wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT KELAS XII B. JAWA

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Pagelaran tingkah polahing awak sing uga luwih ngatonake kaprigelan pakecapan lan praupan raine para paraga ana sadhuwure panggung......

a)

Pagelaran musik

b)

Pagelaran drama

c)

Pagelaran tari

d)

Pagelaran wayang

e)

Pagelaran seni

2.

Drama kang lumrahe nyritakake babagan kasekten, urip ing kraton, uripe dewa dewi, kedadean

kang ora tinemu nalar, lan liya-liyane diarani...

a)

Drama modern

b)

Pantomim

c)

Drama tradhisional

d)

Drama tragedi

e)

Drama komedi

3.

Drama kang nduweni tujuan menehi pendhidhikan marang masyarakat kang umume nduweni tema urip padinan diarani...

a)

Drama tradhisional

b)

Drama modern

c)

Pantomim

d)

Drama tragedi

e)

Drama komedi

4.

Kang diarani sutradara yaiku....

a)

Ingkang mimpin lampahipun drama

b)

Pangawasanipun panggung

c)

Naskah drama

d)

Cara panatanipun papan kangge nggelar lakon

e)

Wicantenanipun para paraga

5.

Kang diarani stage manager, yaiku....

a)

Ingkang mimpin lampahipun drama

b)

Pangawasanipun panggung

c)

Naskah drama

d)

Cara panatanipun papan kangge nggelar lakon

e)

Wicantenanipun para paraga

6.

Kang kalebu unsur fisik ing teks drama yaiku....

a)

Tema

b)

Amanat

c)

Tema lan amanat

d)

Paraga, latar, alur lan dialog

e)

Setting

7.

Kang kalebu unsur batin ing teks drama yaiku...

a)

Tema

b)

Amanat

c)

Tema lan amanat

d)

Paraga, latar, alur lan dialog

e)

Setting

8.

Urut-urutan kang trep kang ana ing sawijining drama yaiku ......

a)

Orientasi, komplikasi, resolusi, koda

b)

Orientasi, resolusi, komplikasi, koda

c)

Komplikasi, resolusi, koda, orientasi

d)

Koda, komplikasi, resolusi, orientasi

e)

Resolusi, komplikasi, orientasi, koda

9.

Para paraga dikenalake watake, uga dhapuke ing drama. Miturut urutan ing teks drama, andharan kasebut diarani....

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Resolusi

d)

Koda

e)

Aplikasi

10.

Para paraga diadhepake ing prakara (konflik) dhewe-dhewe nganti klimaks, ana ing urut-urutan teks drama, andharan kasebut diarani....

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Resolusi

d)

Koda

e)

Aplikasi

11.

Para paraga wis nemokake cara kanggo ngrampungake prakarane (peleraian), Ana ing urut-urutan tekd drama andharan kasebut diarani...

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Resolusi

d)

Koda

e)

Aplikasi

12.

Paraga kang nduweni watak becik diarani paraga....

a)

Protagonis

b)

Antagonis

c)

Tritagonis

d)

Geganep

e)

Figuran

13.

Paraga kang nduweni watak ala diarani paraga...

a)

Protagonis

b)

Antagonis

c)

Tritagonis

d)

Geganep

e)

Figuran

14.

Paraga geganep kang dadi panengah konflik antarane paraga protagonis lan paraga antagonis diarani...

a)

Protagonis

b)

Antagonis

c)

Tritagonis

d)

Geganep

e)

Figuran

15.

Nyampekake pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamiyarsa ana ing urut-urutan teks drama diarani...

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Resolusi

d)

Koda

e)

Aplikasi

16.

Ing ngisor iki paraga-paraga kang ana ing crita Lutung Kasarung, kajaba.....

a)

Putri Purbasari

b)

Putri Purbararang

c)

Ni Rondhe

d)

Pangeran Indrajaya

e)

Pangeran Indrayana

17.

Kang dadi paraga antagonis ing crita Lutung Kasarung yaiku....

a)

Putri Purbasari

b)

Putri Purbararang

c)

Si Utung

d)

Pangeran Indrajaya

e)

Pangeran Indrayana

18.

Latar kang ana ing crita Lutung Kasarung kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba....

a)

Ing kraton

b)

Ing ngalas

c)

Ing kali

d)

Ing segara

e)

Ing kayangan

19.

Ing ngisor iki kang kalebu seni pertunjukan yaiku ....

a)

Pameran batik

b)

Tanggap wacana

c)

Sendratari ramayana

d)

Upacara larung

e)

Ukir-ukiran

20.

Ing ngisor iki kang ora kalebu seni pertunjukan tradisional yaiku....

a)

Kethoprak

b)

Ludruk

c)

Wayang kulit

d)

Panembrama

e)

Sirkus

21.

