NEW
Font size
WorksheetsLatihan PAS BD semester 1
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Ing ngisor iki sing njelasake pengertiane teks narasi kanti bener yaiku....
wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan/obyek, obyek mau kaya ana ngarepe pamaca
karangan sing nyritakake kedadeyane prastawa, wujude bisa prastawa nyata utawa rekaan
karangan sing logis, biaane minangka daftar rincian utawa bab-bab penting sing disusun miturut sistem obyek sing diteliti
karangan sing nggambarake impresine penulis
Jenise teks narasi iku ana loro, yaiku ...
Narasi ekspositoris lan narasi sugestif
narasi Impresionis lan narasi deskriptif
narasi ekspositoris lan narasi impresionis
narasi sugestif lan narasi deskriptif
Gatekake cerita ing ngisor iki
(1) Kewan siji iki ancen gedhe mupangate menawa ngerti kepriye anggone ngupakara. Pancen kudu tlaten lan butuh pangerten mligi supaya apa kang dikarepake bisa kasil. kewan iku ora liya yaiku tawon.
(2) Jaman biyen ing tlatah pesisir lor Lamongan urip saklompok kodok. kewan-kewan iku dipimpin dening kodhok loro sing gedhe tur kuwat, yaiku raja lan ratu kodhok. Raja lan Ratu banget ditresnani dening para kawula alit amarga adil lan bijaksana.
Sing mbedakake crita narasi ing ndhuwur yaiku ....
(1) narasi ekspositoris, crita apa anane kang nyata
(2) narasi sugestif, critane nggugah pangangen angene pamaca
(1) narasi sugestif, crita apa anane kang nyata
(2) narasi ekspositoris, critane nggugah pangangen angene pamaca
(1) narasi impresionos, crita apa anane kang nyata
(2) narasi sugestif, critane nggugah pangangen angene pamaca
(1) deskripsi ekspositoris, crita apa anane
(2) deskripsi sugestif, critane nggugah pangangen angene pamaca
Cerita ing ngisor iki sing kagolong cerita narasi sugestif yaiku ...
Bapak gadah kandang ayam katah ing mburi omah. Kandang ayam nek mburi omah kabehe ono 5, saben tiap-tiap kandang nduwe ukuran 5 x 6 meter ingkag kuat nampung ayam sing jumlahe 50 ekor.Saben esuk aku mbantu bapak menehi pakan lan ngombe gawe ayam supoyo gelis gede lan payu larang.
Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Andi sing wes gak melbu sekolah ono seminggu.Jare konco-koncoku si Andi iku loro tipes, terus aku due ide urunan gae gawakne roti lan buah-buahan sing di senengi Andi.
Minggu wingi aku ulang tahun umur 10 tahun, ibukku duweni rencana gawe acara ulang tahun nek omah lan ngundan kabeh konco-koncoku sing jumlahe ono 15.Aku seneng banget pas diaturi ibuk ulang tahunku bakal dirayakno.sak durunge dino kang ditunggu-tunggu, aku diajak ibuk lan bapak tumbas klambi anyar gae acara kasebut.
Desa Dhadapan iku desa sing kepencil ana sapinggiring gunung dikupengi alas. ing kono ana randha urip kijenan ora duwe anak, karan mbok Randha Dhadapan. Nuju sawijining dina, mbok Randha mau ketamon bocah nom-noman sing rupane ala banget.
Gatekake pranyatan ing ngisor iki:
1. Wacan kang mung menehi katrangan lugu/apa anane
2. Wacan kang ngracik kanti runtut nganti bisa nggugah pangangen angene wong kang maca
3. strukture ana alur, paraga, watak, lan latar
4. tuladhane dongeng lan novel
5. menehi gambaran sawijining barang, panggonan, lan swasana
Sing nduduhake ciri-cirine teks narasi sugestif yaiku ....
1,2,4
2,3,4
3,4,5
2,3,5
Jam rolas awan, Supardi wis mulih saka sekolahe. deweke banjur nggoleki ibune sing biasane ana ruang tamu. "Bu, Njenengan wonten pundi?"
Ibuke banjur ngucap," Mreneo, Le!"
Ibu ana pawon.
Sing kalebu ukara andaharan ing paragraf mau, yaiku ....
"Bu, Njenengan wonten pundi?"
Ibuke banjur ngucap," Mreneo, Le!"
Jam rolas awan, Supardi wis mulih saka sekolahe.
Jam rolas awan iku mau?
Gatekake crita ing ngisor iki!
Nalika jaman kraton Demak, ana wong kang seneng tapa brata sing sekti mandraguna. Asmane priyayi iku yaiku Ki Kesdik Wacana. Panjenengane urip ijen lan tapa ana gua sacedhake gunung Sewu. Gunung mau dikupengi dening alas sing gung liwang Liwung. Mula gawat gawat kaliwat-liwat. Ewasemono papan mau minangka papan kang endah sesawangane, sarta subur loh jinawi apa kang tinandur mesthi bakal dadi.
