wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

tembang macapat kelas 8

Total questions: 46

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki kang dudu kalebu paugeran tembang macapat, yaiku ...

a)

Guru sastra

b)

Guru lagu

c)

Guru gatra

d)

Guru wilangan

2.
gambar iki jelaske tembang macapat?
a)
Mijil 
b)
Kinanthi
c)
Sinom
d)
Asmaradana
3.

Sinom identik karo umur.....

a)

1-5 taun

b)

17-25 taun

c)

50-60 taun

4.

gambar iki nunjuake tembang macapat.....

a)

Mijil

b)

Asmarandana

c)

Megatruh

5.

fase pungkasane (akhir) urip ditunjuake marang tembang macapat......

a)

Pangkur

b)

Megatruh

c)

Pocung

6.

Sampean saiki ning fase tembang macapat.....

a)

Durma

b)

Mijil

c)

Sinom

d)

Pocung

7.

Guru gatra yaiku......

a)

cacahing ukara (kalimat) saben bait

b)

cacahing suku kata saben kalimat

c)

suara pungkasan (akhir) utawa huruf vocal pungkasan saben ukara (kalimat)

8.

Guru lagu yaiku....

a)

cacahing ukara (kalimat) saben bait

b)

cacahing suku kata saben kalimat

c)

suara pungkasan (akhir) utawa huruf vocal pungkasan saben ukara (kalimat)

9.

Guru Wilangan yaiku....

a)

cacahing ukara (kalimat) saben bait

b)

cacahing suku kata saben kalimat

c)

suara pungkasan (akhir) utawa huruf vocal pungkasan saben ukara (kalimat)

10.

Tembang macapat yaiku tembang sing ora keiket (terikat) aturan bener / salah?

a)

Bener

b)

Salah

11.

ana pira (berapa) guru gatra tembang macapat iki

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

12.

ana pira guru wilangan ning gatra 1

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

13.

Mijil ing dunya siniwi ratri

a)

10i

b)

11i

c)

12u

d)

9i

14.

Lelaku alon siniji-siji

a)

10i

b)

10u

c)

10o

d)

11i

15.

Sing kalebu tembang Macapat yaiku, kajaba . . .

a)

Jaran Goyang

b)

Maskumambang

c)

Mijil

d)

Sinom

16.

Tembang Asmarandana nggambarake . . .

a)

wong sing lagi gandrung, seneng utawa tresna (asmara)

b)

rasa seneng, katresnan, lan kewicaksanaan

c)

kahanane (situasi) manungsa nalika isih enom

d)

nalika manungsa isih ana ing alam ruh lan during lair

17.

Tembang Sinom ateges....

a)

kahanane (situasi) manungsa nalika isih enom

b)

laire si jabang bayi

c)

nalika manungsa isih ana ing alam ruh lan during lair

d)

rasa seneng, katresnan, lan kewicaksanaan

18.

Jinise tembang macapat ana . . .

a)

sewelas

b)

pitu

c)

wolu

d)

sepuluh

19.

tembang macapat ingkang nduweni gatra cacahipun 10 yaiku...

a)

gambuh

b)

pocung

c)

maskumambang

d)

megatruh

e)

dhandhanggula

20.

ingkang mboten kalebet tembang macapat inggih punika...

a)
b)
c)
d)
e)
21.

tembang durma saking tembung derma ingkang tegesipun...

a)

seneng tinulung

b)

seneng aweh-aweh

c)

seneng nyilakani

d)

seneng turu

e)

seneng bareng-bareng

22.

Nalika nembang macapat, ing sajroning tembang ana sawijining wilangan kang minangka lelirune utawi gegatine wilahan gamelan kang diarani ….

a)

Titi Laras

b)

Pedhotan

c)

Cakepan

d)

Cengkok

23.

Yen dijingglengi tembang Pangkur iku nduweni watak …

a)

Luwes lan gawe seneng

b)

Grapyak lan sumadulur

c)

Madhep manteb, nesu/sereng

d)

Tresna asih, kaluwarga

24.

Cacahe tembang macapat ana .....

a)

2

b)

3

c)

7

d)

11

25.