Ing ngisor iki kang kalebu seni pertunjukan tradhisional khas Jawa Timur yaiku

a)

Kethoprak

b)

Wayang wong

c)

Tari gambyong

d)

Ludruk

e)

Dhagelan

22.

Kang nembangake tembang-tembang ing sajroning pagelaran wayang kulit dirani.......

a)

Niyaga

b)

Sindhem

c)

Dhalang

d)

Waranggana

e)

Punggawa

23.

Kang nabuh gamelan ing sajroning pagelaran wayang kulit diarani...

a)

Niyaga

b)

Sindhen

c)

Dhalang

d)

Waranggana

e)

Punggawa

24.

Ing ngisor iki sing dudu sumber crita pewayangan yaiku....

a)

Mahabharata

b)

Ramayana

c)

Legendha

d)

Purwakandha

e)

Pustaka Raja Purwa

25.

Ing pagelaran wayang kulit, kang nyritakake para nayaka ing paseban yaiku adegan...

a)

Perang Kembang

b)

Perang gagal

c)

Gara-gara

d)

Tancep kayon

e)

Jejer

26.

Ing struktur teks crita pagelaran wayang kulit ana sing diarani jejer pathet 6 sing tegese.....

a)

Adegan pungkasan crita wayang

b)

Adegan utawa bageyan dhasar crita wayang

c)

Adegan ing kraton liya

d)

Adegan perange ksatria

e)

Adegan werna-werna

27.

Ing ngisor iki sing ora kalebu ing babak pathet 6 crita wayang kulit, yaiku....

a)

Perang gagal

b)

Paseban jaba

c)

Perang kembang

d)

Jejer sabrangan

e)

Bedholan

28.

Ing ngisor iki sing kalebu adegan ing babak pathet manyura crita wayang kulit yaiku......

a)

Perang gagal

b)

Bedholan

c)

Perang kembang

d)

Gara-gara

e)

Perang brubuh

29.

Ing crita wayang, nalika ksatria perang karo buta diarani adegan.....

a)

Perang gagal

b)

Bedholan

c)

Perang kembang

d)

Gara-gara

e)

Perang brubuh

30.

Seni tari tradhisional Topeng Dongkrek asale saka......

a)

Madura

b)

Malang

c)

Ponorogo

d)

Madiun

e)

Probolinggo

31.

Kesenian tradhisional jaran bodhag iku asale saka.....

a)

Madura

b)

Malang

c)

Ponorogo

d)

Madiun

e)

Probolinggo

32.

Salah sawijining bentuk kesenian wayang kang asale saka dhaerah Malang yaiku ......

a)

Wayang Topeng Malangan

b)

Ludruk

c)

Reog

d)

Topeng Dongkrek

e)

Jaran Bodhag

33.

Salah sawijining bentuk kesenian wayang kang asale saka dhaerah Madiun yaiku ....

a)

Wayang Topeng Malangan

b)

Ludruk

c)

Reog

d)

Topeng Dongkrek

e)

Jaran Bodhag

34.

Kesenian lan tradisi saka Jawa Timur sing awujud seni tari kang ditindakake dening pirang-pirang paraga lan penari intine nggunakake topeng sirah singo sing ing ndhuwure ana mahkota saka wulu-wulu merak yaiku......

a)

Reog Ponorogo

b)

Jaran Bodhag

c)

Ludruk

d)

Topeng Dongkrek

e)

Wayang Topeng Malangan

35.

Seni pertunjukan kang asale saka Jawa Tengah, nggunakake terbangan (rebana) pinangka piranti pangiringe, lan lagu-lagu kang ngiringi isine wewarah/pitutur kang asumber saka piwulang agama Islam yaiku...

a)

Lenong

b)

Lengguk

c)

Ludruk

d)

Reog

e)

Jathilan

36.

Kesenian tradhisional kang asale saka Betawi, dene musik kang ngiringi gambang kramong yaiku...

a)

Lenong

b)

Lengguk

c)

Ludruk

d)

Reog

e)

Jathilan

37.

Ing pagelaran wayang kulit ana piranti kang nggambarake bumi yaiku....

a)

Kelir

b)

Blencong

c)

Gamelan

d)

Debog

e)

Dhalang

38.

Debog kang kanggo nancepake wayang kang ana ing pagelaran wayang kulit nggambarake...

a)

Manungsa

b)

Srengenge, rembulan lan lintang

c)

Bumi

d)

Gusti kang akarya jagad

e)

Langit

39.

Kelir kang ana ing pagelaran wayang kulit nggambarake...

a)

Manungsa

b)

Srengenge, rembulan lan lintang

c)

Bumi

d)

Gusti kang akarya jagad

e)

Langit

40.

Wayang kang ana ing pagelaran wayang kulit nggambarake....

a)

Manungsa

b)

Srengenge, rembulan lan lintang

c)

Bumi

d)

Gusti kang akarya jagad

e)

Langit