Miturut crita ing ndhuwur mau, alur critane yaiku ...
alur maju
alur mundur
alur maju mundur
alur mundur maju
Jaman samono Ki Plapar kawentar luhuring budi, arif, lan sekti mandraguna. Sanajan rambute putih, kulite keriput, dheweke isih bisa mlaku tanpa nganggo tongkat. Sorot netrane kebak kawibawan. Pakulinan mlaku adoh lan ngrasakake hawa esuk wiwit enom ing saben dinane ndadekake Ki Plapar ora katon tuwa.
Ukara sing nduduhake watake Ki Plapar yaiku ....
Sanajan rambute putih, kulite keriput, dheweke isih bisa mlaku tanpa nganggo tongkat.
Pakulinan mlaku adoh lan ngrasakake hawa esuk wiwit enom ing saben dinane ndadekake Ki Plapar ora katon tuwa.
rambute putih, kulite keriput, lan nganggo tongkat
Jaman samono Ki Plapar kawentar luhuring budi, arif, lan sekti mandraguna.
Hawa ing pletheking fajar sansaya adhem. Ing Padhepokan Padas Plapar, puluhan murid wis padha latihan kanuragan kang dipandhegani dening Ki Plapar. Saben dina Ki Plapar nggembleng para muride babagan ilmu jagat diri kanthi pangajab mbesuke bisaa mbelani lan ngayomi rakyat saka angkara murka.
Latar panggonan ing crita mau yaiku ...
sansaya adhem
padhepokan Padas Plapar
latihan kanuragan
ngayomi rakyat
Pak Imam wis nggawe garis kothakan amba. Ana nem kothak, telu ing sisih kiwa lan telu ing sisih tengen. Ing tengahe ana garis kanggo sodore. Sing jaga padha jaga ing garis buri kothak. Bima wiwit maju dadi sodor. Mungsuhe klompoke Munip. “Bukak..!” Bima mlayu nengah. Munip lan Iwan ing sisih tengene. Wati lan Nuri ucul ing kotak sabanjure. Bocah loro iku dijaga karo Sari. Ing burine Sari isih ana Roni lan Firli.
Miturut jenise, teks ing dhuwur iku klebu wacan ....
narasi
deskripsi
eksposisi
argumentasi
BANGKALAN – Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan. Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih. Pari sing maune thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan. Para tani mbudidaya njejegake pariparine supaya ora kesuwen kakum banyu udan. "Yen ora diangkat, bisa bosok lan ora payu didol, amarga wis ora kena dipangan. Senajan bisa dipangan rasane uga wis ora enak,” kandhane Sutiyem mbok tani ing papan kono, Rabu (13/4/2016).
miturut pawarta ing ndhuwur iku kagolong jenise pawarta ....
lokal
regional
nasional
internasional
Pawarta iku jenise macem-macem. Pawarta kang wujud andharane wong kang ngalami sawijine kedadean diarani ...
pawarta opini
pawarta pendidikan
pawarta lokal
pawarta aous-apusan
Pak Karim kuwi dedeg piyadege gedhe duwur, praupane seger lan katon gagah pidekso.
Ukara sing digaris nisor iku kagolong jenise basa rinengga yaiku ....
saroja
camboran wutuh
entar
camboran tugel
Tembung loro (2) digandheng dadi siji nuwuhake teges anyar diarani ....
tembung camboran
tembung saroja
tembung entar
geguritan
Gatekake tembung ing ngisor iki!
(1) Bu Tatik yen nganggo kacamata iku katon ayu lan pantes.
(2) Yogi ora bener olehe nata meja, tetep malang megung ora karu-karuan.
Bedane ukara (1) lan Ukara (2) yaiku ...
Ukara (1) tembung camboran
Ukara (2) tembung entar
Ukara (1) tembung camboran
Ukara (2) tembung saroja
Ukara (1) tembung saroja
Ukara (2) tembung entar
Ukara (1) tembung entar
Ukara (2) tembung camboran
Tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegese dadi beda saka asal-usule, banjur tegese ora kaya teges salugune (kata kiasan) diarani ...
Basa rinengga
tembung entar
tembung saroja
tembung camboran
Pak Sunyoto mulai isuk wis adol kringet olehe kepingin nyukupi kebutuhan keluawargane.
Tembung sing kacetak miring tegese ....
dodolan kringet
golek kringet
nyambut gawe
kepanasan
Sawise Pak Marto maringi pituduh, para warga padha tumandang gawe, manut karo kapinterane dewe-dewe. Jam sepuluh ibu-ibu pada rawuh karo nggawa panganan. Ana sing nggawa wedang kopi, gedhang goreng, tahu petis, lan liya-liyane.
Tembung sing digaris kuwi kagolong tembung ...
entar
saroja
camboran wutuh
camboran tugel
Gatekna tembang ing ngisor iki!
1. Gundul-gundul Pacul
2. Pocung
3. maskumambang
4. Cublak-Cublak Suweng
Sing kagolong tembang macapat yaiku ...
1 lan 2
3 lan 4
1 lan 4
2 lan 3
Sing diarani teks narasi ekspositoris yaiku ...
jenise wacan kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen-angene sing maca
karangan sing logis, biasane minangka daftar rincian utawa bab-bab penting sing disusun miturut sistem.
jenise wacan kang mung menehi katrangan lugu utawa apa anane
jenise karangan kang nggambarna impresi penulise.
