NEW
Font size
WorksheetsREMIDI PTS BHS JAWA SEMESTER 1 2021-2022
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Isih jam setengah wolu isuk ing alun-alun wis kebak uwong. Dina iki ana Festifal Dolanan Tradisional sa-kabupaten. Pesertane para siswa SD saka 9 kecamatan. Salah sawijine Bima. Bima wes siaga kanthi egrange. Bima enggal munggah egrang lan jumangkah miwiti lomba. Sanajan wis latihan ana wae alangane. Ana peserta sing tiba nalika miwiti munggah ing tlapakan amarga ndredeg. Aturane ing babak penyisihan ora kena tiba luwih saka kaping telu. Jarak sing kudu diliwati 5 meter bola-bali.
Karangan ing nduwur kagolong teks ... .
Deskripsi
Narasi
Eksposisi
Ekspositori
Ing wayah rendeng larahan utawa sampah-sampah mau akhire mbunteti dalan banyu. Ing kutha-kutha apa maneh. Kalen-kalen ing antarane perumahan iku dadi kebak larahan. Ana botol plastik, bungkus jajan, tas kresek, godhong, sayuran lan sapanunggalane.
Tembung kang kacetak kandhel ing paragraf iku tegese ... .
Arahan
Got
Sampah
Banyu
Teks narasi yaiku teks wacan kang isine ngandharake utawa nyeritakake kedadean kanti runtut saka wiwitan nganti pungkasan, utawa kronologis.
Miturut pernyataan ing nduwur kang kagolong struktur teks narasi yaiku ... .
Identifikasi
Klasifikasi
Alur
Deskripsi
Struktur Teks narasi yaiku: 1) Alur, 2) Paraga/tokoh, 3) Latar. Sing diarani latar yaiku ... .
urutane kedadean
wektu, papan, lan swasanane kedadean
kang ngalami kedadean
watake penokohan
Wacanen sing tliti!
Sore kuwi Dimas lan Toni arep mancing ing kali cedhak omahe Dimas. Kabeh ubarampe (peralatan wis siap. Kari golek cacing. Omahe Dimas cedhak kebun. Dadi gampang wae olehe golek cacing. Sakwise oleh cacing bocah loro banjur budhal mancing. Kaline banyune bening. Akeh iwake.
Gagasan pokok wacan ing ndhuwur yaiku … .
Sakwise oleh cacing bocah loro banjur budhal mancing.
Kabeh ubarampe (peralatan) wis siap.
Dadi gampang wae olehe golek cacing.
Sore kuwi Dimas lan Toni arep mancing ing kali cedhak omahe Dimas.
"Jaka Kendhil"
Desa ndandapan iku desa sing kepencil, ana sapinggiring gunung dikupengi alas. Ing kono ana randha urip kijenan ora duwe anak, karan Mbok Randha Ndadhapan. Nuju sawijinging dina, ing wayah esuk Mbok Randha ketamon bocah nom-noman sing rupane ala banget, sirahe plonthos wetenge mblendhuk tur endhek. Dheweke matur menawa arep ngenger. Mbok Randha mesakake bocah sing ora duwe sanak kadahang iku mula banjur ditampa apa sing dikarepake bocah mau, malah diaku kaya denen anak e dewe. amarga potongane kaya kendhil mula banjur diceluk "Jaka Kendhil"
latar wektu wacan ing nduwur yaiku ... .
sawijining dina
wayah esuk
wayah awan
wayah sore
Ing sawijining jaman, ana siji kerajaan kang nduwe jeneng Medang Kamulan sing duweni raja kanthi asma Prabu Dewata Cengkar sing buas lan dhemen mangan menungsa. Saben dina Dewata Cengkar mangan sawong menungsa sing digawa saka Patih Jugul Enom. Kahanan kui ndadekna rakyat keweden lan mengungsi kanrhi meneng-meneng menyang daerah liya.
