wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1

Total questions: 50

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Arya Panangsang

Sawijining dina Arya Panangsang ngadhep Sunan Kudus. Arya Panangsang ora rumangsa ke bawah Pajang lan Demak Malah dheweke rumangsa nduweni hak dhampar Kraton Demak. Sababe pancen nyata, wong tuwane yaiku Pangeran Seda Lepen luwih tuwa katimbang Sultan Trenggana.

Arya Panangsang ora rumangsa kebawah Kasultanan ….

a)

Pajang

b)

Demak

c)

Mataram

d)

Kartasura

2.

Sawijining dina Arya Panangsang ngadhep Sunan Kudus. Arya Panangsang ora rumangsa ke bawah Pajang lan Demak Malah dheweke rumangsa nduweni hak dhampar Kraton Demak. Sababe pancen nyata, wong tuwane yaiku Pangeran Seda Lepen luwih tuwa katimbang Sultan Trenggana.

Wong tuwane Arya Panangsang yaiku ….

a)

Sultan Trenggana

b)

Pangeran Seda Lepen

c)

Raden Prawata

d)

Sunan Kudus

3.

Manut Arya Panangsang, sedyane Pangeran Prawata nyidra bapake wis genah yaiku supaya Raden Trenggana sing madeg nata. Sultan Adiwijaya uga ora samesthine mengku nagara, jalaran mung putra mantune Sultan Demak.

Manut Arya Panangsang, Sultan Adiwijaya uga ora samesthine mengku nagara, jalaran mung … Sultan Demak.

a)

kancane

b)

sedulure

c)

gurune

d)

putra mantune

4.

Manut Arya Panangsang, sedyane Pangeran Prawata nyidra bapake wis genah yaiku supaya Raden Trenggana sing madeg nata. Sultan Adiwijaya uga ora samesthine mengku nagara, jalaran mung putra mantune Sultan Demak.

Sultan Adiwijaya kuwi sultan ing ….

a)

Pajang

b)

Demak

c)

Mataram

d)

Jipang

5.

Sunan Kudus anggone ora mangsuli amarga wis ngerti watake Arya Panangsang sing brangasan, yen dipenggak malah nesu. Rumangsane Arya Panangsang anggone Sunan Kudus ora menggak iku ateges nayogyani.

Arya Panangsang watake ….

a)

brangasan

b)

sabat

c)

teliti

d)

alus budine

6.

1. Desa Pucangan ana koki kang pilih tandhing.

Koki tegese ….

a)

juru mangsak

b)

juru nujum

c)

juru warta

d)

juru kunci

7.

1. Pak Kenong baut banget olah-olah.

Baut tegese ….

a)

pinter

b)

milih

c)

bisa

d)

dadi

8.

1. Peksi bango menika sukunipun setunggal.

Peksi tegese ….

a)

kewan

b)

daging

c)

mangsak

d)

manuk

9.

Pagawean pungkasan gawe wayang masang garane.

Garan wayang diarani ….

a)

gawangan

b)

corekan

c)

pangot

d)

cempurit

10.

Ing kalodhangan iki bocah-bocah bisa gawe prau-praunan who randhu.

Kalodhangan tegese ….

a)

saiki

b)

sabab

c)

wektu longgar

d)

dina

11.

Sing baku, kudu nyepakake ubarampe kang diprelokake yakuwi gunting utawa lading cilik.

Ubarampe tegese ….

a)

alat/piranti

b)

panganan

c)

sangu

d)

barang

12.

Raden Arjuna punika putranipun Prabu Pandhu ingkang nomer ….

a)

kalih

b)

tiga

c)

sekawan

d)

gangsal

13.

Raden Arjuna kagungan sedherek tunggil bapa lan ibu, inggih punika ….

a)

Radem Puntadewa lan Raden Sadewa

b)

Raden Puntadewa lan Raden Nakula

c)

Raden Puntadewa lan Raden Bratasena

d)

Raden Nakula lan Raden Sadewa

14.

Watakipun Raden Arjuna ing antawisipun inggih punika ….

a)

lantip, sopan, teliti, anteng

b)

remen ngganggu tiyang sanes

c)

remen goroh

d)

boten purun tetulung

15.

tulisan Jawa kuwi yen diwaca unine….

a)

Salak iki cilik.

b)

Salakmu cilik.

c)

Salak cilik-cilik.

d)

Salak rada cilik.

16.

tulisan Jawa kuwi yen diwaca unine ….

a)

Sutanti wis mulih.

b)

Sutanti ngajak mulih.

c)

Sutanti durung mulih.

d)

Tanti ngajak mulih.

17.

Becik ketitik ala ketara , yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi ….

a)
b)
c)
d)
18.

Raden Putra raja kang kawentar.

Kawentar tegese ….

a)

sabar

b)

gampang nesu

c)

kondhang

d)

gedhe

19.

Sawetara dedunung ana alas garwa Prameswari raja Jenggala babaran putra kakung, diparingi asma ….

a)

Cindhelaras

b)

Karebet

c)

Jaka Tarub

d)

Jaka Bodho

20.

Raden Putra … kaluputane lan ngalembana kawicaksanane Sang Patih.

a)

nglenggana

b)

mbaleni

c)

ora ngakoni

d)

ngabari

21.

Guru gatra yaiku......

a)

cacahing ukara (kalimat) saben bait/pada

b)

cacahing suku kata saben kalimat

c)

suara pungkasan (akhir) utawa huruf vocal pungkasan saben ukara (kalimat)

d)

cacahing pada ing saben gotro

22.

ana pira (berapa) guru gatra tembang macapat iki

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

23.

Jinise tembang macapat ana . . .

a)

wolu

b)

songo

c)

sepuluh

d)

sewelas

24.

Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa krama lugu

c)

Basa ngoko alus

d)

Basa krama alus

25.

Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

macapat

26.

Ukara kasebut diwaca

a)

Krateg salareja

b)

Kreteg selareja

c)

Kreteg selorejo

d)

Krateg soloreja

27.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

28.

Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru saka

29.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Tembang ing dhuwur jenenge tembang ...........

a)

gambuh

b)

pucung

c)

sinom

d)

mijil

30.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku .........

a)

7i

b)

8i

c)

9i

d)

10i

31.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Tembang ing dhuwur satemene cangriman. Batangane ......

a)

tali

b)

ula

c)

sabuk

d)

kalung

32.

Tembang macapat kang nduweni pugeran 7u, 10u. 12i, 8u, 8o diarani ....

a)

kinanthi

b)

durma

c)

Gambuh

d)

pucung

33.

Teks kang isine ngandharake fakta utawa kenyataan sak benere diarani ....

a)

iklan

b)

slogan

c)

pawarta/berita

d)

narasi

34.
a)

ana dina ana upa

b)

ana alangan mungkura

c)

ana catur mingkur

d)

ana catur mungkur

e)

mingkar-mingkuring angkara

35.

Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

deskripsi

36.

Karangan kang wujude guneman para paraga kang tumindak arane ....

a)

pacelathon

b)

crita

c)

geguritan

d)

tembang

37.

Kanggo nggampangake gawe pacelathon, diwiwiti saka nemtokake ....

a)

jenenge paraga

b)

tema pacelathon

c)

tujuwane pacelathon

d)

swasana pacelathon

38.

Tanda waca kang digunakake kanggo misahake jeneng paraga lan ucapane yaiku ....

a)

titik

b)

petik

c)

titik loro

d)

koma

39.

Tuladha basa krama kang trep kanggo awake dhewe yaiku ….

a)

Bu, kula bidhal rumiyin, nggih

b)

Panjenengan adus rumiyin!

c)

Bu, kula tindak rumiyin

d)

Kula badhe siram rumiyin

40.

Nalika nindakake pacelathon karo wong liya becike nggatekake … basane.

a)

tata krama

b)

tata susila

c)

unggah-ungguh

d)

trapsila

41.

Bapak menawi tindak kantor … sepeda, dene kula menawi … sekolah cekap mlampah kemawon.

a)

numpak – mangkat

b)

nitih – tindak

c)

nggenjot – lunga

d)

nitih – bidhal

42.

Basa Jawa krama alus iku lumrahe digunakake dening ....

a)

kanca sakelas

b)

guru marang siswa

c)

anak marang wong tuwa

d)

wong tuwa marang anak

43.

Unggah-ungguh kang becik nalika tetepungan yaiku ....

a)

bengak-bengok saka kadohan

b)

nyedak karo meneng

c)

nyedak karo ngajak salaman

d)

mripate ngawaske wong liya

44.

Tuladha ukara kang becik kanggo tetepungan marang wong liya yaiku ....

a)

“Halo, kenalan yo!”

b)

“Eh, kenalan yok! Jenengmu sapa?”

c)

“Mas, kowe wong ngendi?”

d)

“Mbak, nderek nepangaken, nami kula Jono, panjenengan?”

45.

Candra : “Bu, dos pundi manawi kula ndherek rekreasi sekolahan?”

Ibu : “Apa sekolahanmu arep nganakake rekreasi?”

Candra : “Inggih , Bu!”

Pethikan pacelathon iku nuduhake tata krama antarane putra marang wongtuwa.


Basa kang digunakake dening Candra yaiku basa ....

a)

ngoko

b)

krama

c)

campuran

d)

ngoko andhap

46.

Pacelathon bisa kalaksanan manawa ditindakake paling sithik wong cacah ....

a)

lima

b)

papat

c)

telu

d)

loro

47.

Kula ngombe es degan, dene Pakde ... kopi tubruk,

Tembung kanggo nggenepi ukara ing ndhuwur yaiku ....

a)

ngunjuk

b)

nginum

c)

ngombe

d)

ngrahapi

48.

Ukara ing ngisor kang migunakake basa ngoko andhap yaiku ....

a)

Pak, yen arep tindak mrana, aku melu ya?

b)

Pak, yen arep tindak mrana, kula melu ya?

c)

Pak, yen arep tindak mrana, aku dherek ya?

d)

Pak, yen arep tindak mrana, aku dherek nggih?

49.

Wacanen pacelathon iki!

Firdaus : “Coba padha nyedak mrena dakkandhani, omong-omong sinambi sinau. Listrik iku bisane murup kanthi tenaga kang nggegirisi banget, yaiku disel arane PLTD, banyu arane PLTA, lan uap arane PLTU.

Nurwan : “Mas Firdaus, aku tau krungu saka berita TV kae, jare ana kang nganggo tenaga surya.”

Ardi : “Surya sapa mas? Kancane budhe Anwar kae ya?”


Paraga sing paling pinter babagan listrik yaiku ....

a)

Ardi

b)

Firdaus

c)

Nurwan

d)

adhine Firdaus

50.

Wacanen pacelathon iki!

Firdaus : “Coba padha nyedak mrena dakkandhani, omong-omong sinambi sinau. Listrik iku bisane murup kanthi tenaga kang nggegirisi banget, yaiku disel arane PLTD, banyu arane PLTA, lan uap arane PLTU.

Nurwan : “Mas Firdaus, aku tau krungu saka berita TV kae, jare ana kang nganggo tenaga surya.”

Ardi : “Surya sapa mas? Kancane budhe Anwar kae ya?”


Rembugane para paraga iki mau nggunakake setting ing ....

a)

omah

b)

sekolah

c)

kantor

d)

pinggir dalan