diarani ....

a)

Resolusi

b)

Coda

c)

Orientasi

d)

Komplikasi

e)

Klimaks

21.

Pungkasan karampungane pasulayan, ing struktur teks cerkak diarani ....

a)

Resolusi

b)

Coda

c)

Orientasi

d)

Komplikasi

e)

Klimaks

22.

Panintinge dudutan dening para pamaca, ing struktur teks cerkak diarani ....

a)

Resolusi

b)

Coda

c)

Orientasi

d)

Komplikasi

e)

Klimaks

23.

Tuwuh pangarep-arep. Ora wedi ngadhepi pacobaning urip. Ing struktur teks cerkak kalebu ....

a)

Resolusi

b)

Coda

c)

Orientasi

d)

Komplikasi

e)

Klimaks

24.

Bedane basa kang digunakake ing teks cerkak lan teks crita wayang , yaiku basa ing cerkak iku nggunakake basa padinan, dene basa ing crita wayang ....

a)

Sinanggit mawa tetembungan basa Kawi

b)

Akeh migunakake basa ngoko

c)

Kacampuran dhialek lan idhiolek

d)

Migunakake basa baku utawa standar

e)

Migunakake basa Jogja-Solo

25.

Kang diarani Basa Kawi yaiku ....

a)

Basa kang akeh tinemu ing kasusastran Jawa gagrak anyar

b)

Basa kang akeh tinemu ing kasusastran Jawa modern

c)

Basa kang akeh tinemu ing kasusastran Jawa klasik

d)

Basa kang akeh tinemu ing kraton Jogja-Solo

e)

Basa kang akeh tinemu ing masyarakat saiki

26.

Pesan moral kang ana ing sajroning crita akeh jinise. Bab iki gumantung marang ....

a)

Sing ngarang lan sing maca

b)

Sing nyurasa lan ngrasakake isine crita

c)

Kahanan masyarakat kang kacrita

d)

Kahanan masyarakat wong kang maca

e)

Ing ngendi crita kasebut kawaca

27.

Cerkak pancen crita fiksi tegese dudu bab kasunyatan. Nanging critane bisa wae wujud ....

a)

Pengalaman pribadi kang anggone mbabarake dikembangake sarana imajinasi

b)

Sejarah kepahlawanan kang sumbere saka tuturane pelaku sejarah

c)

Dongeng kang wis sumebar turun-temurun

d)

Crita babad tanah Jawi kang wis diakoni dening masyarakat

e)

Asal-usul panggonan kang dibumboni daya khayal pengarang

28.

Pakaryan ngowahi basa liya menyang basa Jawa, tanpa ngowahi runtute crita diarani ....

a)

Njarwakake

b)

Nyadhur

c)

Ngerpek

d)

Njiplak

e)

Nganggit

29.

Nalika nyadhur cerkak, ora kena ngowahi ....

a)

Basane cerkak

b)

Lelewaning basa cerkak

c)

Isi lan rasane crita

d)

Titikan basane cerkak

e)

Kaendahan basane cerkak

30.

Nalika sinau nulis cerkak apike diwiwiti kanthi nulis cengkorongan dhisik gunane .....

a)

Nuntun panulis supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe

b)

Nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan tumata urut-urutane

c)

Nuntun panulis supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang

d)

Nuntun pamaca supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe

e)

Nuntun pamaca supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang

31.

Aywa sembrana ing kalbu,

Wawasen wuwus sireki,

Ing kono yekti karasa,

Dudu ucape pribadi,

Marma den sembadeng sedya,

Wewesen praptaning uwis.

Pranyatan kang jumbuh kalian tembang ing nginggil yaiku...

a)

Wawasane kudu jembar

b)

Wong kudu pinter guneman

c)

Yen guneman kudu ati-ati

d)

Ucape pribadhi iku sing paling bener

e)

Wong sembada iku yen duwe kekarepan

32.

