WorksheetsSOAL ASSESMEN T AKHIR BAHASA DAERAH KELAS 9 23-24
Total questions: 50
Worksheet time: 25mins
Nalika candikala katon ngawe-awe, swara jangkrik lan kodok remeng-remeng. Kalbu tansah lelana amarga wong kang ana jroning ati ilang ora ana kabare. Isane mung nyawang candra kang samar katutup mendhung. Ajisaka mung bisa gawe gurit kanggo ngilangake rasa lara amarga ditinggal wong sing ditresnani.
Saka cuplikan ing dhuwur, setting wektu kasebut...
Wayah sore
Wayah awan
Wayah bengi
Wayah esuk
(Ing teras omah Ajisaka lagi omong-omongan karo Satriya)
Satriya : “ Aji, ana apa ta kok sajake kaya wong bingung.lagi mikir apa?”
Ajisaka : “Ora apa-apa. Bengi iki rasane kok sepi banget. Embuh... ana apa, aku dewe yo ora eruh”.
Satriya : “Wealah..wealah..palimg ana sing kokpikir. Kowe lagi mikir sapa”.
Ajisaka :” Ora ana’. (karo kukur-kukur sirahe sing ora gatel)
Saka cuplikan dialog drama kasebut, karakter Ajisaka...
Gampang bingung
periang
nesuan
Nangisan
Ajisaka mung nyawang candra kang samar katutup mega. Tembung candra tegese ...
srengenge
bumi
lintang
rembulan
Struktur teks laporan kegiatan , yaiku...
Pambuka lan Isi
Pambuka, Penutup, Isi
pambuka, isi, penutup
Isi, Pambuka, Penutup
1. Teks Laporan Kegiatan
1. Latar Belakang Masalah
Kegiatan Persami salah sawijine kegiatan sekolah kang bisa nglatih para siswa mandiri, lan uga bisa ngraketake antarane para siswa. Persami uga bisa nepungake antarane para siswa karo kahanan alam sekitar.
2. Ancas (tujuan) Kegiatan
a. Nglatih para siswa mandiri
b. Ngraketake tali silaturahmi antarane para siswa
Ing Teks Laporan Kegiatan, latar belakang masalah lan ancase kegiatan kalebu struktur...
isi
pambuka
penutup
simpulan
Kala wingi kula mbayar rekening listrik, sedaya setunggal atus tingang dasa ewu rupiyah. Ukara kasebut manawa disalin dadi basa ngoko yaiku...
Wingi aku mbayar rekening listrik, kabeh Rp. 120.000
Wingi aku mbayar rekening listrik, kabeh Rp. 140.000
wingi aku mbayar rekening listrik, kabeh 130.000
Wingi aku mbayar rekening listrik, kabeh Rp. 150.000
Sadurunge, pikiren ala becike, kabeh-kabeh kowe sing bakal nglakoni. Dadi putusane ..... ing tanganmu
jumangka
gumandhul
sumandhing
gumantung
Adhiku kalebu bocah .... Tiba saka ngamben ora nangis nanging mung pringas pringis wae.
mlampah
mendel
kendel
sabar
Mangkata yen ora nggawa buku ya ora bisa sinau.
panambang a ing tembung mangkata ukara nginggil tegesipun :
Upama
sanajan
mokal
pangarep-arep
Dahana, agni, latu, mawa, punika dasanama saking tembung :
Geni
Banyu
Srengenge
Gunung
......., kadingaren kowe dolan mrene.
Supados dados wangsalan, ceceg ceceg punika isinipun :
njanur gunung
nempe legi
ngrokok cendhak
mutra bebek
Aja gumedhe lan gumagus, titah sapapedhane iku sing mulya ya mung sing taqwa.
Tembung gumagus asalipun saking tembung :
agus
gagus
bagus
magus
Mingkar mingkuring angkara
ing ukara menika wonten purwakanthinipun, inggih menika purwakanthi ....
guru swara
guru sastra
guru lagu
lumaksita
Dadi wong becike aja seneng Nggunggung dhiri, aja seneng nacat lan aja seneng memahoni wong liya.
Nggunggung dhiri tegese
ngrasa bodho dewe
ngroso sing bener lan pinter dewe
ngrasa wong liya pinter
ngrasa wong liya sing bener dhewe
Saben dina omahe dipel kareben katon resik
Ukara ing nginggil nggadhahi sesambungan surasa :
umum khusus
akibat sebab
sebab akibat
sarana tujuan
Guru wilangan inggih menika ....
cacahing wilangan larik / gatra saben pada
cacahing wilangan wanda saben gatra
tibané swaraing pungkasaning saben gatra
cacahing pada saben tembang
Paugerane tembang macapat, kejaba ....
