wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN SOAL UM

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen kang pratitis teks ing ngisor iki!

Kinarsih minangka kembang desa ing desa Dadapan duweni praupan kang ayu pindha widadari angejawantah. Tindak tunduke uga katon njawani. Polatane ruruh jatmika saengga akeh wong lanang kang kesengsem.

Pethilan crita ing dhuwur nggambarake …

a)

latar

b)

alur

c)

tema

d)

paraga

2.

Gatekna jinising dongeng ing ngisor iki!

(1)     Dongeng Dewi Lanjar

(2)     Dongeng Nyai Roro Kidul

(3)     Dongeng Amir Hamzah

(4)     Dongeng Damar Wulan

Kang kelebu mite, ditujokake angka …

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (3)

c)

(3) lan (4)

d)

(1) lan (4)

3.

Gatekna pethilan pidhato ing ngisor iki!

Para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni. Para tamu kakung saha putri tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan, para kadang werdha ingkang kula tresnani.

Ukara ing dhuwur iku sawijining perangan pidhato, yaiku …

a)

salam pambuka

b)

pambuka

c)

isi pidhato

d)

panutup

4.

Gatekna struktur drama ing ngisor iki!

(1)     Latar

(2)     Tema

(3)     Paraga lan wewatek

(4)     Pacelathon

(5)     Amanat

(6)     Plot

Urutane struktur drama kang jangkep, yaiku …

a)

(1), (2), (3), (4), (5), lan (6)

b)

(1), (2), (5), (4), (3), lan (6)

c)

(2), (1), (3), (4), (6), lan (5)

d)

(6), (3), (4), (1), (2), lan (5)

5.

Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Heru : Aku wes marem bisa weruh lakone Dewi Shinta. Sakjane

           durung kateg Gus nontone wayang, nanging piye meneh

           iki wes bengi.

           Ayo bali Gus!

Pethilan crita ing dhuwur ngemot pesen …

a)

Heru ngajak nonton wayang lakon Dewi Shinta

b)

Bagus ngajak mulih

c)

Heru ngajak mulih

d)

Bagus ngajak nonton wayang lakon Dewi Shinta

6.

Waspadakna ukara ing ngisor iki!

(1)     Kupat janure tuwa, menawi lepat nyuwun pangapura.

(2)     Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta sedaya lepat kawula.

(3)     Tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta sedaya lepat kawula.

(4)     Kupat kecemplung santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.

Kang kalebu wangsalan kanggo nutup adicara, yaiku …

a)

(1) lan (2)

b)

(3) lan (4)

c)

(1) lan (4)

d)

(2) lan (3)

7.

Wacanen perangan ing ngisor iki!

(1)      Isi

(2)      Pangarep-arep

(3)      Pamuji

(4)      Pambuka

(5)      Penutup

Urut-urutane sesorah ingkang leres inggih menika …

a)

(2), (3), (5), (1), (4)

b)

(4), (3), (1), (2), (5)

c)

(4), (2), (1), (3), (5)

d)

(4), (1), (3), (2), (5)

8.

Gatekna pethilan crita ing ngisor iki!

Saben daerah nduweni tata cara utawa adat dhewe-dhewe. Senajan adat ing tlatah siji lan sijine beda, nanging sejatine duweni maksud kang padha yaiku ngaturake puju syukur lan nyuwun keslametan marang gusti kang Maha Agung. Cak-cakane tata cara mau manut kultur masyarakat lan pakulinan kang wis mbalung sungsum lan turun-temurun.

Paribasan kang trep kanggo nggambarake kahanan ing teks kasebut yaiku …

a)

becik ketitik ala ketara

b)

desa mawa cara Negara mawa tata

c)

durung becus keselak besus

d)

adigang, adigung, adiguna

9.

Gatekna pethilan crita ing ngisor iki!

Jam 23.00 wengi. Sepi nyenyet kiwa tengene. Ruang tamu sing prasaja. Meja kursi saprangkat. Buffet cilik kanggo nyimpen bala pecah. Kertas-kertas koreksian ulangan blasah ana sadhuwure meja tamu . . . . .

Pethilan crita ing dhuwur ngemot unsur intrinsik …

a)

tema

b)

alur

c)

setting/latar

d)

amanat

10.

Dongeng Kancil lan dongeng Mula Bukane Yuyu Dadi Pangane Lingsang klebu jinising crita …

a)

fabel

b)

legendha

c)

mite/mitos

d)

sage

11.