Aywa sembrana ing kalbu,

Wawasen wuwus sireki,

Ing kono yekti karasa,

Dudu ucape pribadi,

Marma den sembadeng sedya,

Wewesen praptaning uwis.

Tembang kinanthi kasebut dumadi saka....

a)

1 gatra 6 pada

b)

1 pada 6 gatra

c)

1 pada 6 wanda

d)

1 wanda 6 gatra

e)

1 gatra 6 wanda

33.

Aywa sembrana ing kalbu,

Wawasen wuwus sireki,

Ing kono yekti karasa,

Dudu ucape pribadi,

Marma den sembadeng sedya,

Wewesen praptaning uwis.


Wawasen wuwus sireki. Tembung wuwus duweni teges...

a)

Ucap

b)

Uwis

c)

Pekerti

d)

Tumindak

e)

Karep

34.

Aywa sembrana ing kalbu,

Wawasen wuwus sireki,

Ing kono yekti karasa,

Dudu ucape pribadi,

Marma den sembadeng sedya,

Wewesen praptaning uwis.


Tembang kinanthi kasebut nduweni watak

a)

Asih asuh

b)

Rada sereng utawa galak

c)

Raket, kulina

d)

Tresna seneng

e)

Resep lan luwes

35.

Ing ngisor iki sing kalebu tembung garba yaiku...

a)

Aywa

b)

Sireki

c)

Karasa

d)

Praptaning

e)

Sedya

36.

Ing ngisor iki gatra tembang kang nggunakake purwakanthi yaiku...

a)

Dudu pocape pribadi

b)

Ing kono yekti karasa

c)

Wawasen wuwus sireki

d)

Marma den sembadeng sedya

e)

Aywa sembrana ing kalbu

37.

Nembang macapat, supaya penak dirungokake kudu pas karo titilarase. Tegese titilaras yaiku...

a)

Notasi

b)

Cengkok

c)

Cakepan

d)

Pathokan

e)

Pocapan

38.

Pratelan tembung ing ngisor iki, kang kalebu tembung andhahan yaiku kejaba...

a)

Ny + sapu dadi nyapu

b)

M + pulih dadi mulih

c)

Ng + gawa dadi nggawa

d)

N + jungkel dadi njungkel

e)

M + panas dadi manas

39.

Dina iki dina Sabtu

Sekolahku padha prei

Wis wanci ngasokne awak

- - - - - - - - - - - - - - - - - - - -

Penting kumpul keluarga

Uripku rasane manis


Larik kang trep kanggo jangkepi tembang kasebut yaiku...

a)

Penak kumpul ibu bapak

b)

Najan sangu ra nduweni

c)

Wis ora sekolah meneh

d)

Bapak ibu tindak kantor

e)

Rewang ibu nyuci baju

40.

Upamane wong lumaku,

Marga gawat den liwati,

Lamun kurang ing pangarah,

Sayekti karendhet ing ri,

Apese kasandhung padhas,

Babak bundhas anemahi.


Upamane wong lumaku, Marga gawat den liwati nduweni tegese...

a)

Bakal entuk kacilakan sadalan dalan

b)

Sidane bakal kelaran awake dhewe

c)

Wong kudu ati-ati ben slamet uripe

d)

Yen awak dhewe kurang ati-ati

e)

Mlaku ing dalan kang kebak bebaya

41.

Jlentrehna pangetrapane unggah-ungguh basa!



(a)  

42.

Apa tujuane kabudayan Jawa nyipta (nganakake) unggah-ungguh basa?

(a)  

43.

Ayahan apa wae kang kudu ditindakake nalika ngarang teks drama? Jlentrehna!

(a)  

44.

Ukara kang digunakake ing cerkak bisa awujud ukara langsung lan ukara ora langsung. Apa bedane? Kepriye tuladhane?



(a)  

45.

Kejaba iku, cerkak uga nggunakake unggah-ungguh basa. Basa apa kang digunakake? Kepriye tuladhane?

(a)