wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH 1 B.Jawa Kelas 6 Smt 2

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Teks 1

Bapak pucung endi lor endi kidul

Laku tapa brata

Mung kepingin bisa milih

Dadi kupu si pucung wedaring tapa

Tembang pucung ing dhuwur bedhekane/batangan e.....

a)

laron

b)

kupu-kupu

c)

dok-dok erok

d)

tawon

2.

Bapak pucung buntut dawa sirah gembung

Mbanterake swara

Lamun urip nganggo listrik

Munggah panggung saben ana adicara

Tembang pucung ing dhuwur batangane/ bedhekane....

a)

salon

b)

tepe

c)

mic

d)

kabel

3.

Unen-unen utawa ukara kang iso bedhekan kudu dibatang utawa dibedhek di arani...

a)

paribasan

b)

parikan

c)

cangkriman

d)

wangsalan

4.

Jenise cangkriman sinebut ing ngisor iki kajaba....

a)

cangkriman wancahan

b)

cangkriman pepindhan

c)

cangkriman plesetan

d)

cangkriman paribasan

5.

iri-cirine cangkriman sinebut ing ngisor iki kajaba ...

a)

tembung cerkak

b)

unen kudu dibatang

c)

cangkriman digunakake gegojekan

d)

cangkriman kanggo panyandra

6.

Gatekna cakepan tembang ing ngisor iki !

Bapak pucung, renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Sing disaba, si pucung mung turut kutha

Cangkriman kuwi batanagne

a)

sepur

b)

gajah

c)

rek (korek api)

d)

wudun

7.

Tembang ing soal no.6 kuwi tembang ....

a)

pucung

b)

pangkur

c)

gambuh

d)

maskumambang

8.

Sego sakepel dirubung tinggi. Mangkono kuwi kalebu cangkriman .....

a)

wancahan

b)

plesetan

c)

pepindahn

d)

wangsalan

9.

Pak bomba pak lawa pak penyut = tepak kebo amba tepal ula dawa tepak cempe ciyut. Mangkono kalebu cangkriman ....

a)

wancahan

b)

blenderan

c)

pepindhan

d)

wangsalan

10.

Jaman saiki diarani era globalisasi. Era globalisasi teges e ....

a)

jaman proses mendunia

b)

alame wong sadonya

c)

jagad luwih saya maju

d)

jaman bakal maju

11.

Wayang iku ora mung dadi tontonan naging uga isi tuntunan, tegese ....

a)

wayang mung dadi hiburan ora isi piwulang

b)

wayang ora dadi hiburan mung isi piwulang

c)

wayang ira dadi hiburan lan ora isi piwulang

d)

wayang dadi tontonan (hiburan) uga dai piwulang

12.

Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti.

Balung klapa tegese....

a)

bathok

b)

sepet

c)

glugu

d)

cemplung

13.

Soal no.12 iki kalebu .....

a)

cangkriman

b)

bebasan

c)

paribasan

d)

wangsalan

14.

Ceblok mengisor, sing digoleki mendhuwur, batangane ....

a)

andha

b)

prau bocor

c)

gendheng bocor

d)

benik

15.

Batangane "onthong gedhang". Cangkrimane, pak demang klambi abang .....

a)

disunduk manthuk-manthuk

b)

disawang malah ilang

c)

rupamu kaya kranjang

d)

penggawean saba blumbang

16.

Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung

Tangan papanira

Nuduhake rina wengi

Lamun mati bingung wektu sang bendara

Bedhekane yaiku ....

a)

tasbih

b)

ali-ali

c)

gelang jam

d)

binggel

17.

Pitik walik saba meja, batangane ....

a)

sapu

b)

sulak

c)

nanas

d)

semangka

18.

Kebo picak kalebu ....

a)

cangkriman awujud pepindhan

b)

cangkriman awujud blenderan

c)

cangkriman sinawung ing tembang

d)

cangkriman awujud wancahan

19.

Diketok malah dhuwur kalebu .....

a)

cangkriman awujud pepindhan

b)

cangkriman awujud blenderan

c)

cangkriman sinawung ing tembang

d)

cangkriman awujud wancahan

20.

Sing klebu cangkriman plesetan, yaiku ....

a)

bocor malah enak

b)

adoh-adoh diparani, bareng wis tekan dilewati

c)

segera bledhes

d)

sega sakepel dirung tinggi