Guru Wilangan
Guru Swara
Guru Gatra
Guru Basa
"Nora kena lamun den antepi," guru wilangan lan guru lagune yakuwe ....
10e
11i
10i
11e
Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...
Dhefinisi Umum
Identifikasi
Dheskripsi Bagean
Dheskripsi Manfaat
Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......
Basa kang kulina digunakake ing karya sastra
Basa Rinengga
Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni
Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna
Ukara miturut kalungguhane tembung-tembunge, perangan kang mratelakake tindakan utawa kaanane jejer diarani : ...
Jejer
Wasesa
Lesan
Katrangan
Ing ngisor iki tuladhane ukara tanggap
Kancaku maca buku nganggo kacamata.
Bukuku disilih Darwanto wis telung dina.
Bocah kae nyekel kucing dhewe ora ana kancane.
Ibu masak sayur lodheh senenganku.
Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan, diarani : ...
Ukara Sambawa
Ukara Panguwuh
Ukara Pitakon
Ukara Andharan
Aksara kang digawe kanggo
njangkepi cacahe aksara kang gunane kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, diarani : ...
Aksara Rekan
Aksara Swara
Aksara Murda
Aksara Legena
Wulan April
Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...
Yen ditulis nganggo aksara latin : ...
Abbas lagi panas.
Arman lagi mangan.
Akbar lagi mangan.
Sabar lagi panas
Eksposisi, konflik, klimaks, anti klimak, resolusi. Iku kalebu urutaning : ....
Tema
Alur
Latar
Amanat
Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....
Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.
Pesan moral kang kinandhut ing crita.
Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.
Tata urutan lumakune crita
Titikane wacan argumentasi kaya mangkene, kejaba...
jlentrehake panemu utawa gagasan supaya pamaca yakin
ora butuh fakta kanggo buktekake
goleki sumber idhe saka pengamatan, pengalaman, lan panalitian
panutup isine dudutan utawa simpulan
Paragrap kang ngandharake panemu utawa gagasan / idhe penulis kanthi dijangkepi karo bukti lan fakta iku diarani?
Teks deskripsi
Teks narasi
Teks persuasi
Teks argumentasi
Urutan struktur argumentasi kang bener yoiku?
simpulan - isi - wiwitan
wiwitan - isi - simpulan
isi - simpulan - wiwitan
wiwitan - simpulan - isi
Pilihen kang termasuk padhane wacan argumentasi lan eksposisi! (jawaban lebih dari satu)
jlentrehake panemu, gagasan, lan keyakinan penulis
butuhake fakta kang dijlentrehake lumantar angka, peta, grafik
jlentrehake sawijining barang kang duweni ancas bujuk
butuhake analisis kang sintesis ing sajroning panjlentrehane
Sebutno siji wae tuladha teks argumentasi kang ono ing LKS!
(a)
Pilihen kang termasuk padhane wacan argumentasi lan eksposisi! (jawaban lebih dari satu)
jlentrehake panemu, gagasan, lan keyakinan penulis
butuhake fakta kang dijlentrehake lumantar angka, peta, grafik
jlentrehake sawijining barang kang duweni ancas bujuk
butuhake analisis kang sintesis ing sajroning panjlentrehane
Tembung liya saka pidhato, yakuwi....
undangan
sesorah
kempalan
ukara
Pangucap salam sing sepisan minangka wiwitane (awal) pidhato kalebu perangan pidhato, yakuwi....
pambuka
salam pembuka
surasa basa
panutup
Tuladha surasa/isi pidhato, yakuwi....
Cekap semanten atur kula, menawi lepat kula nyuwun pangapunten
Mangga sami muji marang Gusti Sing Kuwasa, awit dinten niki kita taksih saged kempal wonten papan ngriki
Dhumateng Bapak lan Ibu Guru sing kula bekteni, lan kanca kanca sing tak tresnani
Kanca kabeh sing tak tresnani, dadi siswa kudu sregep sinau, manut marang guru, lan netepi aturan sekolah
Salam ing pungkasane (akhir) pidhato kasebut...
salam pembuka
salam panutup
surasa basa
purwaka
36. Bapak Ketua Komite dalah para pengurus ingkang kula mulyakaken.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinabekten,
Bapak /Ibu Guru dalah Bapak/ Ibu Tenaga Kependidikan ingkang kula urmati
Bapak /Ibu wali murid kelas IX dalah Tamu Undangan ingkang kula urmati sarta para kadang kelas IX punapa dene adhik-adhik kelas VII lan VIII ingkang kula tresnani.
