wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS_GASAL_BHS JAWA_SPVHS_20212022_XII

Total questions: 20

Worksheet time: 7mins

Name
Class
Date
1.

Saka Tembang Kinanthi ing ngisor iki gatra kaping 6 cacahing wandane yaiku...

Sapa sira sapa ingsun,

Angalunyat sarta edir,

Iku lalabete uga,

Nonoman adoh wong becik,

Emoh angrungu carita,

Cerita ala kang becik.

a)

8

b)

9

c)

12

d)

6

e)

7

2.

Saka Tembang kinanthi ing ngisor iki gatra kaping 2 guru lagune yaiku...

Sapa sira sapa ingsun,

Angalunyat sarta edir,

Iku lalabete uga,

Nonoman adoh wong becik,

Emoh angrungu carita,

Cerita ala kang becik.

a)

Wulu/ i

b)

Taling/ e

c)

Taling tarong /o

d)

Nglegena/ a

e)

Suku / u

3.

Gatosaken cakepaning tembang ngandhap! Tegesing tembung ingkang kagaris ngandhap yaiku’…

Mangka kanthining tumuwuh ,

Salami mung awas eling,

Eling lukitaning alam ,

dadi wiryaning dumadi ,

supadi nir ing sarkara,

yaiku pangreksananing urip.

a)

Manungsa urip

b)

kahanan

c)

carane njaga

d)

Tandha-tandha

e)

Pepalang laku

4.

Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Marma den taberi kulup,

Angulah lantip aneng ati,

Rina wengi den anedya,

Pandak panduking pambudi,

Bengkas kahardaning driya,

Supaya dadya utami.

Manut paugeraning tembang Kinanthi,

wonten gatra ingkang boten trep.

Cakepan kang kudu diganti saka tembang kasebut yaiku…

a)

Marma den taberi kulup

b)

Angulah lantip aneng ati

c)

Rina wengi den anedya

d)

Pandak panduking pambudi

e)

Bengkas kahardaning driya

5.

Gatekake geguritan ing gisor iki.

Sliramu,

Sinawang saka netramu,

Ana rasa kang kepak pitakon,

Yagene sliramu musna sajroning werdi,

Rinasa ing sajroning tyas,

Ana rasa wuyung kang tansah ngrembuyung,

Tanpa kuwawa bisa entuk jampi.

Wos utawa isining geguritan Sliramu nginggil yaiku…

a)

Rasa kangen marang pawongan kang wis lunga

b)

Srawunge mudha-mudhi jaman saiki

c)

Rasa katresnan marang wong kang ora kabendhung

d)

Kasetyaning wong kang tinilar dening pasanganipun

e)

Katresnan ingkang cinidra dening pasangan

6.

Gatekake geguritan ing ngisor iki!.... Ibu…,

Kula nyuwun pamit,

Pamit dhateng kutha,

Pados pangupa jiwa.

Ibu….,

Kula nyuwun sangu,

Sangu donga sanes japa matra,

Uga sanes sangu arta.

Geguritan iku ngandhut rasa pangrasa ….

a)

Sedhih

b)

Seneng

c)

Nelangsa

d)

Simpati

e)

Kangen

7.
Gatekake geguritan ing ngisor iki! Aku lila, Korban jiwa raga kanggo bumiku, Nadyan awak ajur dadi sawur, Lan getihku mlabar mili, netes ing bumi pertiwi, Labet raharjaning Negara …. Ukara gatra kaping 3 lan 4 ngemot gaya basa…
a)
hiperbola
b)
metafora
c)
personifikasi
d)
metonimia
e)
sarkasme
8.
Munggah medune swara lan pocapan.  Swara prayogane saka weteng seje saka dhadha supaya kuat. Andharan ing dhuwur jumbuh karo babagan …
a)
Wirama
b)
Wicara
c)
Wirasa
d)
Wiraga
e)
Winata
9.
Piranti kanggo nyingseti utawa ngencengake tumempele sinjang kang ana badan diarani ...
a)
Setagen
b)
Jarik
c)
Sabul
d)
Timang
e)
Kemben
10.

Saka busana Jawa gambar ing duwur iki duweni filosofi supaya bisa duwe pamikiran kang adhem lan tenang diarani …

a)

Blangkon

b)

Beskap

c)

Jarik

d)

Kebaya

e)

Cenela

11.

Gambar ing duwur iki geman busana kanggo piyayi.....

a)

Kakung

b)

Mudha

c)

Lari alit

d)

Putri

e)

Sepuh

12.
Jarak wiru jarik putri yaiku …
a)
5
b)
6
c)
8
d)
4
e)
2
13.

Ing duwur iki gamelan kang anggone muni kanthi cara digesek yaiku ...

a)

gambar A

b)

gambar B

c)

gambar C

d)

gambar D

e)

gambar E

14.
Kang diandharake ana ing wacan eksposisi yaiku ...
a)
Ngandharake proses
b)
Ngandharake pendapat
c)
Ngandharake informasi
d)
Ngandharake kahanan
e)
Ngandharake idhe
15.
Piranti gamelan Jawa kang racake papane ing mburi dhewe, digantung ing palangan gayor kang umume digawe saka kayu ukuran gedhe yaiku ...
a)
Gong
b)
Gambang
c)
Saron
d)
Slentem
e)
Kendang
16.
Perangan gamelan kang cara nabuhe nganggo epek-epek yaiku...
a)
Kendang
b)
Saron
c)
Kenong
d)
Gambang
e)
Siter
17.
Aksara Swara Lumrahe kanggo nulis ....
a)
Nama utawa tembung-tembung liyane kang asale saka tembung manca
b)
Nama utawa tembung-tembung liyane kang asale saka basa Arab
c)
Gelar
d)
Panggoran
e)
Pakurmatan
18.
Kang seje dadi aturane nulis aksara swara yaiku ...
a)
Aksara swara bisa dadi pasangan
b)
Aksara swara bisa diwenehi sandhangan panyigeg
c)
Aksara swara ora bisa diwenehi sandhangan swara
d)
Aksara swara ora bisa dadi pasangan
e)
Aksara swara ora digunakake kanggo menehi pangurmatan
19.

Ing duwur iki kang ora kalebu Aksara swara yaiku ...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

20.

Ukara ing samping macane ...

a)

Umar bin Khotob

b)

Umar bin Khatob

c)

Umar bin Hotob

d)

Umar bin Hothob

e)

Umar bin Khothob