WorksheetsPTS KELAS X MIPA dan IPS
Total questions: 20
Worksheet time: 40mins
Covid 19
dening Kingkin Winanti Nurdiana
Pungkasan rongewu sangalas
Ana ontran-ontran wujud tanpa maujud
Virus kondhang covid 19
Datan kasawang netra
Mungsuh gembunging manungsa
Nggrogoti jiwa angrusak raga
Tumusing lara anjalar pati
Corona medhot silaturahmi
Pagebluk kang nggegirisi
Pedhut gembuleng ngebaki pertiwi
Ora mentala sepining awan wengi
Mobat-mabit kebak pitakon
Kahanan tintrim aja lena
Ngugemi piweling "ing omah wae"
Corona ndang sirnaa!
Lunga nggeblas saka bumi
Gusti, kalisna saka memala corona
Geguritan ing inggil punika irah-irahanipun, inggih punika....
Corona
Covid 19
Pagebluk
Pungkasan rongewu sangalas
Corona ndang sirna
Piwulang ing geguritan "Covid 19", inggih punika....
Manungsa ngugemi piweling ing ngomah wae lan dedonga mugi corona enggal sirna
Corona virus kang nengesemake
Kahanan tintrim lan gawe ati nelangsa
Pagebluk nggrogoti jiwa angrusak raga
Ana ontran-ontran wujud tanpa maujud
Geguritan ingkang ngginakaken basa Jawa kina lan kaperang wonten ing pupuh-pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan dipunwastani punapa ?
Geguritan gagrag enggal
Geguritan gagrag lawas
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru basa/lumaksita
Gatosaken pethikan geguritan menika!
Sun gegurit,
Wateke wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakeh janji
Pethikan geguritan kasebut kalebet jenis geguritan punapa ?
Geguritan gagrag enggal
Geguritan gagrag lawas
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru basa/lumaksita
Supados pamaosipun geguritan menika saged endah saha ndudut ati, pramila kedah nggatosaken punapa ?
Wicara, wirama, wirasa, wiraga
Wirama. wiraga, wibawa, wicara
Wicara, wirasa, wibawa, wiguna
Wirama, wirasa, wiguna, busana
Wiraga, wibawa, wiguna, busana
Nyerat geguritan mbetahaken kaprigelan ingkang maneka warni. Ing ngandhap punika ingkang boten kalebet unsur-unsur ing salebeting geguritan inggih menika …..
wetah
pakulinan nyerat geguritan
nuwuhaken rasa tresna
piwulang
kaendahan
Nalika maos geguritan kedah nggatosaken cendhek-inggil, cepet-alon, lan sora-lembutipun swanten ingkang dipunwastani punapa ?
Wicara
wirama
Wirasa
Wiraga
Busana
Wondene nggatosaken ebahing awak saha pasuryan ingkang luwes, boten kaku, lan boten dipundamel-damel nalika maos geguritan dipunwastani punapa ?
Busana
Wicara
Wirama
Wirasa
Wiraga
Nalika maos geguritan ugi kedah nggatosaken wirasa. Wirasa tegesipun punapa ?
Cetha, bener lan pener anggenipun ngucapaken tetembungan
Ngrasakaken surasaning geguritan kadosta susah, seneng, greget, lsp
Obahing badan/salira, ekspresi, saha patrap nalika maos
Cendhek-inggil, cepet-alon, lan sora-lembutipun swanten
Banter-rindhiking swanten naika maos
Gatosaken pethikan geguritan menika!
Jare lemah wutah getih iki, swarga
Teklek, kayu, lan watu
Bisa dadi tetuwuhan
Tirta tumrap amerta
Samirana sumilir ing pinggir
Punapa tegesipun tembung “tirta” ing geguritan ing nginggil ?
banyu
mega
angin
langit
segara
Gatosaken pethikan geguritan menika!
Delengen, kadang
Dheweke kukuh nyangga butuh
Tangi jenggirat pendhak krungu adzan subuh
Gita-gita mangkat sangu sapada Gambuh
Mlipir-mlipir ngendhani lurung-lurung kisruh
Pethikan geguritan ing nginggil ngginakaken purwakanthi punapa ?
Purwakanthi guru busana
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi lumaksita
Purwakanthi guru basa
Purwakanthi guru swara
Sawijining kedadosan ingkang sampun nate dipunpirsani, dipunpanggihaken utawi dipunlampahi piyambak déning manungsa sinebut....