Ing ngisor iki sing ora kelebu latar yaiku …

a)

sajroning omah

b)

peteng ndhedhet

c)

bar ashar

d)

kabudayan

12.

Gatekna ukara iki!

Panjenengan rawuha wingi, aku nanggap wayang.

Ukara kuwi migunakake basa …

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

13.

Paraga kang awujud wayang iku dimainake dening sawijining pawongan kang diarani …

a)

nayaga

b)

waranggana

c)

sindhen

d)

dhalang

14.

Gatekna ukara iki!

Sepedhahe aja dikumbah dhisik, arep dakgawa lunga sedhela!

Ukara kuwi mujudake ukara …

a)

umpama

b)

pamenging

c)

pamrayoga

d)

prajanji

15.

Gatekna ukara iki!

Anjas ditampa ing SMA dene Anto munggah kelas 9 MTs.

Ukara kasebut mujudake ukara …

a)

camboran

b)

camboran sejajar

c)

lamba

d)

sambawa

16.

Kang klebu tuladha purwakanthi guru sastra, yaiku …

a)

Sluman, slumun, slamet

b)

Becik ketitik ala ketara

c)

Nandang lara, laraning wong lara lapa

d)

Sapa jujur bakal makmur

17.

Gatekna pethilan geguritan iki!

Pedhut

Peteng dhedhet lelimengan

Anyaput sandhuwure rumput

Kandel atumpuk suk-esukan

Nggameng kongsi angkasa muput

Surasane geguritan ing dhuwur yaiku …

a)

Swasana peteng merga pedhut

b)

Manungsa kang ora ngerti dalan

c)

Manungsa kang ora weruh dalan

d)

Manungsa kang uripe lagi rekasa

18.

Gatekna ukara iki!

Ana catur mungkur, ana bapang nyimpang.

Ukara kasebut klebu purwakanthi …

a)

guru swara

b)

guru sastra

c)

guru basa

d)

guru lumaksita

19.

Crita kang nyritakake Dewi Sinta, garwa Sri Rama kang kaculik dening Rahwana klebu crita …

a)

Mahabharata

b)

Ramayana

c)

Uttarakandha

d)

Mansalaparwa

20.

Gatekna bab-bab ing ngisor iki!

(1)     Maca nganti rampung

(2)     Nyatet bab kang wigati

(3)     Maca wajan sakabehe

(4)     Nulis ukara-ukara bakune

(5)     Ngronce ukara-ukara baku mau dadi paragrap.

Supaya bisa mengerteni surasane wacan kang diwaca, nalika maca kudu gatekake bab-bab kang ditujokake angka …

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (4)

c)

(3) lan (5)

d)

(4) lan (5)

21.

Micara ana ing sangarepe wong akeh utawa umum diarani …

a)

pirembugan

b)

pacelathon

c)

tetembungan

d)

pidhato

22.

Sumbering crita saka Ramayana lan Mahabharata kanthi basa Jawa kuna ana ing jama Raja …

a)

Amangkurat

b)

Raden Patah

c)

Kudungga

d)

Jayabaya

23.

Gatekna pacelathon iki!

Bu Lina    : “Pak, panjenengan sidane kondure nitih apa?”

Pak Nardi : “Aku mengko arep numpak bis.”

Bu Lina    : “Terus kondur apa arep tindak liya enggon, Pak?”

Pak Nardi : “Terus bali kok, Bu.”

Unggah-ungguh kang digunakake dening Bu Lina ing pacelathon kuwi yaiku …

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

24.

Aku … menyang … Pakdhe Agus.

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku …

a)

tindak, daleme

b)

sowan, daleme

c)

tindak, griyane

d)

sowan, griyane

25.

Sampeyan ajeng kesah dhateng pundi?

Ukara kasebut nggunakake basa …

a)

ngoko

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

26.

Paragrap dianggep nyawiji menawa kabeh ukara kompak padha nyengkuyung topik kasebut …

a)

kohesi

b)

koherensi

c)

deduktip

d)

induktip

27.

Tembung prapta + ing yen didadekne tembung Garba, yaiku …

a)

prapting

b)

prapteng

c)

praptaing

d)

praping

28.

Ing ngisor iki wayang kang duweni dasanama Guwarsi yaiku …

a)
b)
c)
d)
29.

Bayudara, Palgawaseta, Dayapati, Bayusiwi, Guruputra, Yudawisma, Resi Mayangkara, iku dasanama saking …

a)

Anoman

b)

Laksmana

c)

Sugriwa

d)

Ramawijaya

30.