Ukara ing dhuwur mau klebu perangan pambukaning sesorah kang diarani ….
atur pakurmatan
atur puji syukur
isi
panutup
Wong sing pidhato neng dhuwur, yakuwi....
wali murid
wakil sekolah
siswa kelas VI
kepala sekolah
Sesorah utawa pidato yaiku :
Kegiatan micara/ngomong ing ngarepe wong akeh kanggo ngandharake gagasan/ informasi.
hasiling karya sastra sing wujude kaya puisi modern ing bahasa Indonesia
tembang Jawa anggitane Paku Buwana IV sing diwulangake ing pawiyatan/sekolahan.
Hasil karya sastra Jawa ing jaman Jawa Kuna sing isih ana nganti wektu saiki.
Cekap semanten atur kula, kupat siniram santen menawi lepat kula nyuwun pangapunten.
Pethikan ukara ing dhuwur diucapake ana ing .....
purwaka
wasana
surasa
salam panutup
Puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, kebagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya.
Tembung “kebagaswarasan” ing ukara dhuwur tegese ….
kamulyan
kapinteran
kesehatan
kabegjan
Tembung purna tegese...
mulai
sinau
sekolah
rampung
Tembang Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwahing kang tata karma
Den kaesthi siyang ratri
Tembung sekar ing dhuwur nduweni teges ….
tembang
kembang
geguritan
macapat
Guru lagu lan wilangan gatra ketelu tembang pangkur yaiku ….
7u
8u
9u
10u
Guru gatra tembang pangkur yaiku ….
6
7
8
9
Tibaning dhong dhing utawa swara ing pukasaning larik ing tembang macapat diarani ….
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
geguritan
Den kaesthi siyang ratri nduweni teges ….
digawe awan bengi
diudi sapa wae
digawe sapa wae
diudi awan lan bengi
Gatekna crita ing ngisor iki !
Rawa Pening
Ing Redi Merbabu wonten pandhita gadhah anak dados sawer. Sawer kala wau saya suwe saya mundhak gedhe. Sang Pandhita kersa ngakoni putra, menawa sawer wau purun tapa nglekeri Redhi Merbabu. Anggenipun nglekeri kedah ngantos gathuk antawisipun endhas kaliyan buntutipun.
Nalika sawer tapa nglekeri Redi Merbabu wau. Sareng pethitipun kacobi badhe kagathukaken kaliyan sirahipun, ananging tasih cupet. Sawer wau mbudidaya ilatipun lajeng dipuneletaken. Sang Pandhita sumerep, ilatipun wau lajeng dipun kethok Pandhita. Sawer wau boten pejah badanipun. Saya suwe saya boten katawis, saking kathahing rerungkudan.
Tiyang dhusun sami pados bebujengan wana. Ing dhusun mriku badhe wonten tatacara tradisi bersih dhusun. Sadinten wonten njero wana ananging dereng angsang bebujengan wana. Wonten tiyang lungguh kaliyan bacok bacok lelandesan ing rebatang. Kaget rebatang wau ngedalaken rah. Tiyang dushun gadhah panginten manawi ing kang medal rahipun punika uling ingkang ageng sanget. Uling wau dipunpurak ulamipun dipun bekta mantuk dhateng ing dhusun.
Ing dhusun kathah tiyang sami olah olah. Sukmanipun sawer wau lajeng mindha lare jaler. Lare jaler menika mara dhateng dhusun nyuwun ulam sekul, ananging boten dipun paringi. Wonten nini nini ingkang welas dhateng lare jaler wau. Lajeng lare wau dipunparingi ulam sekul. Lare wau ngaturaken metur nuwun lan atur pemut bilih mangkih badhe wontem bena ageng. Supados sedhiya lesung kangge prahu lan enthong kangge welahipun.
Lare wau nancebaken sada ing siti. Lare lare dhusun sami nyobi bedhol sada wau, ananging boten wonten ingkang kiyat. Tiyang – tiyang sepuh ugi nyobi mbedhol sada wau, ananging boten wonten ingkang saged. Lajeng lare jaler wau mbedol piyambak sadanipun. Sareng mbedol sadaipun wau, medhal toyanipun. Toyanipun saya suwe saya ageng, ndadosaken bena utawi banjir. Tiyang sadhusun akhire sami kerem keblabak banjir. Namung nini ingkang paring sekul ulam ingkang tasih wilujeng, amargi numpak lesung. Panggenan ingkang kabanjiran wau dados rawa. Sapunika naminipun Rawa Pening, dados tukipun lepen Tuntang
Ing redi Merbabu wonten pandhita gadhah anak dados sawer. Tembung pandhita tegese ….
murid
resi
juragan
penduduk