Ing dusun Medang Kawit ana sawong pemuda nduwe jeneng Aji Saka sing sakti, sregep lan gemati. Sawijining dina, Aji Saka nulunge simbah-simbah tuwa sing lagi digebugi dening grombolan penyamur. Simbah tuwa sing akhire diangkat bapak dening Aji Saka kuwi jebulna pengungsi saka Medang Kamulan. Krungu cerito babagan kebuasan Prabu Dewata Cengkar, Aji Saka nduwe niat kanggo nulung rakyat Medang Kamulan. Kanthi ngenakake serban neng sirah Aji Saka mangkat menyang Medang Kamulan.
paraga utama carita ing nduwur yaiku ... .
prabu dewata cengkar
patih jugul enom
Aji Saka
medang kamulan
Teks 1
Kelasku kahanane apik. Jogane wis dikeramik warnane putih lan resik amarga saben dino disapu. Tembok e dicet werna ijo enom marakne katon seger yen disawang. Ing kiwa tengen ana candela kaca mubeng dadi sinare srengenge bias mlebu saengga udarane seger. Ing kelasku ana 30 meja lan kursi kanggo murit-murit. Ing ngarep ana meja lan kursi kanggo bu guru. Ing tembok ngarep cumentel papan tulis putih.
Teks 2
Saben dina kemis Rudi lan Tika mesti budal sekolah luweh isuk tekan biasane. Amarga wong loro iki saben kemis kebagian piket kelas. Saben dina kemis Tika lan Rudi budal jam enem isuk, supaya iso resik resik kelas. Ora kejaba kemis iki mau, jam enem pas rudi lan Tika wes metu saka omah supaya ora telat anggone piket. Nanging ing tengah dalan Rudi kepleset marga kurang ati ati ing dalan sing mari keguyur udan. Mula Tika dadi nulungi Rudi. Akhire wong loro mau teka telat menyang sekolah lan ora bias piket isuk.
Andedasar tujuane nulis, bedane teks siji lan teks loro yaiku … .
Teks siji kelebu teks narasi, teks loro kelebu teks deskripsi
Teks siji kelebu teks deskripsi, teks loro kelebu teks narasi
Teks siji kelebu teks deskripsi, teks loro kelebu teks persuasi
Teks siji kelebu teks narasi, teks loro kelebu teks eksposisi
Teks deskripsi yaiku teks kang wong kang maca rumansa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake penulis. Ing ngisor iki kang kalebu teks dheskripsi, yaiku ... .
Marni mulih sekolah nangis amarga oleh biji ulangan basa jawa mung patangpuluh. Soale ana selawe pilihan kabeh. Marni olehe nggarap salah limalas. Dheweke getun polahe wingi ora sinau babar blas.
Windi pancen bocah sing ayu. Irunge mbangir cilik. Rambute dhawa sak bangkekane, ireng tur ikal. Kulite putih kaya keturunane CIna. Pituture lemah lembut, yen mesem katon manis, ketok untune kang miji timun.
Ing kelasku koncoku ono sing tukaran polahe rebutan sapu di gawe piket. Sapune mung loro, lha sing piket ana papat. Dadi sapu loro digae rebutan arek papat, banjur sapu sijine dadi tugel.
Dina Minggu wingi Putri dijak ibu menyang pasar. Ndilalah ing dalan ana kedadean kecelakaan antara sepeda montor ambek montor angkot. Saking bangette olehe tabrakan soper loro-lorone mati ing panggon.
Gatekno ukara ing ngisor iki!
A. Nyeritaake kedadean kanthi runtut miturut urutane wektu
B. Menehi gegambaran sawijing barang utawa objek
C. Nduweni paraga lan koflik
D. Nduweni tujuan supaya wong kang maca kaya-kaya ngalami dewe objek sing digambarake.
E. Menehi penjelasan ngenani sawijining objek kanti rinci
Ukara ing nduwur kang kagolong ciri-ciri karangan Deskripsi yaiku ... .
A, B lan C
B, C lan D
B, C lan E
B, D lan E
Gunung Bromo iku sawijining gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan Kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. Manuk-manuk pating sumliwer ing kupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan katon kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Ana para tani nenandur bangsane woh-wohan. Saperangan ana kang nenandur janganan.
Teks sing dhuwur kalebu jenise karangan . . .
narasi
dheskripsi
eksposisi
persuasi
Teks kang gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek utawa panggong kanthi njlimet/rinci nganti sing maca kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake diarani teks ... .
Narasi
Deskripsi
Eksposisi
Persuasi
Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang. Gampeng saurute kali ditanduri suket ijo. Sisih kiwane kali sawah kang jembar. Tandurane pari jagung. Sisih tengene kali dalan kang nyambung desaku lan tangga desa liyane.
Teks ing nduwur kalebu teks dheskripsi. Ing ngisor iki kang kagolong stuktur teks dheskripsi yaiku, kajaba ... .
Idhentifikasi
Latar wektu
Klasifikasi
Deskripsi bagean
Laporan prastawa anyar utawa prastawa ngenani hal sing lagi kedadean, sing dikabarake lewat Koran, siarana internet utawa diceritakake diarani … .
