WorksheetsLatihan Basa jawa (Sesorah)
Total questions: 30
Worksheet time: 23mins
Jlentrehake gagasan kanthi sarana lesan kang ditunjuke marang wong akeh diarani. . . .
Medhar sabdha
Drama
Maca geguritan
Tanggap warsa
Struktur sesorah kang momot intisarine wedharan sesorah yaiku . . . .
Salam pambuka
Purwaka basa
Wasana basa
Surasa basa
"Ibu Ratih Nawangsari, wali klas 6 ingkang kinurmatan. Kanca-kanca klas 6 ingkang tansah kula tresnani. Puji Syukur tansah konjuk ngarsanipun Gusti Kang Maha Kuwasa bilih dinten menika panjenengan lan kula saged kempal wonten ing ngriki kanthi kawilujeng nir ing sambekala."
Pethilan sesorah ing dhuwur, kalebu peranganing sesorah . . . .
Salam pambuka
Purwaka basa
Wasana basa
Pangajeng-ajeng lan pangajak
"Ibu Ratih Nawangsari, wali klas 6 ingkang kinurmatan. Kanca-kanca klas 6 ingkang tansah kula tresnani. Puji Syukur tansah konjuk ngarsanipun Gusti Kang Maha Kuwasa bilih dinten menika panjenengan lan kula saged kempal wonten ing ngriki kanthi kawilujeng nir ing sambekala."
Ing pethilan sesorah ing dhuwur, sing rawuh lan diwenehi pakurmatan yaiku . . . .
Klas 6
Wali murid klas 6
Panjenengan lan kula
Ibu Ratih Nawangsari lan kanca-kanca kls6
Sesorah ng dhuwur, migunaake basa . . . .
Ngoko
Ngoko alus
Krama
Krama alus
“Kanthi puja puji harja miwah kairing jatining pakurmatan, keparenga Yayasan Santi Mulya ugi ngaturaken sugeng rawuh katur panjenengan.”
Pratelaning dhuwur minangka perangan sesorah bagian . . . .
Isi
Purwaka
Salam Pambuka
Panutup
Ing ngisor iki kang ora kalebu metodhe sesorah yaiku . . . .
Maca
Apalan
Dadakan
Parafrase
Sakdurunge para siswa gawe lan nulis naskah sesorah, luwih ndisik gawe . . . .
Draf sesorah
Cengkorongan
Amanat
Irah-irahan
Metodhe sesorah sing ditindaake kanthi langsung tanpa gladhen utawa maca catetan diarani . . . .
Metodhe maca
Metodhe apalan
Metode pandom lajer
Metodhe impromptu
Tembung sesorah pada tegese karo tembung . . . .
Puisi
Deklamasi
Medhar sabda
novel
Nalika para siswa sesorah ing ngarep wong akeh, prayogane kanthi . . . .
Ngadeg jejeg lan kaku
Bisa karo turonan
Ngadeg jejeg polatan sumeh
Bisa sakepenake, saiklase
Maturnuwun dumatheng bapakibu guru ingkang sampun . . . kula sakanca, dangunipun nem warsa ing pawiyatan menika.
Nggulawenthah
Ngancani
Meneni biji
Narimo
Bab-bab kang perlu digateake nalika maca teks pidato ing ngisor iki, kejaba . . . .
Intonasi utawa ;agu pangucap kudu pas lan trep
Ekspresi polatan lan solah bawa sing jumbuh karo isine pidato
Swara kang kanthi lirih ora kudu jelas
Lafal utawa pangucape tembung kang cetha
Tegese tembung Gusti Ingkang akarya jagat yaiku . . . .
Gusti sing gawe bulan
Gusti sing gawe dunya saisine
Gusti sing gawe akhirat
Gusti sing gawe srengenge
Salam utawa panyapa kanggo para guru nalika pidhato lumrahe . . . .
Ingkang kula urmati
Ingkang kula tresnani
Ingkang kula percoyo
Ingkang kula pitados
Supaya bisa micara kanthi lancar sjroning sesorah kudu ngerteni . . . .
Pranata acara
Materi pidhato
Sing nonton
Sing nata swara
Sesorah atur pambagya patrape tangan yaiku . . . .
Sedhakep
Malangkerik
Mbanda tangan
Ngapurancang
Sesorah ing pahargyan perpisahan sing pokok diaturake yaiku . . . .
Pamitan
Hadiah
Tinggalan
Wejangan
Panyawange mripat nalika sesorah becike . . . .
Tumuju ing pamireng
Manduwur
Mangisor
Tumuju ana ing teks
Bab-bab ing ngisor iki sing ora perlu digateake nalika nindakake sesorah yaiku . . . .
Busanane para pamireng
Lafal
Intonasi
ekspresi
Isine wasana sesorah yaiku . . . .
(a)
Sesorah kanggo para Bapak lan Ibu guru nggunaake basa . . . .
(a)
Cendhek dhuwure irama nalika sesorh diarani . . . .
(a)
Sesorah iku nglantarake informasi kanthi . . . marang wong liya.
(a)
Pocapane tembung nalika pidhato diarani . . . .
(a)
Solah bawane nalika sesorah patrapane sing bener yaiku . . .
(a)
Isine purwaka ing sesorah yaiku . . . .
(a)
Sesorah kanggo saumuran nggunaake basa . . . .
(a)
Kerangka sesorah uga diarani . . . .
(a)
Kegiyatan sesorah iku minangka wujud keterampilan . . . .
(a)
