wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN 1 BAB GEGURITAN SMP KELAS 9

Total questions: 20

Worksheet time: 33mins

Name
Class
Date
1.

Ingkang kalebu struktur batin geguritan yaiku ....

a)

tema lan amanat

b)

purwakanthi lan wirasa

c)

diksi lan panyitra

d)

diksi lan lelewaning basa

2.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama Jakarta kuwi lor kali

Wis wingi-wingi dak parani

Ing geguritan ana nginggil, panggurit dadi ....

a)

Ibu

b)

Anak

c)

Bapak

d)

Kakang

3.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hJakarta kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani

Isi saka geguritan dhuwur yaiku ....

a)

wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak

b)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing Jakarta

c)

bapak kang goleki ibu tekan Jakarta amarga anake lara

d)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

4.

Geguritan minangka salah siji wujude karangan/anggitan sing ora migatekake pathokan ....

a)

Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu

b)

Basa rinengga, mentes lan mantes

c)

Basane endah, mentes lan mantes

d)

Purwakanthi, pepindhan lan paribasan

5.

Jingglengana geguritan ing ngisor!

Medhitasi Mangsa

Sumono Sandy Asmoro

....

Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake

Samubarang kang ana ing sadhuwure

Kabeh winih dithukulake

Ora metung papak lancipe

Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ....

a)

Kudu milah lan milih

b)

Kang ngina mring sasama

c)

Kudu bisa mbeda-mbedakake

d)

Ora mbeda-mbedakake

6.

Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin

Dening Siti Purwati, S.Pd.

....

Nanging, jajalen ..... titenana

Yen panjenengan klakon lungguh kursi

Aja maneh kok takon lan nyalami aku

Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!

Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan

Tembung “lungguh kursi” ing pethikan geguritan iku ateges ....

a)

Dadi pemimpin

b)

Katurutan pangarepe

c)

Dipasrahi tanggung jawab

d)

Urip kepenak

7.

Yen ta iso, aku pengin sampurna

Sakora-orane kaya pari ing sawah

Migunani tumrap bebrayan

Nanging tetep ndingkluk andhap asor

Yen ta isa, aku kepingin dadi kelapa

Migunani wiwit oyot nganti janure

Utawa dadi wit ringin

Kuwat ngayomi sapada-pada

Yen ora aku pengin dadi lilin

Menehi pepadhang kanggo liyan

Ning nyatane aku amung manungsa sawantah

Ora rosa nadhan sesangan

Amung bisa netesake luh ing batin

Nalika gawe gela liyan

Tulung, aku aja dipeksa mbangun turut wae

Aku ngerti,

Aku amung ora pengin ana sing lara ati maneh

Aku lan sapa wae sing iso ngayomi

Aku

Aku mung pengin urip mulya kegaro angen-angenku

(Penyebar semangat, No 18-30 April 2016)

Angen-angen iku ngemu teges ....

a)

Gegayuhan sing wus klakon

b)

Kanyatan sing mokal kelakon

c)

Gegayuhan sing durung klakon

d)

Kanyatan sing wis dilakoni

8.

Coba gatekno andharan ngisor iki !

1. Tanpa kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra

2. Kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra

3. Carike bebas, bisa wujud pada, bisa uga wujud carita

4. Iki miturut jenise tembang

Sing kalebu struktur wacana geguritan ....

a)

1,2,3,4

b)

2,3,4

c)

1,2,3

d)

1,3

9.

 

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku

Geguritan ing ndhuwur nduweni irah-irahan....

a)

Sekolahku

b)

Guruku

c)

Gegayuhanku

d)

Nyuwun pangestu

10.

 

Kang kalebu cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba....

a)

diwaca alon kanthi iramane trep

b)

macane kanthi diksi kang cetha

c)

dhuwur cendheke swara manut ukara

d)

maca karo kesusuh

11.

Nalika nulis geguritan, kang pertama kudu ditemtokake yaiku. . . .

a)

Tema

b)

Alur

c)

Setting

d)

Amanat

12.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)

Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane

Geguritan ing dhuwur anggitane ....

a)

R. Tantiningsih

b)

R.A. ningsih

c)

R. Tanti

d)

R.A. Kartini

13.

Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku ....

a)

Ngatur mlebu metune napas

b)

Kudu ngepasake marang isine geguritan

c)

Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen

d)

Nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng

14.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

c)

Katon lemes supaya wong padha bosen

d)

Katon sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

15.

gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ning ati/ kricik-kricik kata tatanan tembang kang enda//

kutipan geguritan dhuwur nggunakake panyitra....

a)

pandeleng

b)

pangrungu

c)

pangarasa

d)

pangganda

16.

Geguritan yaiku karya sastra Jawa gagrag anyar kang....

a)

kaiket dening paugeran tartamtu

b)

duwe guru gatra lan guru wilangan

c)

bahasane angel dingerteni

d)

ora kaiket dening paugeran tartamtu

17.

Salah sijine jenis karangan sastra Jawa sing dikarang kanthi nengenake rasa kaendahan diarani....

a)

pantun

b)

geguritan

c)

kakawin

d)

cerkak

18.

Geguritan, yaiku:....

a)

Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket

dening paugeran (aturan) sing gumathok.

b)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening

paugeran (aturan) sing gumathok

c)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket

dening paugeran (aturan) sing gumathok.

d)

Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening

paugeran (aturan) sing gumathok.

19.

Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi ....

a)

alus lan nrenyuhake

b)

kasar lan mangkelake

c)

endah lan aji

d)

nyenengake

20.

Ing ngisor iki sing ora kalebu bab sing kudu digatekake sadurunge nemokake isi geguritan yaiku ....

a)

negesi tembung kang angel

b)

ngrasakake kekarepane geguritan lan njlimeti asmane panggurit

c)

nggathukake maknane ing saben pada

d)

nyimpulake maknane geguritan kanthi wutuh