WorksheetsBU SULIS ; BASA RINENGGA
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Tulung menthung = karepe menehi pitulungan, nanging malah ngrepoti lan nggawe rekasane sing ditulungi.
Tembung “tulung menthung”, kelebu ing …..
paribasan
bebasan
pepindhan
saloka
Pecruk tunggu bara = uwong ala dipercaya nunggoni barang sing dipengini.
Ukara “Pecruk tunggu bara”, kelebu ing …..
paribasan
bebasan
pepindhan
saloka
Ngubak-ubak banyu bening = Ngawe rerusuh ing papan panggonan kang ayem lan tentrem.
Ukara “Ngubak-ubak banyu bening”, kelebu ing …..
bebasan
paribasan
pepindhan
saloka
Kebo lumumpat ing palang = wong sing ngadili prakara, nanging ora nganggo wewaton sing bener.
Ukara “Kebo lumumpat ing palang”, kelebu ing …..
paribasan
bebasan
pepindhan
saloka
Alise nanggal sepisan = wangune (bentuk) alis kaya rembulan nalika tanggal siji.
Ukara “Alise nanggal sepisan”, kelebu ing …..
saloka
panyandra
bebasan
paribasan
Ula marani gebug = wong kang nantang uatawa marani bebaya.
Ukara “Ula marani gebug”, kelebu ing …..
saloka
panyandra
bebasan
paribasan
Rukune kaya mimi lan mintuna = anggone kekancan rukun banget, nyang endi-endi tansah bebarengan.
Tembung “mimi lan mintuna”, kalebu ing …..
saloka
bebasan
pepindhan
paribasan
Sedhakep ngawe-awe = katone meneng-meneng, nanging sejatine nuduhi lan ngajak tumindak ala.
Ukara “Sedhakep ngawe-awe”, kelebu ing …..
saloka
paribasan
bebasan
pepindhan
Wangsulane saur manuk = kabeh padha mangsuli pitakonan, sakarepe dhewe.
Ukara “Wangsulane saur manuk”, kelebu ing …..
saloka
paribasan
bebasan
pepindhan
Bosok malah enak, batangane yaiku tape.
Ukara ing ndhuwur kalebu ing …..
parikan
cangkriman
kerata basa
parikan
