WorksheetsBasa Jawa
Total questions: 28
Worksheet time: 14mins
Unsur crita sing mujudake pesen utawa pitutur sing pengin diandharake pangripta marang pamacane diarani . . . .
tema
amanat
latar
paraga
Paraga sing nduweni watak becik diarani . . . .
artis
protagonis
antagonis
sutradara
Sing nyiptakake kluwung, yaiku . . . .
manungsa
Gusti Allah
pemerintah
bocah-bocah
Kluwung manggone ing . . . .
mega
awang-awang
langit kang biru
langit kang mendhung
Wernane kluwun cacahe ana . . . .
telu
lima
pitu
wolu
Kahanan mendhung iku minangka tandha arep . . . .
banjir
panas
bengi
udan
Sing minangka mujudake gambar kahanan bledheg, yaiku . . . .
Mupangat iklim sajrone panguripane manungsa sadina-dina, ing antarane yaiku . . . .
kanggo nemtokake wujud lan konstruksi gedhong mawa tingkat dhuwur, dhata babagan kecepetan angin banget wigati
para nelayan nggunakake angin dharat lan angin segara kanggo golek iwak kanthi prau layar
kendaraan mawa motor mbutuhake kipas angin kanggo ngadhemake mesin sarta banyu kang dialirake liwat radiato
usaha babagan perikanan, pertanian,lan perhutanan mbutuhake ilmu kawruh kang gegayutan karo unsur-unsur iklim
Bedane cuaca lan mangsa, yaitu . . . .
kahanan hawa ing sawijining wewengkon (wilayah) tartamtu
kahanan hawa iku nyakup akehe panyinare srengenge, suhu, kelembaban, lan aliran angin
cuaca dumadi sajrone wektu paling cekak (singkat), mangsa dumadi sajroning wektu kang luwih dawa tinimbang cuaca
mangsa dumadi sajrone wektu paling cekak (singkat), cuaca dumadi sajroning ektu kang luwih dawa tinimbang cuaca
Observasi sing ditindakake kanthi nggunakake medhia diarani observasi . . . .
langsung
individual
klompok
ora langsung
Observasi individual ditindhakake kanthi . . . .
dikancani wong tuwo
pasangan
kelompok
dhewe
Struktur teks palapuran asil observasi dumadi 3 (telung) perangan, yaiku . . . .
Deskripsi Umum, Deskripsi Manfaat, Paraga
Deskripsi Umum, Sudut Pandang, Deskripsi Bagian
Deskripsi Manfaat, Sudut Pandang, Deskripsi Umum
Deskripsi Umum, Deskripsi Bagian, Deskripsi Manfaat
Perangan teks kang isine ngandharake pangerten sawijine objek kang diamati/diteliti yaiku . . . .
Struktur Teks
Deskripsi Umum
Deskripsi Bagian
Deskripsi Manfaat
Adhedhasar cacahe peserta, kagiyatan observasi diperang dadi 2 (loro), yaiku . . . .
observasi individual lan klompok
observasi individual lan langsung
observasi langsung lan ora langsung
observasi klompok lan ora langsung
Paneliti menyang lapangan kanggo ndelok kahanan sanyatane iki diarani . . . .
observasi langsung
observasi klompok
observasi individual
observasi ora langsung
Becike asil pelapuran diwacakake ing ngarepe wong liya kanthi maca . . . .
alon
batin
endah
nyaring
Sakdurunge nggawe pelapuran asil observasi, sing perlu didhapuk luwih dhisik, yaiku . . . .
cengkorongan (kerangka)
pangerten
observasi
mupangat
Tujuane maca nyaring, yaiku . . . .
bisa maca kang endah
bisa meruhi kekurangane
kanggo mangerteni isine sing diwaca
supaya bisa dirungokake lan dimangerteni wong liyo
Carame maca geguritan sing kudu dipahami, yaiku . . . .
mengerteni isine
kudu maca endah
maca batin lan nyaring
mung angger bisa maca
Puisi Jawa gagrak anyar kang ora kaiket dening paugeran tartamtu kasebut . . . .
pantun
pucung
dongeng
geguritan
Kahanan basane geguritan iku . . . .
dawa-dawa
pedhot-pedhot
padhet/mentes
cendhak banget
Kagiyatan maca iku kaperang dadi loro,yaiku . . . .
batin lan nyaring
banter lan nyaring
batin lan alon-alon
banter lan alon-alon
Gatra yaiku . . . .
bait
baris
swara
wilangan
Sing diarani padha, yaiku . . . .
bait
baris
swara
wilangan
Tembung ing ngisor iki kang diwaca kanthi swara i miring, yaiku . . . .
lali
dina
saiki
garing
Tembung ing ngisor iki diwaca kanthi swara u miring, yaiku . . . .
pitu
weruh
krungu
kudune
Tembung ing ngisor iki diwaca kanthi swara o jejeg, yaiku . . . .
dongeng
mengko
ndelok
takon
Tembung ing ngisor iki kang diwaca kanthi swara e pepet, yaiku . . . .
lemu
kowe
dhewe
bebek