Titikane guru wilangan lan guru lagu tembang macapat pangkur yaiku ....

a)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

b)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i


26.

Sekar Pangkur wonten ......gatra

a)

10

b)

9

c)

8

d)

7

27.

Kang diarani guru gatra yaiku......

a)

Cacahing wanda saben sagatra

b)

Cacahing gatra saben sapada

c)

Tibaning swara ing pungkasaning gatra

d)

Cacahing pada saben sapupuh.

28.

Guru Wilangan yaiku.....

a)

Cacahing gatra saben sapada

b)

cacahing wanda saben sagatra

c)

cacahing larik saben sagatra

d)

cacahing gatra saben sapupuh

29.

Guru Lagu yaiku.....

a)

cacahing wanda saben sagatra

b)

Tibaning swara ing gatra

c)

tibaning swara ing pungkasaning pada

d)

tibaning swara ing pungkasaning gatra

30.

Ala lan becik puniku prayoga kawruhana.

Tembung prayoga tegesipun....

a)

ala lan becik

b)

luwih becik

c)

tinimbang

d)

kasenengan

31.

Pangkur saka serat wulangreh. Serat Wulangreh anggitanipun....

a)

Pakubuwono III

b)

Pakubuwono IV

c)

Mangkubumi IV

d)

Mangkubumi I

32.

Denkasthi siyang ratri.

Menapa tegesipun denkasethi?

a)

digawa

b)

dieling-eling

c)

ditulis

d)

dikandhakake

33.

Sri Sususuhunan Pakubuwana IV iku saka kraton....

a)

Kasunanan Surakarta Hadiningrat

b)

Yogyakarta Hadiningrat

c)

Mangkunegaran Surakarta

d)

Kaultanan Pajang

34.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Deduga lawan prayoga. Tembung prayoga tegese yakuwe....

a)

apik

b)

awak

c)

para anak

d)

para yogа

35.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Myang watara reringa aywa lali. Tembung aywa lali tegese...

a)

aja klalen

b)

ayuh klalen

c)

padha klalen

d)

seneng klalen

36.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Tembung reringa tegese...

a)

ngajeni

b)

ngati-ati

c)

ngregani

d)

sembrana

37.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Tembang Pangkur kuwe guru gatrane ana ..

a)

2 gatra

b)

4 gatra

c)

6 gatra

d)

7 gatra

38.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Guru wilangane tembang Pangkur gatra kaping papat ana ...

a)

2 wanda

b)

4 wanda

c)

6 wanda

d)

7 wanda

39.

Deduga lawan prayoga,

myang watara reringa aywa lali,

iku parabot satuhu,

tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,

angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.


Manut tembang Pangkur anggone kita lungguh, ngadeg, mlaku, ngucap,meneng lan turu kuwi...

a)

klalen duga prayoga

b)

kudu klalen duga prayoga

c)

kudu nganggo duga prayoga

d)

ora prelu nganggo duga prayoga

40.

Tembang menika jenenge tembang menapa ...

a)

Maskumambang

b)

Megatruh

c)

Pangkur

d)

Durna

41.

Watak saking tembang nginggil menika yaiku ...

a)

Grapyak

b)

Sedhih

c)

Sereng

d)

Celelekan

42.

Guru wilangan lan guru lagu ing gatra 4 yaiku ...

a)

7a

b)

8i

c)

8a

d)

8n

43.

Tembung "sekar" menika tegesipun ...

a)

Kembang

b)

Tembung

c)

Tembang

d)

Wanita

44.

Tembung "ratri" tegesipun ...

a)

Awan

b)

Bengi

c)

Esuk

d)

Kakang

45.

Prayoga kawruhana. Tembung Prayoga duweni teges . . . .

a)

luwih becik

b)

luwih ala

c)

luwih pinter

d)

luwih bodho

46.

Filsafat lan ajaran ing sajroning tembang Pangkur kasebut adi luhung banget kanggone manungsa ing alam donya. Tegese tembung adi luhung yaiku . . . .

a)

hawa nepsu

b)

tindak-tanduke

c)

luhur/dhuwur

d)

biasa wae