Jurnal
Artikel
Cerita Cekak
Pengalaman horor
Cariyos Pengalaman Pribadhi
Bab kapisan ingkang kedah dipungatosaken nalika badhe nyerat cariyos pengalaman inggih menika …..
nyerat cariyos pengalaman ingkang boten saged dipunsupekaken
milih tembung ingkang trep
mekaraken lan nyunting cariyos pengalaman
pangangen-angen salebeting penggalih
ngrumusaken underaning cariyos/tema
Gatosaken ukara menika !
Banjur Triyanto spontan matur, “Yo mooh aku, dipala mbak Yati”.
Lajeng Ibunipun gumujeng kaliyan ngendika “Ora dipala”.
Lajeng tiyang-tiyang ingkang mirengaken rembagan menika gemujeng sedaya.
Tegesipun tembung “gumujeng” ing ukara kasebut inggih menika …..
sedhih
ngguyu
mlaku
gujengan
nangis
Nalika nyerat satunggaling cariyos pengalaman, prayoginipun ngewrat 6 pitakenan ingkang asring dipunwastani 5W+1H, salah satunggalipun inggih menika “where”.
Punapa tegesipun where ?
Punapa pengalaman ingkang badhe kacariyosaken?
Wekdalipun rikala punapa kadadosan pengalaman kala wau?
Pundi papan panggenan kadadosan pengalaman kala wau?
Punapa sebab-sebabipun pengalaman wau kadadosan?
Sinten tiyang-tiyang utawi paraga-paraga sanes ingkang ndherek mlebet ing cariyos kala wau?
Gatosaken pethikan cariyos pengalaman menika !
Nalika kula kelas 3 SD, kula saha kanca-kanca kula nama Luki saha Yogi dolan wonten griyanipun Arif. Kula sakanca lajeng dolanan bendthik saha dhelikan. Sasampunipun bosen dolanan, lajeng kula sakanca pados cacing kangge mancing ulam wonten ing lepen.
Adhedhasar cariyos kasebut sinten tiyang utawi paraga sanes ingkang ndherek mlebet ing cariyos punika....
Luki
Luki saha Arif
Yogi saha Arif
Luki saha Yogi
Luki, Yogi, Arif
“Mangertos kadadosan punika adhi kula ngraosaken jijik lajeng muwun. Kula, bapak, saha ibu gumujeng boten mandheg-mandheg. Jebul watu wau watu jadi-jadian.”
Tembung muwun tegesipun … .
nangis
ngguyu
gumujeng
mlayu
njaluk
“Cariyos pengalaman kedah saged dados kaca benggala minangka pandoming tumindak”.
Andharan ing nginggil punika tegesipun....
Cariyos pengalaman menika saged kangge piwulang tumrap dhiri pribadhi saha tiyang sanes.
Cariyos pengalaman kedah dipuneling-eling.
Cariyos pengalaman saged kangge pasinaon tumrap tiyang sanes.
Cariyos pengalaman sami kaliyan pawarta.
Cariyos pengalaman namung kangge panglipur.
Nalika kula kaliyan rayi kula kenging sakit Demam Berdarah, kula nyumurupi kedadosan ingkang nganeh-anehi. Kula kaliyan rayi kula mondhok ing ruang ICU. Kula ngantuk sanget raosipun, ananging mboten saged tilem. Capet-capet kula ningali saking pojokan cendhela kamar wonten tiyang setri rikmanipun lurus panjang pasuryanipun pucet ngawe-awe kula kaliyan rayi. Lajeng rayi kula mungal “mbak, kae ana wong ngawe-awe, awake dhewe dikonmrana.” Kula lajeng wangsulan "aku ora kenal dhik trus simbak ngantuk banget.” Nalika kula tangi tilem kula ningali tiyang sepuh kula muwun amargi rayi kula kritis. Ananging amargi kersaning Gusti, rayi kula saged mantun. Sasampunipun rayi kula mantun lajeng cariyos menawi nalika dipunawe mbak ingkang ngagem sarwa pethak sarta pucet pasuryanipun. Rayi kula sempat dipungendhong tiyang setri punika. Ananging lajeng dipunwangsulaken dhateng ngamben griya sakit, nalika rayi kula muwun santer sanget amargi boten purun dipunajak tiyang punika. Tiyang punika manungsa punapa dhemit, taksih dados pitakenan dumugi sapunika. (Triwik Damarjati)
Cariyos pengalaman kanthi irah-irahan Diawawe Si Rai Pucet mujudaken cariyos pengalaman ingkang....
damel miris
damel ajrih
damel muwun
damel gemujeng
damel sungkawa
Capet-capet kula ningali saking pojokan cendhela kamar wonten tiyang setri rikmanipun lurus panjang pasuryanipun pucet ngawe-awe. Pasuryan tegesipun....
Ngawe-ngawe
Tiyang setri
Surya
Pucet
Rai