Ing ngisor iki kang ora kelebu lakon ing crita wayang Ramayana yaiku …

a)

Anggada Balik

b)

Brubuh Alengka

c)

Adiparwa

d)

Resi Jatayu

31.

Kitab Ramayana kaperang dadi pitung kitab kang diarani …

a)

Saptakanda

b)

Balakanda

c)

Uttarakanda

d)

Sundarakanda

32.

Kang nduweni gaman Jemparing Naracabala ing crita wayang Ramayana yaiku …

a)

Indrajit

b)

Ramawijaya

c)

Laksmana

d)

Dasamuka

33.

Ukara “Sasmitaning ngaurip puniki” yen disalin aksara Jawa dadi …

a)
b)
c)
d)
34.

Yen ditulis latin dadine …

a)

Wani ngalah dawa walesan

b)

Wani ngalah luhur wekasane

c)

Wani ngalah dhuwur wekasane

d)

Wani ngalah dawa wekasane

35.

Aksara Jawa ing ngisor iki sing penulisane migunakake Aksara Swara yaiku …

a)
b)
c)
d)
36.

Aksara Jawa ing ngisor iki sing penulisane migunakake Aksara Rekan yaiku …

a)
b)
c)
d)
37.

Aksara Jawa ing ngisor iki sing penulisane migunakake Aksara Murda yaiku …

a)
b)
c)
d)
38.

Serat Wulangreh kedadeyan saka … pupuh.

a)

11

b)

12

c)

13

d)

14

39.

Gatekna tembang ing ngisor iki!

Poma-poma wekasingsun

Mring kang maca layang iki

Lair batin den estokna

Saunine layang iki

Lan den bekti mring wong tuwa

Ing lair praptaning batin

Saka tembang ing dhuwur, gatra kaping 3 duweni paugeran guru wilangan lan guru lagu …

a)

8a

b)

7a

c)

8i

d)

6a

40.

Tibaning swara saben pungkasaning gatra diarani …

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru basa

41.

Gatekna tembang ing ngisor iki!

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula-tula katali

Kadaluwarsa kapatuh

Kapatuh pan dadi awon

Guru lagu lan guru wilangane tembang Gambuh ing dhuwur, yaiku …

a)

7u, 8u, 7i, 10i, 7i

b)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

c)

7u, 7u, 10i, 8u, 8a

d)

7u, 8u, 9i, 8u, 8a

42.

Ukara “Cumantaka aniru Pujangga” guru lagu lan guru wilangane, yaiku …

a)

10i

b)

10a

c)

8e

d)

7u

43.

Gatekna tembang ing ngisor iki!

Panggawe becik puniku

Gampang yen wus denlakoni

Angel yen durung kalaksan

Aras-arasen nglakoni

Tur iku denlakonana

Mufangati badaneki

Tegese tembung kang garis ngisor yaiku …

a)

pantes

b)

dilakoni

c)

kaleksanan

d)

lakon

44.

Ing ngisor iki kelebu tembang macapat, kajaba …

a)

Pangkur

b)

Asmaradana

c)

Balabak

d)

Durma

45.

Wong nembang iku kudu nggatekake pawitan …

a)

titi swara

b)

titi laras

c)

titi mangsa

d)

titi tembung

46.

Gatekna pethikan pawarta iki!

Adicara punika mapan ing dhusun Rejodadi ananging ugi karegengaken ing tigang dhusun sanesipun, inggih punika dhusun Ongkobayan, Ngepreh, sarta Tegal.

Unsur pawarta kang katon ing ukara iki yaiku …

a)

apa

b)

sapa

c)

ngapa

d)

ana ngendi

47.

Miturut asal usule tembung, drama asale saka basa …

a)

Jawa

b)

Sansekerta

c)

Yunani

d)

Romawi

48.

Gatekna pethikan pawarta iki!

“… kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala.

Tembung “sambekala” tegese …

a)

rahayu

b)

alangan

c)

slamet

d)

raharja

49.

Unggah-ungguh basa kang digunakake dening pak guru nalika guneman karo siswane yaiku …

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

50.

Ukara ing ngisor iki kang diarani ngoko alus, yaiku …

a)

Ibu lagi wae dugi saka pasar.

b)

Simbah nembe gerah wajanipun ngantos muwun.

c)

Bapak ningali TV wonten kamar.

d)

Pak Lurah ora sida tindak amarga sukune gerah.