Laporan
Berita (Pawarta)
Parikan
Narasi
Ing ngisor iki kagolong ciri-cirine berita, kajaba … .
Nyengsemake
Paling anyar
Singkat lan jelas
Paraga
gatekna ukara ing ngisor iki!
1.Fakta, pawarta saka kedadean nyata
2.oponi, pawarta kang wujud andharan wong kang ngalami kedadean
3.campuran kedadean lan panemune narasumber kang ahli
miturut ukara ing nduwur kagolong pawarta andedhasar ... .
isine
sumbere
bobote fakta
wilayahe
Indonesia Scouts Challenge (ISC) mujudake kegiatan kemah lan maneka warna lomba kanggo adik-adik Penggalan Ramu kelas IV lan V SD. Minggu iki kegiatan kemah ISC tingkat kabupaten/kota Malang dilaksanakake ing lapangan rampal.
Andhedhasar wilayahe pawarta ing nduwur kagolong ... .
Lokal (wilayah KAbupaten/kota)
Regional (wilayah provinsi)
Nasional (Negara)
Internasional (donya)
Jenise pawarta iku macem-macem, salah sijine jenise pawarta adhedhasar isine.
Ing ngisor iki kagolong jenise pawarta adhedhasar isine, kajaba ... .
pawarta pendidikan
pawarta ekonomi
pawarta lokal
pawarta politik
Simaken cuplikan pawarta ing ngisor iki!
BANGKALAN – Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan. Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih.
Miturut pawarta iku kedadeane ana ing kutha ....
Bangkalan
Sampang
Jawa wetan
indonesia
Saka pethikan pawarta kasebut, apa kang diwartakake?
dianakake pilihan bupati ing Kebumen
pilihan Kepala Desa serempak sekabupaten
kecurangan nalika pemilihan
akeh Desa kang ora melu pemilihan
apa sing dadi bakune pawarta kasebut?
kabeh warga ing Jember diserang monyet
Kapolsek Semboro tewas diserang monyet
Para warga dibantu polisi nguber monyet sing dadi resahe warga
monyet sing mati ketembak
Kapan kedadeane peristiwa kasebut?
dhek minggu wingi
Selasa 24/2/2015
lagi wae
wulan januari
Ing ngisor iki kang kalebu ukara ngoko lugu yaiku … .
Bapak ngunjuk kopi ing teras
Simbah gerah waja
ibu nyeneni Anwar amarga ora gelem sinau
ibu ditimbali eyang
Budhe tuku gedhang ing pasar. Yen diowahi dadi ngoko alus yaiku ... .
Budhe mundhut gedhang ing pasar
Budhe tumbas gedhang ing pasar
Budhe mundhut gedhang ing peken
Budhe tumbas gedhang wonten peken
Ibu badhe dateng kantor ngagem rasukan werni pethak.
ukara ing nduwur yek diowahi dadi basa ngoko lugu sing bener yaiku ... .
Ibu arep menyang kantor nggawe klambi werna pethak
Ibu arep menyang kantor ngangem kalmbi werna putih
Ibu arep menyang kantor nggawe klambi werna putih
Ibu arep menyang kantor nggawe rasukan werna putih
Bapak karo ibu lunga menyang Malang.
Ukara iki yen dikramakake inggil dadi … .
Rama kaliyan Ibu kesah dhateng Malang
Rama kaliyan Ibu tindak dhateng Malang.
Rama kalih Ibu tindak dhateng Malang
Rama kaliyan Ibu tindak menyang Malang.
Bapak lan ibu lunga menyang Surabaya. Jejere ukara ing sisih kiwa yaiku ... .
Bapak
ibu
bapak lan ibu
Surabaya
Paklek ngunduh pelem ing kebonan
pola ukara ing nduwur yaiku ... .
J-W-L
K-J-W-L
J-W-L-K
J-W-K-L
Ukara ing ngisor iki kang nganggo pola K-J-W-L yaiku ... .
Adek tumbas jajan ing warung ngarep
simbah ngunjuk kopi ing teras
Saben isuk Ibu nyapu latar
bapak maos koran ing mbale
1. Bapak sare
2. Ibu mundhut gendis wonten peken
3. Bu Suwarni tindhak Yogya
4. Pak Karjo ngarit ing sawah
Ukara ing nduwur sing nganggo pola J-W-K yaiku...
(1) lan (2)
(2) lan (3)
(3) lan (4)
(2) lan (4)
