NEW
Font size
WorksheetsBAHASA JAWA_UAS_SPVHS_2021-2022
Total questions: 40
Worksheet time: 30mins
Akarana karenan mardi siwi Sinawung resmining kidung Sinuba sinukarta Mrih kretarta pakartining ilmu luhung Kang tumrap ing tanah Jawa Agama ageming aji.
Tembang pangkur ing ndhuwur kang guru wilangan lan guru lagune 8i dumunung ing gatra
Tembang pangkur ing ndhuwur kang guru wilangan lan guru lagune 8i dumunung ing gatra …
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Sekola urung tempat nu asri Tempat pikeun urung dialajar Nyiar elmu soson-soson Dibimbing bapa guru Tangtu ibu guru ge hadir Keur ngajar balerea Nu butuh ku elmu Pikeun kamajuan bangsa
Sakolah kudune diriksa tarapti Ku urangsarerea
Tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang ...
Wacanen petikan crito ing ngisor iki!
Banjur Pak lurah ngajak Meli metu neng ngarep omah, terus lungguh marang lincak Pak lurah banjur dangu:
“Sakjane mbokmu kuwi mikir opo to Mel, mbok blaka kandha apaanane yen aku bias aweh pambiyantu sokur bias dadi pangentheng-entheng. Banjur Melimatur, Simbok niku jibek penggalihipun amargi dereng saged bayar SPP 6 wulan. Saha dereng saged bayar arto damel ujian gangsal atos ewu rupiah. Ature Meli karo sesenggukan.
Wes Mel rasah dipiker, yen iku kang njalari mbokmu susah sesuk, sesuk tak cukupane luwih ndhisik. Sesuk mlebua tak gawani duite bayarna. Pak lurah lajeng mlebet ing senthongipun Bu Bejo, banjur ngendika marang Bu Bejo. Yu utangmu sek dek biyen ora usah kok saur. Aku lila lahir batin. Saiki digawe lega ben ayem lan cepet waras. Perlune yen wis waras, kala mangsa ana paraga wes Sampean sak omah bias ngrewangi bot repotku.
Saka pethikan crita ing dhuwur, kepiye watake Pak Lurah?
Nitik gambar ing dhuwur, perangan omah adat Jawa ing dhuwur diarani . . . .
A
B
C
D
E
Wacanen cerita wayang ing ngisor iki kanthi premathi!
“Bima Bungkus”
Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus. Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus. Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Pararaseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu (Prigel Basa Jawa).
Dasanamane Raden Bratasena ana ing cerita wayang kasebut, yaiku....
Gambar ing dhuwur minangka salah sawjining panganan tradhisional, saka daerah
Setitekna tembang pocung ing ngisor iki:
Bapak pocung
Amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sjroning ngaurip
Mijilbata, sipucung dadi dahana
Batangan tembang pocung ing dhuwur, yaiku ….
Gatekna teks ing ngisor iki :
Assalaamu’alaikum wr.wb
Kula Nuwun
Para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi.Nyuwun pangapunten dene kula paripeksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kula matur ing ngarsanipun Bapak Atmosentika sarimbit.
Pethilan sesorah atur pasrah ing ndhuwur kang diarani...
Salah sijine adat tata cara penganten yaiku siraman kang ditindakake sadurunge upacara midodareni. Upacara adat siraman nduweni ancas supaya calon penganten putri, sedina sakdurunge wis utusan paraga golek banyu sumber pitu. Sumber pitu mau bisa wujud sendhang utawa sumur, dadi dudu banyu kali sing ora suci amarga wis reget.
Miturut wacan ana ing dhuwur, upacara siraman nduweni ancas yaiku ...
Wangunan kang dimaksud ana ing wacan ing ngisor iki yaiku...
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki kanthi permati!
Wong seger badanipun
Otot daging kulit balung sungsum
Tumrah ing rah memarah Antenging ati
Antenging ati nunungku
Angruwat ruweding …..
Manut paugeran tembang gambuh, tembung kang trep kanggo jangkepi ceceg ing dhuwur yaiku….
Wacanen pethilan crita rakyat ing ngisor iki!
Gunung Tidar
Para jin dikongkon ngusungi lemah saka kayangan kanggo maku tanah Jawa. Kaping pisan dijajal dipaku sisih kulon, bareng dipaku sisih kulon nyatane malah njomplang ngulon. Bareng kulon njomplang banjur sisih wetan kang dipaku, jebul paku ing sisih wetane luwih gedhe ndadekake tanah Jawa njomplang ngetan. Wis dipaku wetan kulon tetep durung kasil, akhire njajal dipaku ing tengah nganggo paku kang cilik. Ngapa paku cilik kang digunanake? Amarga tengah-tengahe tanah Jawa kuwi mbangkek, yen pakune gedhe-gedhe wedi yen tanah Jawa malah dadi tugel. Bareng dipaku tengahe, tanah Jawa mau anteng, ora gonjang-ganjing apa maneh njomplang. Paku cilik kuwi mau awujud gunung, yaiku gunung Tidar. Manut critane, menawa gunung Tidar kang dadi pakune tanah Jawa mau ilang, ing tanah Jawa iki arep ana banjir gedhe.
Latar panggonan crita rakyat ing dhuwur yaiku ....
Iklan kang kaserat ing surat kabar duwur iku nerangake babagan……
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Mayarakat Provinsi Jawa Tengah nduweni werna-werna kesenian tradisiona lrakyat. Kesenian iku kang nduweni fungsi minangka kangggo sarana hiburan. Wujude kesenian tradisional kang ana ing Jawa Tengah yaiku ketoprak, tayub, srandul, soreng, tembang dolanan, jathilan, ndolalak, topengireng (dayakan), lan liya-liyane.
Ing dhuwur iku kesenian tradisional kang ana ing Kabupaten Magelang yaiku ….
Slamet : “Cempluk, gelem yak ono ngimbangi tresnaku.”
Cempluk :”Ora Met, kepiye wae kowe kuwi adhiku.”
Slamet :”Kepiye wae aku kudu bias sandhing karo mbakyu Cempluk kaya dene … lungguh jejer ge tamba kangen.”
Parikan kang trep kanggo nggenepi dialog ing dhuwur yaiku ….
A
B
C
D
E
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awaseling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supaya nir ing sansaya
Yeku pangreksaning urip
Saka serat wedhatama pupuh kinanthi kasebut wong urip iku kudu ... supaya adok saka sangsara.
Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Wengi iki
Wengi iki semilir maruta nrecep ing ati
Kekanca lintang kang ngiwi-iwi
Sajak banhget rasa ati iki nelangsa
Kelingan bebungah, susah iku wis lumrah
.........................................
Tembung ‘kelingan bebungah, susah iku wis lumrah’, kelebu ....
Kadangku….
Donya iki dudu duweku
Donya iki dudu duwekmu
Mula
Aja rebutan panguasa
Aja rebutan bebener
Kadangku….
Eling,
Aku lan kowe ora iso urip ijen
Aku lan kowe kudu urip bebarengan
Sayuk rukun
Gotong royong
Bahu binahu
Adohna rasa drengki srei
Jail methakil
Gedhekna rasa tepa selira
Urip bakal tentrem ayem
(R. Tantiningsih)
Isi geguritan ing nduwur yaiku….
A
B
C
D
E
